Menyang kontèn

Buku Meditasi

Saka Wikisumber
[ Title ]

BUKU

MEDITASI



kanggo

warga-warga
KONGGREGASI DALEM

DEWI MARIJAH



miturut tjritane Indjil kaja

kang wis kaemot ing buku

„Sri Jesus Sang Pamarta”



*
dening
Judocus
[ 3 ]
Bab Nglimbang-nglimbang

Manungsa sing kepéngin dadi ne iku ical sinau nglimbang-nglimbang.

Gusti Jesus pijambak paring tulada nglimbang-nglimbang : „Gusti minggah manèh menjang gunung pijambak, perlu sembahjang” (Mt. 14 : 23).

Dèwi Marijah uga paring tulada: „Déwi Marijah njatet kabeh mau (jaiku aturé para pangon), kalimbang- limbang sadjroning galih” (Lk. 2: 19).

Para Sutji uga pada sabe nglimbang, adjeg saben dina.

Mulané uga Konggregasi Déwi Marijah, kang tudjuné mbangun para warga supaja pada dadi sutji, iku pranatané n. 33 uniné mangkéné: „Kudu nglimbang-nglimbang (saben dina) kanti semédi apesé seprapat djam”.

Pantjén njata : wong iku jèn ora tau nganggokaké budiné pikirané kotong, ora ana isiné. Déné wong kang nglimbang-nglimbung iku pikirané mundak terang lan wasis, — bandjur wiwit mangerti bab kaluhuran lan kasaénan Dalem Gusti Allah, — wiwit mangerti bab tudjuning uripé manungsa, — suwé-suwé mangerti uga bab kaanané wong lija, dadiné gampang bisa ngapura luputing lijan, — suwé- suwé bandjur bisa tresna karo lijan.

Enggone nglimbang-nglimbang iku bab apa?

Sing kudu taklimbang-limbang disiké iku lelampahan Dalem Gusti Jesus.

[ 4 ]Jén aku nglimbang-nglimbang bab piwulang Dalem Gusti, pikiranku bakal wasis lan sutji.

Jén aku nglimbang-nglimbang bab tindak Dalam Gusti, kang lembah ing penggalih saha andap-asor, atiku suwé-suwé bakal kaèmperaké karo Tyas Dalem: bakal dadi andap-asor, mbangun miturut, murni, tresna marang pepada.

Mulané ajo pada njandak buku „Sri Jésus Sang Pamarta” Ian limbang-limbangen!

Buku „Sri Jesus Sang Pamarta” paring piwulang apik bah tjarané nglimbang-nglimbang, j.i. katja 7 - 12. Watjanen!

Buku iki (sing kokwatja saiki iki) kepéngin mènèhi pitulungan, awèh katerangan tjekak bab piwulang Dalem Gusti, supaja enggonmu nglimbang-nglimbang iku luwih gampang manèh. (Nanging ngertia nglimbang-nglimbang iku tansah rada angèl !)

Déné tjarané mangkéné:

1. Tjawisna disik, jaiku: lungguha ana ing grédja utawa ana ing panggonan kang sepi, lha saiki miliha apa sing arep koklimbang-limbang.

2. Sowana Gusti! tegesé ngertia jèn kowé ana ing ngarsa Dalem Gusti, Gusti Jesus mriksani kowé kanti rena, tjaosna sembah sudjudmu marang Gusti, matura marang Gusti nganggo tembung-tembungmu déwé, njuwuna pitulungan Dalem, supaja bisa nglimbang-nglimbang kanti betjik.

3. Watjanen nomeré ing buku,,Sri Jesus Sang Pamarta (alon-alon! prajoga diwatja ping pindo !), bandjur watjanen katerangané ing buku iki.

4. Nglimbang-nglimbang, j.i. apa sing wis kokwatja, gagas-gagasen déwé. [ 5 ]
 Ing sadjroné nggagas-nggagas kerep, matura marang Gusti, "dari hati kehati”, —

matura jen kowé wis pitaja temenanan ing Gusti;
matura nuwun;
njuwuna pitulungan Dalem;
matura jén kowé pantjén tresna marang Gusti.

  1. Duwéa. nijat betjik, upamané: arep niru tulada Dalem Gusti; utawa: uripmu bakal kokbeneraké manut piwulang Dalem.
  2. Njuwuna pitulungan Dalem Gusti supaja nijatmu bisa kaleksanan temenan,
  3. Minangka pungkasan: njuwuna pamit marang Gusti.


 Sepisan engkas, poma: watjanen purwakané buku "Sri Jesus Sang Pamarta”, katja. 7 — 12!.



N.B. Jen wis nganggo buku meditasi iku setaun suwéné, bandjur tjoba nganggo buku panglimbang-nglimbang lija, kang luwih angel nanging ija apik, j.i. "Sugeng Dalem Sri Jesus, Gesang kita". [ 7 ]
MANGSA ADVEN
29 NOPEMBER.

No. 2. Purwakané S. Lukas.

Watjanen kanti premati purwakane Djuru Indjil S. Lukas. S. Lukas wis niti priksa sakabehe bab Sugeng Dalem Sri Jesus wiwit mula bukane. Bisa dipitaja banget, amarga uga kerep njuwun priksa marang Ibu Dewi Marijah pribadi. Mulane Indjile S. Lukas nerangake akeh bab Sugeng Dalem Sri Jesus nalika isih Timur. Sing priksa iki kabeh mung Ibu Dewi Marijah. Iku kabeh diwulangake supaja aku uga bisa ngerti njataning piwulange.

30 NOPEMBER.

No. 2. Sang Sabda dados manungsa.

Jen aku kepengin ngerti Sri Jesus iku sapa, aku perlu banget matja wiwitane Indjil S. Johanes iki. Kang diterangake S. Johanes ana ing kene, mung ngenani Sri Jesus Pribadi. Rak djumeneng Allah Hjang Putra utawa Allah Sang Sabda, kang mijos saka ing Allah Hjang Rama. Barang kabeh kang dititahake, dumadine dening Hjang Putra. Allah Hjang Putra iki djumeneng Uripe samubarang.

Urip iki: Hjang Putra Pribadi djumeneng pepadanging manungsa, kang urip ing pepeteng, kang ora gelem nampa pepadang iki. S. Johanes Pambaptis diutus ing Allah, supaja mulang bab pepadanging Allah Hjang Putra marang manungsa kabeh.

S. Johanes Pambaptis mung seksi. Pepadang sedjati: Allah Hjang Putra, kang ngrawuhi kagungan Dalem bangsa manungsa, aku kang kerep ora nampani Pandjenengane. Gela Gusti! Aku keprije ? [ 8 ]
1 DESEMBER

No. 2. Sang Sabda dados manungsa.

 Wong2 kang nampa Allah Hjang Putra, bandjur dadi putraning Allah, jaiku jen ing Allah Hjang Putra. Apa aku ngandel?
 Sang Sabda Allah Hjang Putra malah karsa dadi manungsa. Iku kabar kang mbungahake banget: Allah Hjang Putra karsa ngempali aku kabeh.
 Uripe keprije, jen tanpa Sri Jesus, Allah Hjang Putra kang mandjalma dadi manungsa : tuhu Allah, tuhu manungsa? Apa aku ngandel tenan? Apa Gusti Jesus dak-tampa tenan? Apakabar kang mbungahake banget iki wis tau dakterusake kanti pengandel kang djero lan katresnan marang kantja2-ku kang durung ngerti?


2 DESEMBER

No. 3. Malaekat kautus medarake mijose S. Johanes.

 Wis meh tekan wektune : Allah Hjang Putra karsa mandjalma. Prajoga mikir2 bab pangandikane Malaekat marang Sakarijas : Eslisabet lan Sakarijas bakal apeputra kakung, j.i. Johanes Pambaptis. Mijose tjara mirunggan, nganti Sakarijas dewe ora karsa ngandel. S. Johanes Pambaptis bakal dadi Nabi pungkasan Nabi kang gede lan sutji dewe : penuh ing Hjang Roh Sutji. Kudu sutji banget wong kang wadjib tjetjawis rawuhe Sang Kristus. Aku uga wadjib tjetjawis rawuhe S. Kristus j.i. kanggo kantjaku kang durung ngerti ing Sang Kristus. Mulane kudu njuwun sutji, ngudi sutdji, tjedak karo Sri Jesus disik, lan penuh ing Hjang Roh Sutji uga. [ 9 ]
3 DESEMBER

No. 3 (teruse). Sakarijas ora ngandel.

 Sanadjan wigati banget kabare Malaekat bab rawuhe S. Penebus. lan S. Johanes Pamibaptis, ewasemono Sakarijas ora pretjaja. Mulane: bisu, ora bisa guneman maneh, supaja kanggo aku kabeh uga terang : wigati banget kabar iki, kabar kang mbungahake banget: Sri Jesus karsa rawuh, bakal didisiki S. Johanes Pambaptis.
 Apa aku ngandel? Apa aku bungah ? Apa aku wis tau matur nuwun ? Sri Jesus uga karsa rawuh, luwih2 rawuh ing atiku. Njuwun tambahing pengandel.


4 DESEMBER.

No. 4. Pandjalma Dalem.

 Watjanen No. 4 iki tekan tembung : Dewi Marijah ngandika marang Malaekat. Watjanen kanti ngrasakake tembunge sidji-sidjine alon<sup 2. Weruha Dewi Marijah kang dikatingali Malaekat Gabriel! Dewi Marijah: murni, sutji, djatmika, sembahjang. Weruha pakurmatane Malaekat Gabriel, Malaekat kang luhur banget, kang priksa: Dewi Marijah iki bakal dadi Ibune Allah Hjang Putra.
 Utjapna uga tembung2-e: Sembah bekti kawula....., sembahjangane wong Katulik, kang diutjapake disik dewe dening Maha Malaekat S. Gabriel.
 Kudu kapengin saja tresna karo Ibu Dewi Marijah, kang diluhurake dening utusan Dalem Hjang Rama. [ 10 ]
5 DESEMBER.

No. 4 (teruse). Ibu Dewi Marijah ngandika: sandika sadawuh Dalem.

