Kaca:Kembang Setaman.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
87

boetan. Nanging jatra samboetan poenika wonten anakanipoen; mangka anakanipoen asring boten mekakat kaṭahipoen. Sarèhning kepèpèd, inggih dipoen tempah, boten étang pawingkingipoen baḍé kerisakan. Preloenipoen namoeng njekap betahipoen ing sanalika poenika, kadosta dipoen anggé ngragadi sabinipoen.

Tijang ingkang njamboeti waoe wonten ingkang tegelan, wonten ingkang boten. Ingkan tegelan poenika, sampoen boten sanak tijang, sanakipoen namoeng jatra kémawon. Senadjan ingkang njamboet enggènipoen njaoer oetawi nganaki ngantos megap-megap, inggih boten dipoen predoeli, djandji tampi jatra kémawon. Tijang ingkang tegelan mekaten poenika inggih pantjèn adamel tiwasipoen sesami-saminipoen tijang; nanging tijang ingkang