Kaca:Kembang Setaman.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

26

Noenten ketingal kréta ageng goemebjar; koesiripoen ngedangkrang njepengi lis; penganggénipoen bregas sanget. Sardiman sangsaja sanget goemoenipoen; dèrèng naté soemerep tetingalan ingkang kados mekaten. Tjrijosipoen Djajoes, kréta poenika namanipoen Kjai Garoeḍa Jeksa. Déné ingkang nitihi Kangdjeng Sinoewoen; milanipoen songsongipoen mekrok.

Ing sakiwa tengening kréta titihan dalem, para prijantoen abdi dalem ingkang sami ngoeroeng-eroeng; ing wingkingipoen ladjeng prijantoen Soeranata; ing wingkingipoen malih, prijantoen Ngampil; déné ingkang dipoen ampil, waos.

Sawingkingipoen poenika ladjeng kréta titihanipoen para pangéran; kapalipoen kalih rakit ageng-ageng inggih saé-saé; dandosanipoen sarwi éndah. Krétanipoen inggih ageng-ageng, ngoengkoeli kréta ingkang limrah-limrah poenika.

Noenten wonten malih pradjoerit sabregada, dedamelipoen werni-werni, nanging boten wor-soeh; sagolongan mbekta djemparing kalijan genḍéwa sarta tamèng; sagolongan dedamelipoen sendjata; sagolongan towok; sagolongan malih waos. Tjrijosipoen Djajoes, poenika namanipoen pradjoerit Njoetra.

Ing wingkingipoen poenika wonten pradjoerit malih, taksih kalih bregada; ingkang sabregada nama pradjoerit Langenastra, setoenggalipoen nama Mantri-djero.

Boten antawis dangoe, tijang-tijang ingkang ningali ladjeng sami bibar; lampahipoen pating bloeloeng. Wonten ingkang ngoepadosi kantjanipoen, wonten ingkang ngoepadosi anakipoen; mergi-mergi dalah ingkang tengah barang kebak tijang. Kréta séwan ladjeng wiwit kénging mlampah malih wonten ing