Terang saka Indjil iki: Ibu Dewi Marijah wis priksa marang timbalan Dalem, j.i. ora karsa idjab, supaja bisa raket karo Gusti Allah, saja tresna karo Allah, saja ngabdi. Mulane, sawise Ibu Dewi Marijah midanget menawa bisa terus netepi prasetya Dalem, j.i. sugeng wadat, bandjur uga kersa djumeneng Ibune Putraning Allah. Iku dikarsakake Allah Pribadi, bandjur Ibu Dewi Marijah mung bisa matur: sandika.

Tembung iki ndemenakake banget kanggo wong Katulik kabeh, amarga aku kabeh uga kudu kerep wani matur karo Gusti, luwih jen Gusti mundut kurbanku: kawula abdining Pangeran, sandika sadawuh Dalem.

6 DESEMBER.

Tjetjawis rijaja 8 Desember.

Ajo pada tjetjawis rijajane Ibu Dewi Marijah pinurba mulus tanpa tjiri. Wigati banget kanggo warga Konggregasi kabeh.

Di-angen sedela bab dosa asal. Dosa asal iku kaanan ing sadjroning dosa, utawa kaananing sadjroning satron karo Gusti Allah, kang diwarisake menjang manungsa kabeh. Aku dek bijen uga kedunungan dosa asal, sadurunge dibaptis. Dosa asal ilang saka sukmaku, amarga Gusti Jesus nebus aku! Wong akeh isih kadunungan dosa asal. Ing sakiwa-tengenku! Kantjaku! Sadulurku! Aku wis ora!

Gusti mundut supaja aku mitulungi wong lija iki, supaja uga

bisa dibaptis! Wong lija iku isih kelangan Sih kasusantan! Mesakake banget! Apa aku merduli ? [ 11 ]
7 DESEMBER.

Tjetjawis rijaja 8 Desember.

 Ora ana wong kang luput saka dosa asal, kedjaba Sang dahat sinutji Kenja Dewi Marijah, amarga ditimbali dening Allah

Hjang Putra supaja djumeneng Ibu Dalem. Mulane Ibu Dewi Marijah tansah menggalih, kanti prihatos, manungsa kabeh kang isih kadunungan dosa asal, kelangan Sih kasusantan. Penggalih Dalem Ibu Dewi Marijah tansah tjotjog karo Gusti Allah Pribadi, kang kersa melasi manungsa sarana ngutus Sang Panebus lumantar Ibu Dewi Marijah. Di-angen2 sedela piwulangé S. Johanes Rasul: „Samono katresnan Dalem Gusti Allah marang donja, nganti kersa maringake Putra Dalem ontang-anting, supaja sing sapa ngandel ing Pandjenengane ora bakal tiwas, nanging bakal urip langgeng”. Aku ngandel iku? Uga kanggo kantjaku ? Sedulurku?


8 DESEMBER.

Rijaja Ibu Marijah pinurba mulus tanpa tjiri.

 Satus taun kepungkur dogma iki diwulangake Kangdjeng Paus Pius IX. Wong Katulik ing salumahing djagad bungah banget nalika semono, amarga putusan iku, kang ora bisa kleru, tjotjog banget karo pengandele dewe. Atas Asma Dalem Gusti Allah Pribadi Kangdjeng Paus mulang: wiwit Dewi Marijah pinurba, mulus, tanpa dosa asal.
 Ajo pada bungah2. Bungah banget! Enja Ibumu, pinurba tanpa dosa asal. Aku, wong dosa, butuh ibu kaja ngono. Ibu Dewi Marijah Ibuku. Matur nuwun, Ibu! Wiwit saiki bakal saja kentjeng nijatku nulad Ibu urip murni, urip penuh ing katresnan marang wong lija. [ 12 ]
9 DESEMBER.

No. 5. Ibu Dewi Marijah mertuwi ing daleme Elisabet.

 Ibu Dewi Marijah midanget saka Malaekat Gabriel menawa sadulur Dalem Elisabet wis nggarbini, sanadjan wis lungse. Malah wis nem sasi, mangka sinebut gabug. Mulane: butuh pitulungan. Ibu Dewi Marijah ora aras-arasen, mangkat tindak kanti gegantjangan. Ibu Dewi Marijah rena mitulungi, rena mbungahake wong lija, rena ngladeni.
 Ibu Elisabet bungah banget, kok Ibuning Gusti karsa rawuh Diangen-angen temenanan tembunge Ibu Elisabet, amarga iku uga sawidjining kabungahan limang prekara ing sadjroning tasbeh.


10 DESEMBER.

No. 6, Kekidungan Dalem Dewi Marijah.

 Dewi Marijah midanget tembunge Ibu Elisabet, uga bingah banget, tumuli ngandikakake, njanjekake kidungan Magnificat kang apik lan luhur banget iku.
 „Sukmaku ngluhurake Pangeran lan rohku gambira”, j.i. sanubarining Ibu Dewi Marijah, penggalih Dalem kang djero dewe, bungah banget, amarga Gusti Allah djumeneng kabegdjan lan karahajon Dalem. Apa aku wis tau bungah kaja ngono? Bisa ngluhurake Allah terus ing ati kaja Dewi Marijah? Gusti karsa mriksani asoring tjeti Dalem, j.l. Ibu Dewi Marijah, uga titah kang dipilih ing saantarane wanita. Tenan: sakehing bangsa bakal njebut aku rahaju. Saiki ing salumahing djagad, jutan wong Katulik ngluhurake lan nresnani Ibu Dewi Marijah. Aku keprije? [ 13 ]
11 DESEMBER.

No. 6 (teruse). Magnificat maneh.

 Agung banget pakarjan Dalem kang Mahakuasa tumrap ing Dewi Marijah, j.i, karsa mandjalma lumantar Ibu Dewi Marijah, Ibu Dewi Marijah ngarsakake banget agunging pakarjan Dalem Gusti Allah, nanging uga ngrasakake banget asoring tjeti Dalem, titah uga, nanging Ibu Dalem Allah Hjang Putra.
 Muga2 aku uga tansah ngrasakake luhuring timbalane wong Katulik, ngrasakake asorku, asore titah lan tjeti Dalem.
 Di-pikir sedela uga bab tembung apik iki Kawelasan Dalem run-tumurun ngluberi kang pada wedi asih ing Pandjenengane. Ibu Dewi Marijah pribadi ngandika: Gusti Allah ora ngawon tumrap ing katresnan Dalem marang wong kang tresna marang Gusti.


12 DESEMBER.

No. 6 (teruse). Magnificat maneh.

 Sapa sing ora seneng nglimbang2 bab pangandika Dalem Ibu Dewi Marijah Pribadi. Mung sitik ditjatet ing Indjil, Rungokna Ibu Dewi Marijah menjanji ngluhurake Gusti.
 Gusti Allah kang Mahakuasa tansah bakal agawe sor-soran kang pada kumlungkung ing batin, kaja dek bijen si setan, lankang pada melu karo setan, niru umuke. Iku bakal diasorake dening kuwasaning asta Dalem.
 Anglorod kang kuwasa saka kalungguhane, angluhurake kang pada anorraga, kaja Dewi Marijah, kenja presadja, andap-asor, tanpa adji, ora digape, nanging dipilih Ibu Dalem Allah Hjang Putra. [ 14 ]
13 DESEMBER.


No. 6 (teruse). Magnificat maneh.

 Jen dipikir2 bab Magnificat iki, mesti saja tukul katresnanku marang Ibuku iki: Ibu Dewi Marijah.
 Kang keluwen rinoban banda; j.i. kang luwe marang keadilan, katresnan, kamurnen. Gusti allah Pribadi karsa menuhi luwene. Kang sugih, ji, kang ora butuh katresnan Dalem Allah, amarga wis umuk, mung seneng nuruti kesenengane dewe, iku mesti tinundung anglentung.
 Lumantar Ibu Dewi Marijah Gusti Allah karsa melasi bangsa Israel, kaja kang wis disaguhake Gusti marang Bapa Abraham. Lumantar Ibu Dewi Marijah bangsa kabeh diwelasi Gusti, amarga Ibu Dewi Marijah bakal mijosake Sang Penebus kanggo bangsa kabeh. Matur nuwun Ibu!


14 DESEMBER

No. 7. Mijose S. Johanes Pambaptis.

 Telung sasi Dewi Marijah ana ing daleme Elisabet, Wah bungah banget Ibu Elisabet, bisa sesrawungan telung sasi suwene karo Ibu Dewi Marijah, Ibuku. S. Johanes Pambaptis bandjur mijos.
 Lidahe Sakarijas kabuka maneh. Mukdjidjad maneh. Gusti Allah wis karsa nerangake marang manungsa menawa S. Johanes Pambaptis ditresnani banget dening Gusti Allah Pribadi, amarga bakal tjetjawis rawuh Dalem Sang Panebus, Allah Hjang Putra kang mandjalma. Wong pada mbatin sadjroning ati: bakal dadi apa botjah iki?" Gusti Allah wis priksa bakal dadi Nabi kang pungkasan, bakal dadi wong kang sutji banget, kang [ 15 ]babar pisan ora golek luhure dewe, nanging mligi kaluhuran

Dalem Sri Jesus, kraton Dalem S. Kristus. Aku golek apa?


15 DESEMBER.

No. 8. Kidungane Sakarijas.

 Sakarijas bandjur metja! Metja bab Sang Panebus, kang bakal banget diabdeni dening putrane Sakarijijas, j.i. S. Johanes Pambaptis.
 Di-angen2 sedela bab tembung-tembunge Sakarijas iki:
Gusti Allah bakal aparing sih marang kawula Dalem (aku kabeh), sawise linuwarake saka mungsuh (setan) (sawuse aku dibaptis) bisane (supaja aku bisa) ngabdi Pandjenengane (Allah) tanpa nganggo reringa (nganggo sih Dalem aku bisa ngabdi Gusti tenan).
 Kalajan kasutjian lan kamursidan (iku uga mung bisa, sarana Sih Dalem).
 Ana ing pangajunan Dalem ing salawase, j.i. aku manungsa kabeh bakal tansah ditresnani dening Sri Jesus. Muga aku tansah saja jakin bab iki: Gusti Jesus tresna marang aku.


16 DESEMBER.

No. 8 (teruse). „Dene kowe djabang baji bakal sinebut aabining Hjang Maha Luhur”.

