Kaca:Kembang Setaman.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

24

tjantjang ing wantilan. Ingkang nama wantilan poenika: saka ageng gilig. Menawi gadjah kémawon, Sardiman sampoen naté soemerep, wonten ing kemiḍi kapal; ing Banjoemas inggih asring wonten. Ananging wonten ing gadjahan ngrikoe dipoen tedahi rékanipoen gadjah jèn neḍa klapa. Djajoes toembas klapa kalih ḍateng tijang ingkang ngleresi ḍasar wonten ingrikoe, dipoen soekakaken ḍateng sratinipoen, kapoerih makakaken gadjah setoenggal-setoenggal. Klapa ladjeng dipoen oentjalaken ḍoemawah ing ngadjenging gadjah; noenten dipoen tjandak nganggé tlalé, dipoen keproek ing mestèr. Sareng tojanipoen wonten ingkang mantjoer, ladjeng dipoen langga. Kok pinter! Sareng sampoen asat, ladjeng dipoen sèlèhaken ing mestèr, dipoen oelig-oelig nganggé soekoe; baṭokipoen kaṭah ingkang nglokop, noenten dipoen emplok. Wonten baṭok sekeḍik-sekeḍik ingkang taksih nèmplèk ing klapa, katoet ḍateng lebet tjangkem, dipoen lepèh, namoeng kantoen baṭok kémawon, klapanipoen sampoen dipoen teḍa. Sardiman enggènipoen ngingetaken ndjomblong. Saweg poenika soemerep gadjah neḍa klapa. Kok kados tijang neḍa beton kémawon.



7. Ḍateng Ngajogjakarta.

(Ing djaman roemijin.)

II.

Daloe boten ketjrijos; éndjingipoen poen Sardiman baḍé ningali teḍakipoen Kangdjeng Sinoewoen.

Sareng sampoen djam sekawan, ladjeng dipoen