manéh akèh sing didandani ora nganggo ngétoeng kèhing wragad lan kangèlané, Kedjaba iki, tjeḍak-tjeḍak kéné, isih ana tjanḍi tjilik-tjilik akèh. Nèk kowé doeroeng paḍa sajah, arep takdjak nonton mrana pisan. Sapa sing wis poprok?”
Botjah-botjah ngakoe jèn doeroeng sajah, sabab kepéngin ndeleng tjanḍi sing lija-lijané. Bandjoer diadjak ndeleng, ana tjanḍi pirang-pirang; wiwitané Tjanḍi Loemboeng, bandjoer Tjanḍi Boebrah, bandjoer Tjanḍi Sèwoe. Retja sing djaga ana ngarepan, gambar boeta nganggo njekeli gada geḍé nggegirisi; toedjoené ora oerip. Jèn oeripa, mesti medèni banget. Émané déné tjanḍi ikoe wis akèh banget sing roesak pating bléngkrah.
"Wis le, saikiné wis entèk sing apik-apik; ajo paḍa bali moelih. Saiki kowé paḍa weroeh, jèn wong Djawa dèk bijèn bisa gegawéan sing apik-apik lan nggoemoenaké; bisa gawé tjandi sing kaja mengkono roepané; wis oemoer loewih 1000 taoen, meksa isih gawé éramé wong sing ndeleng. Wong Djawa, wong sabrang, jèn ndeleng tjandi-tjandi, goemoené paḍa baé.”
Noeli paḍa mangkat bali; ana ing dalan ora pati tjikrak-tjikrak kaja ḍèk mangkaté, sabab rada sajah, sarta mikir-mikir bab tjandi sing mentas dideleng ikoe maoe, Éwa déné lakoené ija isih tata, ora ana sing nggrenḍèl. Tekané ing setatsijoen bareng.
Satekané ing omahé ḍéwé-ḍéwé, goeproek olèhé kanḍa marang bapa bijoengé lan sanak sedoeloeré, ngandakaké senengé olèhé dolan lan apa-apa sing
mentas dideleng.