 Baji tjilik iki bakal djumeneng Nabi kang kuwasa, kang prabawane gede banget marang bangsa Jahudi, kang mung bisa mrabawani bangsa Jahudi, supaja gelema mertobat lan nderek Sang Kristus, amarga Santo Johanes iki karsa ngurbanake awake [ 16 ]
dewe, karsa mati raga, mung menggalih Sang Kristus. Amarga mung Sang Kristus kang djumeneng sumbering kabegdjan tumraping bangsa manungsa.
 Sing gelem mangrasul kaja S. Johanes Pambaptis, kudu nutjekake awake dewe disik, srana ngurbanake awake dewe, gelem sembahjang, njedaki Sri Jesus sadjroning atine dewe.


17 DESEMBER.

No. 8 (teruse). Kidungane Sakarijas maneh.

 Semune kidungan iki angel. Nanging jen diwatja alon², kanti ngudi ngerti isine lan njuwun sih supaja ngerti, bandjur terang tegese lan isine kidungan iki.
 S. Johanes diutus kanggo njawisake margi Dalem … supaja Allah Hjang Putra kang mandjalma kagungan nabi pungkasan kang wis kadjibah mulang bab S. Penebus, S. Kristus.
 S. Johanes diutus perlu paring pangerti bab karahajon marang Umat Dalem: bangsa manungsa kabeh. Aku uga bakal rahaju jen ngerti bab karahajon kang saka Sri Jesus: pangapuraning dosa, tentreming ati, katresnan lan Sih Dalem, swarga. Aku rahaju saiki, amarga dosaku diapura? Matur nuwun Gusti.


18 DESEMBER.

No. 8. (teruse). S. Johanes Pambaptis ing ara² samun.

 Wong kabeh kang ditimbali Gusti kudu seneng marang sepi - sok adoh karo manungsa. Sebab apa? Aku ditimbali Gusti dadi Katulik, warga Konggregasi. mBokmenawa bakal saja ditimbali Gusti dadi Imam, Bruder, Suster; saja raket karo [ 17 ]
Gusti. Supaja aku tansah bisa ngerti marang timbalan iki, aku kudu tansah ngrungokake Gusti kang nimbali aku. Iku mung bisa jen aku golek papan kang sepi, kamarku dewe, gredja, atiku dewe, retret, meditasi.
 Aku ora kena lali: aku tansah ditimbali Gusti, supaja tansah nderek Gusti, lan tansah mitulungi wong lija. Aku uga bandjur dadi santosa ing batin kaja S. Johanes Pambaptis.


19 DESEMBER.

No. 9. S. Jusup sumelang.

 Ibu Dewi Marijah wus nggarbini saka kuwasaning Hjang Roh Sutji. S. Jusup durung priksa iku saka Hjang Roh Sutji. Dewi Marijah uga ora kersa nerangake marang S. Jusup, amarga wus pitados menawa Gusti Allah Pribadi bakal nerangake iku marang S. Jusup, jen wis tekan wektune. Sangsarane S. Jusup gede banget. Priksa lan pitados: Dewi Marijah ora salah. Nanging S. Jusup kudu keprije ?
 Wong kabeh kang ngudi kasutjian kerep ditjoba Gusti, supaja saja sumarah marang Gusti, saja ndjagakake katresnan Dalem. Aku uga saguh ngudi kasutjian. Mulane aku ora kena sambat, jen sok ditjoba Gusti. Aku bandjur kudu njuwun priksa karo Rama Bihku.


20 DESEMBER.

No. 9 (teruse). S. Jusup midanget wewadining Pandjalma Dalem.

 G. Allah Pribadi karsa milih waktune kanggo medarake marang S. Jusup bab Ibu Dewi Marijah lan kang mijos saka Ibu Dewi Marijah.
 Malaekating Pangeran ngatingali S. Jusup ing supenan. [ 18 ]
Malaekating Pangeran, kaja Gusti Jesus Pribadi uga, tansah nentremake: adja sumelang. Jen aku sumelang, wedi, deg-degan kudu njuwun tentrem marang Gusti lan rembugan karo Rama Bih! Di-angen² sedela bab pangandikane Malaekat: „Pandjenengane bakal ngluwari kawula Dalem saka dosa". Tjilakane manungsa, j.i. dosane. Mulane Rawuh Dalem Sri Jesus bakal mbungahake manungsa kabeh, amarga ora ana manungsa tanpa dosa, kedjaba Ibu Dewi Marijah. Aku bungah? Kepengin ngaku dosa? Nijat temenanan ora nglakoni dosa maneh?


21 DESEMBER.

No. 9 (teruse).

Di-limbang2 pametjane Nabi Isaias: Kenja bakal nggarbini. Iku wis diwetja dening Nabi Isaias atusan taun sadurunge Kenja Dewi Marijah nggarbini. Malah Gusti Allah Pribadi ing Taman Pirdus wis metja: Kenja bakal ngalahake setan sarana Putra Dalem: Allah Hjang Putra.
Sang Emmanuel: Allah nunggal lan kawula.
Tenan: Gusti Jesus Emmanuelku.
Mijos djumeneng Manungsa, tuhu Allah, tuhu Manungsa. Tansah ana ing Sakramen Maha Sutji. Karsa tansah ana ing atiku sarana Sih kasusantan. Apa aku kedunungan Sih kasusantan? Apa aku ngudi saja kedunungan Sih kasusantan? Saja resik atiku ? Iku djenenge tjetjawis atiku kanggo Keresmisan.


22 DESEMBER.

No. 11. Tjatjah djiwa ing saindenging djagad.

Mahaprabu Agustus, wong kapir, dawuh nganakake tjatjah djiwa iku, supaja Sri Jesus bisaa mijos ing Betlehem.
[ 19 ]
Gusti Allah Pribadi nata sakabehe ing salumahing djagad. Mesti uga karsa nata mijos Dalem Allah Hjang Putra. Wis diwetja dening Nabi Micheas: Sri Jesus bakal mijos ing Betlehem.
Aku uga tansah ana ing Pangreksan Dalem Gusti Allah. Ora kena sumelang, sanadjan durung ngerti sakabehe bab karsa Dalem Allah tumrap ing aku.
S. Jusup lan Dewi Marijah uga ora umelang. Gusti Allah rak nuntun sakabehe, uga Mijos Dalem Sri Jesus. Muga aku tansah ngandel kaja S. Jusup lan Ibu Dewi Marijah.


23 DESEMBER.

No. 11 (teruse). S. Jusup uga tindak menjang Betlehem.

S. Jusup iku wong mlarat. Tukang kaju esa. Ora kagungan apa. Kudu njatetake asmane menjang Betlehem. Adoh. Adem. Dewi Marijah lagi nggarbini, mBokmenawa S, Jusup bisa njilih utawa njewa kuldi. Luwih kepenak setitik kagem Ibu Dewi Marijah kang nggarbini. Wong loro iku mung bisa sembahjang, ngarep2 mijos Dalem Sri Jesus Sang Penebus.
Wong lija ora ngerti — durung — njana² mung S. Jusup lan Ibu Dewi Marijah. Njuwuna supaja pangandelmu marang Sri Jesus kang bakal mijos mundak gede, kaja pangandele Ibu Dewi Marijah lan S. Jusup.


24 DESEMBER.

No. 11 (teruse). Ibu Dewi Marijah ora angsal papan ana ing panginepan.

Iku mesti mbingungake S. Jusup. Wong anang, kang kudu tanggung djawab supaja garwane bisaa mbabar Putra kanti patut. S. Jusup golek papan menjang ing ngendi², mubeng ing
[ 20 ]
kutane prabu Dawud, Betlehem. Nanging, amarga mlarate, ora angsal papan. Sing luwih sugih bisa oleh papan. Kagem Ratuning Swarga, Nataning djagad, ora ana papan.
Adja lali: Gusti Jesus karsa ndandani lan nambani umuke bangsa manungsa. Mulane: mlarat, andap-asor, ora dianggep, ora angsal papan ing Betlehem.


25 DESEMBER.

No. 11 (teruse). Mijos Dalem Sang Kristus.

Ora ana manungsa lija kang kepareng njipati Mijos Dalem Sri Jesus kedjaba S. Jusup lan Ibu Dewi Marijah, Kaja² Allah Hjang Putra ora bisa milih papan kang luwih sepi lan luwih ndelik tinimbang guwa, kandang kewan, ing satjedake kuta Betlehem. Iki Rawuh Dalem Sri Jesus ing donja iki: Allah Hjang Putra.
Aku mung kudu djengkeng, tjedak karo S. Jusup lan Ibu Dewi Marijah, lan njawang Sang Timur. Lan matur nuwun. Lan nangis saka bungahku, kok Gusti Jesus karsa rawuh kanti andap-asor kaja ngono. Ngandela! Njuwana supaja umukku diremuk Sri Jesus. Ing sadjroning ati menjanji: Ratri Mulja.........


26 DESEMBER.

No. 12. Malaekat ngatingali para pangon.

Watjanen. Iku wis tjukup. Sing andap-asor dewe dikabari disik menawa Sang Penebus mijos. Para pangon nampa kabar kabungahan iki kanti bungah. Rasakna pangandikane Malaekating Pangeran Adja pada wedi! Apa aku isih wedi sawise Allah karsa mbuktekake Katresnan Dalem serana Sang Penebus iki? Titikane Djabang baji, ginedong ing sembet, lan sumare ing
[ 21 ]
pamakanan. Apa bisa luwih mlarat, luwih andap-asor ? Titikane, kang ditimbali dadi mitra Dalem Sri Jesus j.i. seneng mlarat, ngudi andap-asor.


27 DESEMBER.

No. 12 (teruse). Malaekat² ngluhurake Allah.

  ,,Sagunging kamuljan sumaosa Allah ingaluhur, lan ing donja katentreman pinaringana para manungsa ingkang sae kadjengipun”. Rasakna tembung-tembung iki sidji²-ne.
  Akeh gunane kanggo aku kang kerep wegah ngluhurak Allah sarana menjanji ing geredja, ing koor. Warga Konggregasi kudu jakin menawa ngluhurake Allah, luwih? serana menjan): ing geredja, iku luhur, patut banget kanggo titah, wong Katulik, warga Konggregasi. Aku seneng ? Apa karepku betjik ? Aku bandjur mesti bisa tentrem, luwih² amarga mitraku Sri Jesus wus mijos.
28 DESEMBER.

