Kaca:Kembang Setaman.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

33

sampoen let wetawis 10 dinten, enṭoeng waoe medal koepoenipoen alit, namanipoen pidjer. Pidjer poenika wonten ing salebeting wit pantoen boten seneng, djalaran roepek sanget. Mekaten malih sarèhning gaḍah

lar, dados kepéngin miber. Wiwitanipoen nggremet, medal saking ing bolongan waoe, ladjeng miber. Sapoenika ngertos poenapa dèrèng damelipoen bolongan? Ananging pantoenipoen, sarèhning dipoen teḍa ing kéwan waoe, dados kerisakan ngantos sami pedjah.

DEENIK lan VAN DIJCK, Kembang Setaman II. 3