Kaca:Kembang Setaman.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

21

ḍisik broetoené pitik; noeli moenḍoet dagingé iwak lélé, noeli dagingé iwak wéndra sesisih; kraos énak banget, sabab panoedjoe loewé, mentas njamboet damel. Noeli moenḍoet priksa marang garwané: ,,Iki kok énak temen; djenengé diolah apa iki?" Garwané matoer: ,,Menika dipoen oerip-oerip!" Sang Panembahan ngandika manèh: ,,Keprijé? Dioerip-oerip?"

Saking sektiné sang Panembahan, pitik karo iwak

lélé lan iwak wéndra kena sabdané sang Panembahan, bandjoer oerip paḍa sanalika. Pitiké kekablak bandjoer ndjroenṭoel metoe. Iwak lélé, iwak wéndra pating klèpèk ana ing waḍah. Iwaké lélé bandjoer ndikakaké njemploengaké ana ing bloembang kalangenané. Iwaké wéndra ndikakaké njemploengaké menjang segara. Nganti sepréné ing bloembang ing pesaréan Pasar-Geḍé isih ana iwak lélé sing moeng eri ṭok-ṭok baé, ora ana dagingé, nglangi slira-sliri ana ing bloembang.