No. 12. Botjah² Betlehem dipateni.

  Sija² Prabu Herodes iki. Meri! Wedi menawa Sri Jesus bakal ngrebat kratone. Nanging kraton Dalem Sri Jesus ora saka donja iki, ora ndjasmani, nanging kratone sukma² kang karepe betjik, kang ngandel ing Sri Jesus, Allah Hjang Putra kang nebus manungsa, kratone wong kang butuh Sih lan katresnan Dalem Sri Jesus.
  Botjah² Betlehem iki dadi martir² kang kapisan. Dina iki dimuljakake pestane dening Pasamuwan Sutji. Ora muspra patine. Saja terang: Sri Jesus ratuning jagad, ratuning sukma², bakal nebus disik, ora bisa disedani Herodes sadurunge tekan wektune kang wus dipestekake Allah Hjang Rama Seda ing Salib. [ 22 ]
29 DESEMBER.

No. 13. Para pangon sowan ngabekti.

  Warga Kohggregasi bisa sinau akeh saka para pangon. Ora mung pesadjane, andap-asore, hanging uga enggone terus ngandel ing Gusti, terus ngandel marang kang wis kawedarake ing Pangeran, Nangine : ngandel tok, uga ora tjukup. Nirua para pangon iki enggone gijat nindakake: ajo pada menjang Betlehem.............Tumuli Pada mangkat gegantjangan.
  Aku keprije ? Jen bisa nderek Mis? Nampa Komuni Sutji? Ajo pada sowan Gusti Jesus ing saben dinane. Mangkata saka omahmu, saka kamar turumu--gegantjangan!


30 DESEMBER.

No. 13 (teruse). Para pangon.

  Jen mangkat gegantjangan, perlu nggoleki Sri Jesus? Kangen Sri Jesus? Butuh Sri Jesus? Kepengin nampa Sri Jesus? Ndemenakake para pangon iki, amarga sregepe, gambirane, bungahe. Kanti prasadja bandjur pada njaritakake sabda kang wus kawedarake bab Sang Timur. Gabira para pangon iki karana Sri Jesus. Amarga umukku aku wis ora gambira karana Sri Jesus. Katresnan Dalem Sri Jesus tjukup, uga kanggo aku.


31 DESEMBER.

No. 13 (teruse). Dene Dewi Marijah njatet kabeh mau, ginagas sadjroning galih.

  Tembung² iki ditjatet dening Djuru Indjil S. Lukas. Sukur dede Ibu Dewi Marijah njatet kabeh mau sadjroning galih, [ 23 ]
 nganti babar pisan ora bisa lali maneh, nganti isih kengetan sakabehe sawise Gusti Jesus seda ing salib, lan karsa ngandikakake iku kabeh marang S. Lukas.
  Wah, Ibu Dewi Marijah bisa meditasi tenan, Kerep menggalih bab kang kelakon nalika Sri Jesus sugeng. Njuwuna marang Ibu Dewi Marijah, supaja kowe uga diparingi Sih, bisa meditasi, me aku tansah njuwun sih iku, sadurunge meditasi ?


1 DJANUARI.

No. 14 Supit Dalem.

  Gusti Jesus karsa disupiti, miturut adate wong Jahudi. Tuhu Manungsa, Sri Jesus. Allah Hjang Putra kang mendjalma ora kersa beda karo wong lija, kedjaba dosa.
  Sang Timur bandjur katjaosan Asma Sri Jesus.
  Mulane dina iki rijaijane Asma Dalem Sri Jesus. Jesus iku tegese : Panebus. MUlane manis banget Asma iki kanggo wong Katulik. Mung Asma iki bisa nebus bangsa manungsa. Aku wis ditebus. Aku kerep matur nuwun? Aku kulina ngutjapake Asma Sri Jesus iki kanti andap-asor banget? Kanti ndjagakake Kuwasa Dalem? Kanti katresnan?


2 DJANUARI.

Bab timbalan.

  Wektu guwa ing gredja², prajoga banget nglimbang² bab Karsa Dalem Sri Jesus, kok karsa mijos kaja ngono! GUsti Jesus karsa djumeneng manungsa lumrah, kadjaba dosa. Gusti karsa nimbali manungsa maneh, supaja wong iki bandjur mitulungi Gusti, srana mulangkake Indjil Sutji, srana kurbane lan [ 24 ]
sembahjangane, srana mangrasul, srana nindakake katresnan, tumraping Allah lan tumraping wong lia.
  Supaja wong² kang ditimbali Gusti bisa nglakoni kabeh mau, wong iku butuh tulada Dalem Sri Jesus. Aku, warga Konggregasi ditimbali Gusti. Mulane aku wadjib ngerti bab tulada Dalem, kudu kerep matja lan nglimbang² saka buku Sri Jesus Sang Pamarta!
  Maneh: Saguh karo Sang Timur : bakal meditasi temenenan. Apa wis tau dakwatja Purwakane buku Sri Jesus Sang Pamarta ?


3 DJANUARI.

Bab timbalan maneh.

  Jen aku nglimbang² temenanan bab tulada lan Sugeng Dalem Sri Jesus, kanti katresnan, kanti kepengin saja ngerti, bandjur aku mesti ketarik dening Katresnan Dalem Sri Jesus. Aku bandjur saja ditimbali Sri Jesus, supaja saka raket karo Sri Jesus, saja nulad, saja sesrawungan, saja tresna karo Sri Jesus. Suwe² dinaku ora bisa begdja, ora tentrem, jen ora meditasi disik, miturut pranatan² Konggregasi, Aku bandjur kepengin notjogake atiku, uripku, kelakuanku karo Tyas Dalem, Sugeng Dalem, Lelampahan Dalem Sri Jesus. Aku wis tekan ing kono? Apase kepengin? Kepengin sabar, tresna, mibangun miturut, sregep amarga tresna lan kepengin nulad Sri Jesus? NJuwuna kekuwatan marang Sang Timur.


4 DJANUARI.

Bab timbalan maneh.

  Jen aku ora nglimbang² tok bab Indjil, nanging ugawis nindakake nulad Sri Jesus, wis ngemperi Tyas Dalem Sri [ 25 ]
Jesus setitik, bandjur bisa kelakon menawa Gusti Jesus saja karsa nimbali aku. Pemuda-pemudi kabeh kang nijat nulad Sri Jesus, uga kudu wani mikir? bab Timbalan Dalem kang

mirunggan, j.i. saja tjedak karo Gusti Jesus serana prasetya wadat, mlarat, mbangun miturut. Aku wedi? Ora wani mikir² kaja ngono? Iku lumrah! Iku kodratku kang mlorod, kang kesed, kang wegah. Nanging iku uga dudu soale! Gusti karsa nimbali aku kaja ngono apa ora? Aku ketarik? Aku rumangsa ana ing atiku, menawa Gusti Jesus karsa nimbali aku, luwih raket? Sing blaka karo Gustimu, Sang Timur ing pamakanan.


5 DJANUARI

Bab timbalan maneh.

  Wektu saiki Gusti karsa nimbali pemuda-pemudi akeh. Sebab apa? Amarga mengsah Dalem Sri Jesus saiki uga akeh. Amarga Gusti Jesus uga tresna marang bangsaku. Amarga Gusti Jesus karsa ndjembarake Kraton Dalem lumantar pemuda lan pemudi. bangsa Dijawa, lumantar Imam Djawa akeh, lumantar Bruder Djawa akeh, lumantar Suster Djawa akeh, lumantar wong Katulik Djawa kang peng-pengan akeh. Aku Iki keprije? Wani ngrungokake Timbalan Dalem sadjroning atiku? Wani rembugan bab prekara kang wigati banget iki karo Rama Bhiku? Atiku gede setitik? Mongkog? Legawa? Kendel? Gusti Jesus, Sang Timur, kawula njuwun ngertos timbalan kawula.


6 DJANUARI

No. 19 Sardjana saka tanah Wetan.

  Bangsa² dudu Jahudi ditimbali Sri Jesus lumantar sardjana² iki. Gusti Jesus rak mijos kanggo bangsa lan manungsa kabeh. [ 26 ]
Wiwit dina iki Timbalan Dalem Sri Jesus marang bangsa kabeh isih diterusake. Bangsaku ditimbali Sri Jesus! Lumantar aku? Ja! Wong Djawa Katulik kabeh, warga Konggregasi Djawa ditimbali-mitulungi Sri Jesus, mitulungi bangsaku.
  Watjanen no, 19 iki kanti taliti; aku bandjur bisa ngerti, menawa uga kudu ana kurbanku, jen aku ditimbali. Kurbanku : emase katresnanku, ratuse sembahjanganku, blendok mure mati ragaku. Kabeh kundjuk Gusti.
7 DJANUARI

No. 20. Ngungsi menjang Mesir.

  Sri Jesus, Ibu Dewi Marijah lan S. Jusup kok kudu ngungsi menjang Mesir ! Brajat Sutji iki malah ora luput saka ing susah salib. Gusti dipadosi Herodes, kang kepengin njedani Gusti. Tulada Dalem Sri Jesus ! Kanggo aku. Aku gampang bingung jen susah setitik. Sanadjan aku susah, Gusti isih tresna, Buktining Katresnan Dalem Sri Jesus marang aku, jen aku kepareng nderek Sangsara Dalem! Aku ngandel iku? Jen ana sangsaraku, aku bandjur bakal golek panglipur marang Sri Jesus, Ibu Dewi lan Jusup.
8 DJANUARI

No. 22. Kondur menjang Nasaret.

  S. Jusup, panggedening Brajat Sutji, bisa mbangun miturut lan bisa tanggung djawab.
  S Jusup kedjibah ngreksa Brajat Sutji, Mesti dipitulungi Gusti Allah uga, kang tansah ngutus Malaekat Dalem ngabari S. Jusup.
  Aku uga kena ndjagakake pitulungan Dalem kang [ 27 ]
mirunggan, jen aku gelem netepi kuwadjibanku, mbangun. miturut, tanggung djawab.


