Kaca:Kembang Setaman.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

17

Ingkang dipoen tanem terkaḍang gaga; nanging ingkang kerep-kerep lombok, térong lan sapenoenggilanipoen; nanging inggih boten kénging dipoen berakaken babar pisan. Menawi wonten reroengkoedanipoen kedah dipoen resiki; sabab menawi ṭoekoelan djatos waoe dipoen

roeboeng ing reroengkoedan, ladjeng kera, kaṭah ingkang pedjah.

Menawi wonten wit djatos ingkang baḍé dipoen tegor, dipoen pedjahi roemijin. Sabab menawi ladjeng dipoen tegor kémawon, kaṭah ingkang kadjengipoen sami soewèk oetawi petjah-petjah. Rékanipoen enggènipoen medjahi mekaten: Koelitipoen ing nganḍap dipoen klènṭèk moebeng; koewalipoen ingkang peṭak poenika dipoen oelapi nganggé wadoeng oetawi peṭèl ngantos doemoegi ing kadjengipoen ingkang abrit. Dados ojod, enggènipoen ater teḍa boten saged minggah; ingkang

DEENIK lan VAN DIJCK, Kembang Setaman II. 2