Kaca:Kembang Setaman.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
76

weradin; ladjeng dipoen sirami malih arambah-rambah. Weḍènipoen saged garing pijambak, awit saking bentèring soerja; boten nganggé dipoen latoni boten barang. Poenika weḍènipoen ladjeng keboentel ing Sarem sadaja; weḍi waoe ingkang inggil pijambak ladjeng dipoen klempakaken nganggé sorok, oenten dipoen waḍahi ing koekoesan. Déné koekoesanipoen dipoen djagragi kadjeng awon-awonan kémawon. Sanganḍapipoen koekoesan wonten djembanganipoen koṭong. Menawi koekoesan waoe sampoen kebak weḍi, ladjeng dipoen soki toja seganten. Sarem ingkang mblebed weḍi waoe ladjeng adjoer, katoet ing toja, rembes ḍoemawah ing djembangan. Enggènipoen ngesoki toja poenika rambah-rambah, ngantos saremipoen katoet sadaja, klebet ing djembangan. Toja ingkang nglempak wonten ing djembangan poenika dados kaṭah sanget saremipoen. Noenten dipoen bekta mantoek, dipoen goḍog wonten ing kwali ageng-ageng. Pawon setoenggal terkaḍang dipoen trapi kwali tiga oetawi sekawan. Panggoḍogipoen waoe ngantos asat; saremipoen kantoen wonten ing kwali, wernènipoen peṭak memplak kados genḍis pasir, namanipoen sarem tamper, Sarem ingkang mekaten poenika, menawi ing Ngajodja, roemijin inggih dipoen sadé ḍateng peken. Sapoenika tijang ing ngrikoe sampoen boten damel sarem malih.

 Ing tanah Malaka rékanipoen tijang damel sarem sanès malih, Tijang-tijang ing ngrikoe, ingkang damel sarem, sami menḍeti kadjeng ingkang wonten ing seganten. Kadjeng waoe menawi sampoen garing, ladjeng dipoen besmi; awoenipoen ladjeng dipoen groedjoeg toja nganggé dipoen saring; dados sarêmipoen ingkang wonten ing ngrikoe adjoer, katoet toja.