9 DJANUARI

No. 23. Ana: ing satengah-tengahe para guru.

  Sri Jesus Pemuda. Iku tjukup kanggo pemuda kabeh: Gilo Tuladamu kang penuh ing kawitjaksanan.
  Jen aku manungsa kurang witjaksana (iha sapa sing wis Witjaksana ing donja iki?) prajovlga saiki njuwun dadi wong witjaksana, kang bisa dipitaja wong lija, kang seneng mituiungi wong lija. Apa aku apese kepengin dadi wong witjaksana ? Aku sinau kanti sregep? Meditasi? Iku uga sumbering kawitjaksanaan. Bangsaku mbutuhake banget wong witjaksana.


10 DJANUARI.

No. 23. (teruse).

  Weruha sumelange lan susahe Ibu Dewi Marijah lan S. Jusup. Wong kang tjedak dewe karo Sri Jesus! Ora dieman dening Sri Jesus. Kudu ditjoba katresnane. Sanadjan ora ngerti sebab apa kok kudu ditjoba. Aku uga bakal ditjoba Gusti. Luwih² bakal ditjoba katresnanku, jen aku kepengin saja tjedak karo Sri Jesus. Aku wedi? Jen aku ditjoba, prajoga iku dak rembug karo Rama Bih!
11 DJANUARI.

No. 23. (teruse). Pandjenengane mbangun miturut karo Rama-Ibu

  Mau Gusti Jesus ngandika marang Rama-Ibu : Sebab punapa pandjenengan sami madosi kula? Punapa pandjenengan mboten priksa, bilih kula kedah wonten ing sadaja rehing Rama? Iku [ 28 ]
mau tegese: Gusti Jesus wadjib mbangun miturut karo Allah Hjang Rama. Sanadjan Rama Ibu Dalem ora priksa, kuwadjiban Dalem uga ana. Aku uga sok kudu mbangun miturut karo Allah, sanadjan wong tuwaku, wakil Dalem, ora ngerti. Upamane jen aku ditimbali, utawa jen idjab. Nanging Gusti Jesus bandjur uga mbangun miturut maneh karo Rama Ibu, amarga iku dikarsakake Allah Hjang Rama, mBangun miturut kaja ngono angel kanggo manungsa kabeh, amarga umuke, amarga kurang ngandel: lumantar wong tuwaku, panggedeku aku mbangun miturut karo Gusti Allah Pribadi.


12 DJANUARI.

No. 24. S. Johanes Pambaptis menjang kali Jordan.

  S. Johanes Pambaptis: Nabi kang pungkasan, kudu nudingi Sri Jesus, Sang Panebus.
  Nanging, supaja wong lija bisaa ngandel marang Sang Panebus kang bakal ditudingi S. Johanes, wonge kudu mertobat disik. Wong ora bisa nampa kratoning swarga kang wis tjedak, jen ora mertobat disik.
  Wong akeh njuwun baptis pamartobat, amarga tuladane lan piwulange S, Johanes mranani banget.
  Tuladaku tumrap ing kantjaku kang durung Katulik iku keprije? Uga kepengin mertobat sawise tepung karo aku? Aku wani nerangake setitik-setitik bab Sri Jesus ? Akeh wong durung tau krungu bab Sri Jesus. Jen krungu, saka aku, mesti kepengin dibaptis.


13 DJANUARI.

No. 25. S. Johanes nenangi amrih mertobat.

  S. Johanes Pambaptis kendel banget. Ora wedi karo wong [ 29 ]
Parisi. Wong lamis, kang uga njuwun dibaptis. Gusti Jesus Pribadi uga ewa karo wong iki. Mulane para Parisi ora bisa ngontjati bebendu kang wis meh teka, amarga ora gelem mbuwang lamise, ora gelem mertobat tenan. Dadi turune bapa Abraham ora tjukup. Dadi wong Katulik ing lair tok, uga ora tjukup. Uripku, kelakuanku kudu dak tjotjogake karo agamaku, kanti adedasar tresna terusing ati, marang Allah lan marang pepadaku, j.i. uripku, kelakuanku kudu ngetokake woh betjik katresnan. Jen ora..........


14 DJANUARI.

No. 27. S. Johanes ngandikani bab Sang Kristus.

Andap-asor banget S. Johanes Pambaptis: aku ora pantes djengkeng ngutjuli tetaline trumpah Dalem S. Kristus, Sang Penebus, Allah Hjang Putra. Keprije aku tumrap ing S. Kristus? Andap asor, tresna, urmat?
S. Johanes mbaptis mung nganggo banju. Sri Jesus bakal mbaptis wong kabeh ora nganggo banju tok, nanging serana banju bakal mbaptis nganggo Roh Sutji lan geni. Genining baptis isih murub ing atiku? Jen ora, bisa uga aku katur mrambute!


15 DJANUARI.

No. 28. S. Johanes mbaptis Gusti Jesus.

Weruha andap-asor Dalem Sri Jesus lan andap-asore S. Johanes. Gusti Jesus karsa dibaptis S. Johanes, ora amarga Gusti iki wong dosa, nanging amarga djumeneng wakile wong dosa ing ngarsa Dalem Hjang Rama. Allah Hjang Rama ngarsakake menawa Gusti Jesus ngurbanake sakabehe tekan ing salib, supaja manungsa kabeh ditebus. Sawise Gusti Jesus mbangun
[ 30 ]

miturut kaja ngono marang Karsa Dalem Hjang Rama, bandjur kawedarake kekeran kang gede dewe: Trinidji Sutji: Hjang Rama, Hjang Putra, Hjang Roh Sutji. Anjarna pangandelmu!

16 DJANUARI.

No. 29. Gusti sijam lan kagoda.

Kok Gusti karsa digoda ? Ija? Djumeneng tuhu manungsa kedjaba dosa. Panggoda, jen aku digoda iku dudu dosa! Gusti karsa digoda supaja aku ngerti keprije kudune tindakku jen aku digoda: tentrem, kendel, ora bingung, ndjagakake Gusti Allah, njuwun pitulungan Dalem, sembahjang! Panggoda jen ditampik kaja ngono bandjur malah bisa nguwatake aku, amarga aku mesti diparingi Sih mirunggan supaja menang. Panggoda malah, bisa ngelingake aku menawa Gusti Jesus ana, tresna, karsa mitulungi aku.
Uga kerep njuwun Abdi Dalem njuwun lepat saking panggoda. Adja nggoleki panggoda. Manungsa iku sekeng!


17 DJANUARI.

No. 31. Paseksene S. Johanes Pambaptis.

Tjempening Allah j.i. Sri Jesus, kang karsa djumeneng kurba supaja dosaku, dosane manungsa kabeh, ditebus.
Tjempening Allah, ingkang mbutjal dosanipun djagad, kawula njuwun kawelasan! Aku ngerti saiki tegese? Bakal kerep dakutjapake? Perlu! Saja-saja sadurunge Komuni Sutji. Sabakdaku bakal ana wong, sing ndisiki aku: j.i. Allah Hjang Putra mesti ndisiki S. Johanes. Sawise mendjalma lan mijos, kaja Manungsa, Gusti Jesus ana ing sabakdaning S. Johanes. ndemenakake S. Johanes iki tansah mung nudingi Sri Jesus. Mung iku tugase.
[ 31 ]
18 DJANUARI.

No. 32. Murid Dalem kang wiwitan.

Watjanen temenan iki! Sing wis miwiti nggoleki Sri Jesus, sing wis kepengin luwih ngerti bab Sri Jesus, iku ditimbali Gusti Mara, pada delengen. Aku kepengin luwih ngerti bab Gusti Jesus? Aku wis kepengin meditasi? Aku uga wis nggoleki Sri Jesus menjang Gredja? Menjang Komuni Sutji? Apa aku uga wis seneng nututi Gusti?


19 DJANUARI.

No. 33. Andrejas njowanake Petrus ing ngarsane Gusti.

Murid Dalem Sri Jesus mesti terus kepengin supaja wong lija uga ngerti marang Sri Jesus. Jen ora, aku durung ngerti tenan Sri Jesus iku sapa ? Gusti karsa nebus manungsa kabeh. Apa aku wis tau njowanake kantjaku ing ngarsane Gusti? Sedulurku? Wedi? Isin? Kiraku ora perlu? Perlu banget! Sok gampang banget mangrasul kaja ngono, amarga wong akeh satemene wis kepengin tepung karo Gusti.


20 DJANUARI

No. 34. Philippus karo Natanael ditimbali.

Gilo, ana tulada maneh mangrasul iku sok gampang,sanadjan wong lija sok maido, etok² ora gelem tepung.

Natanael gumun banget dene Gusti Jesus wis priksa marang kang ndelik ing atine Natanael. Gusti uga priksa apa sing dak delikake ing atiku. Ija kang betjik, ija kang ala. Jen aku bisa ngandel kaja Natanael: Pandjenengan punika Putraning [ 32 ]

Allah, aku bandjur uga bakal njipati sing luwih gede maneh. Bukaken atimu kagem Gusti!


21 DJANUARI.

No. 35. Panganten ing Kana.

Di-limbang² temenanan mukdjidjad Dalem kang kapisan iki, amarga ditindakake Gusti atas panjuwune Ibu Dewi Marijah Jen Ibu Dewi Marijah njuwun, mesti dikabulake Gusti, Mulane aku uga, tansah kudu njuwun marang Ibu Dewi Marijah supaja karsaa nglantarake panjuwunku marang Sri Jesus. Bingungku, susahku, sangsaraku, bungahku, dakaturake Ibu Dewi Marijah. Nanging bandjur sumarah bae marang karsa lan katresnan Dalem Ibu, apa karsa nglantarake apa ora, amarga aku sok ora ngerti njuwun sing betjik kanggo aku. Lha, Ibu mesti ora karsa njuwunake aku kang ora prajoga kanggo aku. Nanging, sanadjan sing dak suwun ora prajoga kanggo aku, Ibu mesti karsa nglipur, nentremake, maringake Sih, kekuwatan, pangapura. Matur nuwun, Ibu.


22 DJANUARI.

No. 37. Gusti Jesus nundungi wong dodol saka Padaleman Sutji.

