Kaca:Kembang Setaman.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

27

mergi ageng ngrikoe; sempritanipoen pating tjroewit, samboekipoen pating tjlethor.

Sardiman kalijan Djajoes ladjeng sami mantoek. Sardiman, saking enggènipoen ngangen-angen apiking tetingalan waoe, ngantos blangkemen. Doemoegi ing grija saweg saged gineman ingkang oeroet. Béndjingipoen Sardiman mantoek dhateng Banjoemas; wonten ingrikoe goeproek enggènipoen njarijosaken samoekawis ingkang dipoen tingali.


8. Pentjaring widji.

Ing kapoeloan Indonésijah kéné iki, kang sisih lor, akèh banget poeloné tjilik-tjilik, sing ora didoenoengi ing wong. Djalaran lemahé tjengkar banget. Jèn digawéa tetanèn, pametoené ora timbang kambi kangèlané. Èwa déné poelo-poelo ikoe ing pesisiré padha kethoekoelan ing wit krambil. Keprijé kok dadi mengkono? Mesthiné kowé doewé pengira, jèn wit krambil ikoe ditandoer ing wong. Ikoe ora mengkono. Sing nggawa widjiné mrono ikoe banjoe segara. Terangé mengkéné. Ing pesisiré tanah Djawa iki éwon kèhing wité krambil. Ing kono kerep baé ana krambil garing kang tiba ing lemah, ora bandjoer didjoepoek. Jèn segarané rob, akèh kang bandjoer katoet ing ombak menjang satengahing segara. Ana ing segara tansah koemambang, djalaran taboné ènthèng. Ija bener taboné ikoe bandjoer klebon banjoe, nanging banjoené ora bisa teroes tekan ing krambilé (dagingé). Djalaran kalang-alangan ing batok; dadi krambilé ora bisa bosok.