Gusti Jesus duka Padaleman Sutji kok dianggo pasar. Prajoga banget Gusti duka, amarga iku ketemu ing nalar, perlu, betjik. Keprije sikapku ana ing gredja? Patut didukani Gusti, amarga gegujon? Pamer? Ora sowan Gusti tenan, nanging donge kepengin weruh wong lija, kantja, pemuda, pemudi? Aku golek apa ana ing Gredja? Apa golek Gusti? Gusti Jesus uga wis metja bab wungu Dalem, supaja aku saja ngandel. [ 33 ]
23 DJANUARI.

No. 38. Tipising pangandele wong² kang ngandel marang Gusti Jesus.

Watjanen nomer iki kanti tliti banget. Wong akeh kang njipati dewe pangeram-eram Dalem, isih tipis pangandele. Gusti Jesus priksa Pribadi, priksa marang djeroning atine manungsa. Uga priksa atiku. Pangandelku keprije. Ija bener aku ora weruh dewe pangeram-eram Dalem, nanging aku bisa luwih ngandel,luwih rahaju, sanadjan ora weruh dewe. Tur aku ngalami Katresnan Dalem ing saben dinane. Apa aku jakin menawa Gusti priksa atiku ? Njuwuna tambahing pangandel !

24 DJANUARI.

No. 42. Wong wadon Samarijah.

Maha Sae Gusti Jesus karo wong wadon dosa iki. Gatekna piwulang Dalem Sri Jesus bab banju kang bakal diparingake Gusti. Banju iku: Sih Dalem, Sugeng Dalem Sri Jesus. Aku wis nampa Sih iku, Katresnan Dalem. Jen aku bandjur isih ngelak barang donja, mburu kesenenganku, banju iki, Sih Dalem, ora bisa dadi tuking banju kang mantjurat agawe urip langgeng. Dosa endi, kesenengan endi kang ngengel-engeli Sih Dalem urip ing atiku ?


25 DJANUARI.

No. 43 Wong² Samarijah akeh kang ngandel marang Gusti Jesus.

Rungokna Pangandika Dalem Gusti Jesus: Sing dadi panganku jaiku: nindakake karsaning kang ngutus Aku, lan nandangi pakarjan Dalem (Hjang Rama). Ja, mung iku bisa nentremake atiku, menuhi idam-idamanku kabeh; nindakake Karsa Dalem. [ 34 ]

Nindakake Karsa Dalem, j.i.: netepi kuwadjibanku, mbangun miturut karo wong kang makili Gusti tumrap ing aku (wong tuwa, guru, Imam, panggede), netepi pranatan² Konggregasi: tasbeh, meditasi, Rama Bih kang baku, kerep nderek Mis Sutji. Jen nulad Gusti Jesus kaja ngono bisa nentremake atiku sapenuh-penuhe.


26 DJANUARI.

No. 45. Gusti marasake anake abdi kraton.

Gusti Jesus ngarsakake supaja wong kabeh bisa ngandel marang Pandjenengane tanpa njipati pratanda lan pangeram-eram. Iku mesti bisa, jen ana karepku kaja ngono, amarga karepku kang betjik iku saka Gusti, j.i. aku tansah diparingi Sih akeh supaja ngandel. Nanging Gusti uga karsa nampik panjuwune abdi mau, malah karsa marasake anake sanadjan adoh.

Gusti Jesus iku Maha-Kuwasa-Allah Hjang Putra.

Gusti uga karsa marasake aku, luwih-luwih saka patiku. j.i. jen kelangan Sih kasusantan amarga dosa gede. Gusti uga karsa marasake kantjaku kang durung dibaptis! Njuwuna waras, uga kanggo kantjamu.

27 DJANUARI.

No. 47. Pangeram-eram amek iwak kang kapisan.

Weruha pengandele Simon, Santo Petrus. Sanadjan wis sawengi natas enggone amek iwak, ora oleh apa². Pengandele terus ginandjar Gusti, nganti Santo Petrus gumun, saja ngandel marang Sri Jesus, saja ngrasakake menawa awake dewe dadi wong dosa.

Adja lali, jen aku ditimbali Gusti dadi warga Konggregasi, aku bandjur uga sok bakal saja ngrasakake dosaku, amarga di[ 35 ]

tarik Sri Jesus kang Maha-Sutji. Adja gumun dene bandjur uga didawuhi Gusti kudu misaja wong. Aku wedi? Jen aku mung ndjagakake kesekenganku tok, mesti aku bandjur wedi. Nanging, kanggo misaja wong, aku kudu ndjagakake Maha Kuwasa lan Maha Tresna Dalem Sri Jesus!


28 DJANUARI

No. 48. Gusti Jesus nundung setan.

Setan iku ana. Malaekat kang umuk, kang tiba, kang sengit karo Gusti Allah, kang ana ing neraka, nanging kang uga klambrangan ngrusak sukma².

Aku ora usah wedi. Gusti Jesus wis rawuh, wis menang. Ija ben, si setan iku sok nggoda marang aku, serana pikiran utawa hawa nepsu, utawa lumantar wong ala, nanging Gusti Jesus wis ngalahake setan, lan aku uga tansah bisa menang karo setan amarga aku kepareng ndjagakake Kuwasa Dalem Sri Jesus. Aku ora kena wedi karo setan. Aku, saja jen digoda, kudu kerep njuwun pitulungan Dalem Sri Jesus. Bandjur mesti menang.


29 DJANUARI.

No. 50. Wong² lijane sapirang-pirang pada diwarasake.

Tenan: Gusti Jesus karsa njanggi kasekenganku lan manggul lara-sukerku, j.i. Gusti djumeneng manungsa sajekti, kang tresna banget marang bangsa manungsa, kang priksa banget marang kasekengane bangsa manungsa, larane, dosane, tjatjade bangsa manungsa. Supaja dibuktekake tenan menawa Gusti Jesus djumeneng Allah Hjang Putra uga, mulane karsa marasake wong akeh, nundungi setan akeh. Terang banget: Gusti Jesus [ 36 ]

Maha-Tresna lan Maha-Kuwasa. Sebab apa aku isih wedi? Aku sekeng? Gusti priksa! Karsa mitulungi aku. Matur nuwun Gusti.


30 DJANUARI.

No. 51. Gusti tindak menjang panggonan sepi, sembahjang.

Gusti uga karsa nuladani sembahjang.

Esuk umun², sadurunge bjar, wis wungu. Kanggo aku ugaprajoga tangi esuk, supaja bisa meditasi disik.

Gusti tindak menjang panggonan sepi. Aku uga kudu menjang panggonan sepi, Gredja upamane, utawa kamarku.

Sawise sembahjang Gusti mesti mangrasul maneh. Aku keprije? Sembahjang lan mangrasul?


31 DJANUARI.

No. 54. Gusti marasake wong lumpuh.

Gumunana pengandele wong lumpuh iki lan wong papat sing nggotong lintjake.

Mulane wong lumpuh iki diparingi kang perlu dewe disik: dosane kaapura. Adja lali mung iku dadi sebabe Gusti rawuh: nebus, ngapura, mbirat, mbuwang dosane manungsa. Wong Parisi grundelan.

Gusti bandjur karsa mbuktekake menawa djumeneng Allah sajekti. Iku uga perlu kanggo aku, supaja aku luwih ngandel, luwih² marang pangapuraning dosa. Jen aku ngaku dosa, keprije? Keduwung tenan? Ngandel?


1 PEBRUARI

No. 55. Santo Matejus ditimbali.

S. Matejus iki dek bijen dadi djuru mupu beja. Wong dosa. [ 37 ]

Ewasemono ditimbali. Aku uga: wong dosa. Ewasemono uga ditimbali dadi wong Katulik, warga Konggregasi. Jen aku rumangsa sukmaku wis sutji, aku bandjur dadi kaja wong Parisi, kang ora butuh Sang Panebus, ajake. Muga aku tansah jakin bab dosaku. Mulane uga kerep ngaku dosa, pendak rong minggu upamane, amarga aku butuh banget Sri Jesus, Sang Panebus, doktering sukma. Gusti ora nimbali wong kang ngumukake utamane dewe, nanging Gusti nimbali wong dosa kang ngudi kasutjian serana Sih pitulungan Dalem.


2 PEBRUARI.

No. 15. Sang Dewi nutjekake salira. Gusti Jesus katjaosake.

Dina iki rijaja Dewi Marijah nutjekake Salira; 40 dina sawise babaran wong wadon Jahudi didawuhi sowan menjang Padaleman Sutji. Ibu Dewi Marijah mesti karsa mbangun-miturut karo angger²-ing Nabi Musa.

Sang Timur uga katjaosake marang Gusti. Allah Hjang Putra kang mandjalma bandjur katjaosake kanti resmi marang Allah Hjang Rama dening Ibu Dewi Marijah. Lan Ibu pribadi banget marang tegese: Gusti bandjur bakal djumeneng kurban kondjuk Allah Hjang Rama kanggo nebus aku: bakal seda ing salib Ibu Dewi Marijah ora wedi. Kendel! Aku wedi kurban?


3 PEBRUARI.

No. 57. Gusti Jesus marasake wong lumpuh ana ing padusan.

Watjanen temenanan no. 57 iki!

Wong² Jahudi wis kepengin njedani Gusti amarga Gusti [ 38 ]

Jesus njamekake Salira Dalem karo Gusti Allah. Apa wong² iku bandjur lali marang buktine, j.i.: Pangeram-eram Dalem? Ora b.sa. Malah nj'pati dewe.

Wong Jahudi, luwih ² para Parisi ora gelem ngandel, amarga jen ngandel kudu nderek Sri Jesus, ngurbanake umuke, kesenengane, tjetile. Para Parisi kepengin terus diurmati dening bangsa Jahudi kaja dene penuntune. Ora gelem ngalah karo Sri Jesus.

Sing nderek Sri Jesus kudu ngurbanake kesenengane kang ala lan umuke, ora amarga Gusti sengit karo wonge, nanging amarga Gusti sengit karo dosa. Lha dosa kabeh mau tukul saka umuk manungsa.


4 PEBRUARI.

No. 59. Para murid pada njetuti wulen gandum.

Wong Parisi tansah golek lupute lan dosane Gusti Jesus. Kaja² Gusti tansah nerak angger-anggere dina Sabbat. Nanging, sing njiplakake angger² iku: Allah Pribadi. Lha Gusti Jesus iku sapa ?

Tur, para Parisi iku kebangeten enggone ngakoni netepi dina Sabbat, nganti wis ora bisa ditahan wong lumrah. Mulane Gusti ngandika: Dina Sabbat mono anggone dianakake krana manungsa, lan ora kok manungsa krana Sabbat. Apa aku uga kaja wong Parisi? Tansah ngrasani wong lija? Ngadili wong lija, sanadjan ora ngerti karepe ?


5 PEBRUARI.

No. 60. Ing dina Sabbat lija Gusti marasake wong apus tangane.

Gusti Jesus djumeneng Pangeraning Sabbat, j.i, Gusti Jesus, [ 39 ]

Allah Hjang Putra, dawuh supaja wong kabeh ngluhurake Gusti Allah kanti mirunggan ing dina Sabbat. Nanging, ngluhurake Allah, iku mokal, jen ora gelem mitulungi wong tjilaka, sanadjan dina Sabbat, Mulane wong Parisi kleru banget dene serik amarga Gusti marasake wong tjilaka iki kang apus tangane. Atos, kedjem, sepi ing katresnan atine wong Parisi, wong lamis. Atiku keprije? Apa aku uga sok wani sembahjang, tanpa tresna marang pepadaku ?


6 PEBRUARI.

No. 62. Gusti Jesus marasake wong lara akeh banget.

 Weruha katresnan, sabar lan kawelasan Dalem Sri Jesus marang wong lara, wong kepandjingan setan, l.l.l., kang suk-sukan anggone sowan Gusti Jesus perlu ndemek Pandjenengane. Weruha pengandele, pitajane, pengarep-arepe wong tjilaka akeh iki. Wong iku wis golek kewarasan menjang ing ngendi-endi, lan suwe² ngerti menawa mung Gusti Jesus kang bisa marasake ora mung badane, nanging uga sukmane. Aku uga kudu ngandel banget marang kawelasan lan katresnan Dalem Sri Jesus, lan ora kudu golek maneh menjang papan utawa wong kang satemene ora bisa nglipur utawa marasake atiku.


7 PEBRUARI.

No. 63. Pamilihe rasul rolas.

 Gusti Jesus sembahjang disik sawengi natas, sadurunge milih rasul Dalem. Kang ditimbali Gusti, wis suwe dipenggalih Gusti, bandjur ditarik, ditimbali Gusti, mligi amarga Gusti karsa nimbali, ora amarga murid Dalem, utawa aku, wis sutji, [ 40 ]
wis mursid, wis pinter, wis sugih. Timbalan Dalem jaiku dadi wong Katulik, warga Kongregasi, iku gratis, j.i. manungsa, mligi amarga Gusti Jesus tresna marang aku.


8 PEBRUARI.

No. 64. Sabda ana ing gunung.

 Sawise Gusti Jesus medak saka gunung bandjur dirubung para murid Dalem lan wong golongan akeh perlu ngrungokake piwulang Dalem.
 Apa aku uga isih ngudi ngrungokake Piwulang Dalem, kang dilantarake marang aku lumantar buku Indjil iki? Lumantar Imam² kang mulang ana ing gredja², ing Konggregasi², ing sekolahan². Apa aku isih kepengin ngrungokake, matja, nampa piwulang Dalem?


9 PEBRUARI

No. 65. Sabda rahaju I

 Rahaju kang mlarat ing batin, j.i. wong kang ora lumengket ing duwit lan barang donja, kang ora mburu kesugihan, nanging kang njambut gawe kanti sregep supaja tjukup panguripane, kanggo sabrajat, uga kanggo tembe buri. Wong kaja ngono bakal pada nduweni kratoning swarga, j.i. wis bakal begdja ing donja iki lan bakal munggah swarga, amarga wis manunggal Sri Jesus kang djumeneng kasugihane ing donja iki lan ing swarga.


10 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju II.

 Rahaju kang lembah manah, j.i. wong kang bisa tresna tenan karo wong-lija, kang seneng mitulungi lan ngladeni wong [ 41 ]

lija kang uga ditresnani Sri Jesus. Wong kang andap-asor, kang ora ngumukake kepinterane lan keprigelane dewe, nanging kang mung migunakake kepinterane lan keprigelane kanggo srana ngabdi Gusti lan mitulungi wong lija. Wong kaja ngono bakal pada nduweni Bumi, j.i. Bumi kang didjandjekake Gusti wiwit Seda Dalem, j.i. Pirdus, Swarga.


11 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju IIL

 Rahaju kang pada nangis, j.i. wong kang keduwung tenan amarga dosane, lan kang nangisi dosane wong lija, kang susah amarga wong akeh isih terus nglakoni dosa wae, j.i. njepelekake katresnan Dalem Sri Jesus, Mitrane, Panebuse, Allahe.
 Wong kaja ngono bakal dilipur dening Sri Jesus Pribadi, kang uga, nalika Sugeng ana ing donja, muwun amarga dosaku. Aku uga bakal dilipur banget dening Sri Jesus ing Sakramen Bih, ing Kommuni Sutji, sadjroning Mis Sutji, jen aku keduwung, lan nangisi dosane wong lija.
N.B. Wiwit Rebo-awu tekan ing dina Rijaja Pantekostah kang kapindo meditasi² ora diurut-urutake miturut tanggale, nanging miturut dinaning Pasa lsp. Mulane jen wis tekan Rebo-awu, golekana meditasi Rebo-awu, bakda tanggal 6 Maret.


12 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju IV.

 Rahaju kang pada kumatjelu lan ngorong marang kabeneran, j.i. wong kang ngarep-arep banget dadi wong sutji, wong kang tjedak karo Sri Jesus, wong kang nulad Sri Jesus [ 42 ]

nanan, kang manunggal Sri Jesus serana Sakramen Maha-Sutji.

 Wong kaja ngono bakal pada pinaringan wareg, amarga Sri Jesus Pribadi kanti katresnan Dalem kang gede banget kersa menuhi idam-idamane.


13 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju V.

 Rahaju kang ambek welas, j.i. kang ora nuruti rasa mangkel, sengit, djotakan, mutung, nanging kang tansah gelem ngapura lupute wong lija, sanadjan malah disengiti utawa diserikake banget. Iku angel banget. Mulane prajoga banget Gusti Jesus karsa mulang ing „Kandjeng Rama ing Swarga”: sakatahing lepat njuwun pangapunten Dalem; dene kawula ugi ngapunten dateng sesami. Wong kang ora mung sembahjang kaja ngono, nanging uga nindakake iku, mesti bakal kawelasan.


14 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju VI.

 Rahaju kang resik ing ati, j.i. sengit karo dosa, kang gelem nampik marang panggoda, luwih kang murni atine, kang adoh karo dosa djenes.
 Resik lan murnining ati ditresnani banget dening Sri Jesus lan Ibu Dewi Marijah. Djaman saiki perlu banget ana pemuda-pemudi, bapak-ibu kang murni banget, amarga saiki panggodane akeh, amarga propaganda djenes akeh sarana film lan gambar.
 Wong kang resik atine bakal pada njawang Allah kang Maha-Resik lan Maha-Murni. [ 43 ]
15 PEBRUARI.


No. 65. Sabda rahaju VII.

 Rahaju kang ambek rukun. Adja lali menawa Sri Jesus Pribadi mulang! Sri Jesus kang tresna banget marang manungsa kabeh, ngarsakake menawa manungsa kabeh uga tresna-tinresnan lan rukun. Mulane wong kang ambek rukun, j.i. kang tansah kepengin rukun karo wong kabeh, patut disebut putraning Allah, sedulur Dalem Sri Jesus kang uga ambek rukun.


16 PEBRUARI

No. 65. Sabda rahaju VIII.

 Rahaju kang kakuja-kuja krana kabeneran. Gusti Jesus wis tau metja menawa wong Katulik, murid Dalem, bakal disengiti dening wong donja, amarga Sri Jesus Pribadi uga disengiti dening wong donja, nganti disedani ing kaju Salib.
 Aku iki warga Konggregasi, wis saguh ngudi dadi wong Katulik peng-pengan, dadi murid Dalem sedjati, mulane apese aku ora kena grundelan utawa mangkel jen aku dinjèk utawa disepelekake setitik dening wong kang durung ngandel ing Sri Jesus.


17 PEBRUARI

No. 66. Ujahing djagad.

 Kowe iku ujahing djagad (watjanen notese). Aku, warga Kongregasi, kudu seneng diwulangi kajá ngono dening Sri Jesus. Warga Konggregasi kudu dadi ujahing djagad tenan, ujah kang ngalang-alangi bosoking masarakat ing sakiwa-tengenku, ing sekolahan², ing asrama², ing kantor², ing perusahaan², ing [ 44 ]
brajat. Nanging: menawa ujah wis ilang semangate, wis lali marang sumpahe, bandjur sapa sing isih bakal njawabi masarakat supaja ngandel ing Sri Jesus?


18 PEBRUARI.

No. 66. Pepadanging djagad.

 Iku mau uga diwulangake Sri Jesus kanti mirunggan kanggo warga² Konggregasi: pepadangmu j.i. katresnanmu, agamamu sorotna marang wong, supaja pada weruha panggawemu betjik, ora supaja kowe diluhurake lan dialem kantjamu utawa panggedemu, nanging supaja wong lija kang weruh kowe, kepranan dening katresnanmu lan agamamu, lan temahan ngluhurake Ramamu kang ana ing Swarga, j.i. uga ngandel ing Allah Hjang Rama.


19 PEBRUARI

No. 67. Sang Kristus lan angger².

 Gusti Jesus rawuh supaja kabeh kang wis betjik, saja disampurnakake. Angger Dalem Allah kabeh betjik. Sing perlu dewe, ora mung mulangake angger² tok marang wong², nanging nindakake lan mulangake, loro-lorone. Jen aku dadi warga Konggregasi kang mung ngerti pranatané, nanging ora nindakake, jen aku mulangake Piwulang Dalem marang wong lija tanpa nindakake Piwulang Dalem disik, aku bandjur dadi wong Parisi, wong lamis, kang ora bakal mlebu ing kratoning Swarga.


20 PEBRUARI.

No. 68. Radja pati lan kanepson.

 Adja lali, iku uga Piwulang Dalem Sri Jesus Pribadi Gusti uga paring pitutur marang aku, warga Konggregasi: adja [ 45 ]
nepsoni sadulurmu, adja ngunek-unekake sadulurmu. Malah Gusti ngandika : aku bakal kaukum ing neraka, jen aku kanti ndjarag, kanti sengit ngunek-unekake sadulurku, nganti ora gelem wanuh maneh, terus sengit, neng-nengan. Kang iku........watjanen Piwulang Dalem Sri Jesus kang luhur iki: tinggalen pisungsungmu ana ing ngarep altar, rukuna disik karo sedulurmu, lan bandjur balia njaosna pisungsungmu.
  Apa aku nglakoni iku? Saguh tresna!


21 PEBRUARI.

No. 73. Tresna marang mungsuh.

  Watjanen temenanan Piwulang Dalem iki. Aku kabeh sok sengit, apese ketukulan rasa sengit. Aku digoda nuruti rasa sengit iku, supaja aku suwe? gelema sengit. Gusti ora ngersakake wong sengit-sengitan. Gusti dawuh tresna-tinresnan, malah dawuh tresna marang sing sengit marang aku. Jen kowe mung tresna marang wong sing nresnani kowe, bandjur apa gandjaranmu ? Tresna kaja ngono iku gampang banget. Gusti Jesus dawuh tresna marang mungsuhku, amarga mungsuhku uga ditresnani Gusti Jesus, sanadjan Gusti Jesus uga sengit karo dosane ! Katresnanku keprije ?


22 PEBRUARI

No. 44. Esti murni sadjrone aweh dana.

  Warga Konggregasi wadjib nglakoni sing betjik², Malah sing betjik² iku kudu katon uga. Karepku kang ora katon, kudu betjik, nanging uga pegawejanku kang katon. Wong lija bandjur bakal weruh pegawejanku iku, lan mbokmenawa bakal ngalem aku. Bandjur bisa dadi wong kang umuk......... [ 46 ]
sumutji-sutji, suwe² aku mung nglakoni sing betjik² rupane, ora merduli maneh bab karepku kang betjik. Aku bandjur mung kepengin dialem wong lija. Apa Ramaku isih bakal maringi gandjaranku?


23 PEBRUARI.

No. 75. Esti murni sadjrone sembahjang.

  Terang banget — Karsa Dalem Gusti — j.i. jen sembahjang kudu terus ing ati. Atiku, pikiranku, budiku kudu sembahjang. Wong lija ora perlu weruh, ora susah ngalem aku. Tjilaka aku, jen serana sembahjanganku, kanti ndjarag, aku narik perhatiane wong lija menjang ing aku. Sing pokok, j.i. Gusti Allah priksa marang atiku, priksa marang sembahjanganing atiku, priksa marang usahane atiku lan katresnaning atiku, supaja aku sembahjang.


24 PEBRUARI

No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.

  ,,Kangdjeng Rama ing Suwarga”. Kanthi andap-asor, kanti urmat kang gede banget, aku kudu miwiti sembahjang amarga aku bakal rembugan, guneman karo Allah.
  Allah iku: Ramaku — Bapak kang tresna tenan! Aku bisa pitaja marang Katresnan Dalem iku. Jen aku sembahjang, aku ora kena terus mikir-mikir bab awakku dewe. Gusti Jesus mulang menawa aku kudu mikir² bab Allah disik j.i. supaja Allah saja diluhurake, supaja Karsa Dalem ditindakna ing kene, dening wong kabeh, kaja ing suwarga.
25 PEBRUARI

No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.

  Sawise Allah diluhurake, aku uga kena, malah kudu [ 47 ]
njuwun warna² kanggo aku, j.i. supaja aku diparingana panguripan ing saben dinane, panguripan djasmani, nanging luwih² panguripan rohani, j.i. Salira Dalem Sri Jesus Pribadi Badanku butuh urip. Mengkono uga sukmaku butuh urip serana Sri Jesus.
  Sakatahing lepat njuwun pangapunten Dalem: prajoga, malah perlu, ing saben dinane, keduwung terus ing ati, amarga dosaku tansah ana bae. Nanging uga saguh lan nglakoni: Dene kawula inggih ngapunten dateng sesami.
26 PEBRUARI.

No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.

  Abdi Dalem njuwun lepat saking panggoda.
  Jen aku digoda, aku mesti kudu sembahjang kaja ngono. Nanging Gusti sok nglilani menawa aku digoda. Aku bandjur isih kudu sembahjang kaja ngono, supaja aku ora tiba, supaja aku terus bisa nampik marang panggoda, supaja aku menang,

supaja aku serana merangi panggoda saja bisa mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus. Terang uga: aku ora kena golek panggoda. Saha tinebihna saking piawon. Amin. Njuwuna supaja aku tansah gelem adoh karo setan, karo dosa, karo neraka!


27 PEBRUARI.

No.81. Kabutuhanmu njandang-mangan pasrahna Allah.

  N0. 81 iki kudu diwatja kanti taliti, kanti alon², supaja aku ngeri tenan tegese. Aku diwulangi Sri Jesus: Adja sumelang bab sandangan l.l.l. Gusti wis priksa. Gusti ngarsakake aku golek panguripan, pangan, sandangan. Gusti kok ora mutjal menawa aku kena kesed. Nanging, sawise aku wis ngudi, mbudidaja golek panguripan, aku bandjur ora kena terus sumelang maneh. [ 48 ]
Sawise aku golek panguripan, aku bandjur kudu masrahake sakabehe marang Gusti bae kang bandjur mesti karsa maringaka sabutuhku.


28 PEBRUARI.

No. 82. Adja memantjasi.

  Wigati banget, Piwulang Dalem Sri Jesus iki.
  Wong kabeh — aneh banget, seneng ngrasani wong lija, njatur, memantjasi. Iku kleru — dosa! Sebab apa? Wong kang ngrasani l.l.l. iku kurang tresna marang Sri Jesus, amarga wani ngrasani lan njatur wong kang ditresnani Gusti Jesus. Aku uga ora seneng jen wong lija ngrasani mitraku! Singkirna disik deleg

ing mripatmu.


29 PEBRUARI.

No. 83. Kapitajan sadjroning sembahjang.

  Gusti Allah, Ramaku, rena ngabulake sembahjangan lan : _panjuwunku, amarga Gusti Allah tresna marang aku! Lha rak Ramaku tenan ta!
  Nanging, Allah kang Maha-Tresna iku, uga sengit karo dosaku. Jen Gusti priksa menawa kang dak suwun bisa ndjalari dosaku, utawa tjilakaku, bandjur Allah, Ramaku mesti ora arsa ngabulake panjuwunku. Lha Gusti luwih priksa marang butuhku kang pokok, kang sedjati. Mulane adja gumun dene sok ora karsa maringake kang dak suwun. Jen aku sembahjang, aku mesti bakal diparingi sing luwih tjotjog karo butuhku kang sedjati.


1 MARET.

No. 84 & 85. Mustikaning angger² katresnan.

  Mung Gusti Jesus bisa njiptakake mustikaning angger² [ 49 ]
katresnan iki. Iki bisa dadi sawidjining pedoman kanggo uripmu: adja nglakoni apa² tumrap ing wong lija, kang ora diarep-arep saka wong lija tumraping aku.
  Tjijut gapurane — tjilik dalane kautaman iku. Wong kang gelem, kerep nindakake kautaman tenan, katresnan sedjati, iku mung setitik, amarga nglakoni iku mesti angel. Angel’, bisa dak enggo mbuktekake katresnanku.
2 MARET.

No. 86. Diweweka ana nabi gadungan.

  Nabi gadungan — upamane wong kang nggoda marang aku. Mesti bae — tembunge manis — kelakuane, patrape tumrap ing aku; alus. Nanging, aku bisa ngerti marang karepe kang ala, marga saka pegawejane, j.i. wonge kepengin oleh apa saka aku? Sanadjan etok² tresna marang aku, aku isih kudu nampik panggodane kabeh, amarga katresnane iki palsu, lamis mung kepengin nuruti hawa-nepsune. Wong kaja ngono satemene mung tresna karo awake dewe. Wong ala ngatonake alane saka kekandunganane kang ala.


3 MARET.

No. 87. Dudu tembung.....

  Piwulang Dalem Sri Jesus iki kudu kerep dak pikir². Mesti bae aku uga wis tau sembahjang kanti apik, nanging sawise sembahjang bisa uga aku bandjur lali blas marang Gusti lan Katresnan Dalem. Malah mbokmenawa aku nembe nampa Salira Dalem, bandjur, bakda Mis, terus padu maneh karo kantja utawa sadulur. Bandjur terang: aku ora netepi: Piwulang Dalem Sri Jesus iki. Mulane perlu banget mbangun, miturut upamana, j.i. nindakake Karsa Dalem! [ 50 ]
4 MARET.

No. 88. Omah ana ing padas.............

 Wong kang ngrungokake tembung iki, bandjur dilakoni...., iku wong kang bisa dipitaja, wong kang tresna tenan karo Sri Jesus, wong kang mbuktekake katresnane. Wong kaja ngono gawe pandemen kang djero banget kanggo uripe. Uripe, kelakuane bandjur ora adedasar tembung tok, nanging adedasar kautaman² kang dibangun mbaka setitik serana nglakoni Karsa Dalem.
 Beda banget karo wong sing ngrungoake Piwulang Dalem tanpa ngestoake. Aku keprije ?


5 MARET.

No. 89, Warase abdine Penatus.

 Weruha pengandele Penatus. Gede banget pengandele. Tur: tresna karo abdine. Mulane Gusti eram ing panggalih. Wong akeh ora ngandel. Saja akeh ora tresna. Jen pengandelku, lan katresnanku uga gede, aku uga bakal saja ditresnani Sri Jesus !
 Seneng aku? Bandjur perlu kerep meditasi supaja pengandel lan katresnanku mundak gede.


6 MARET.

No. 90. Djedjaka anake weranda ing Naim

 Gusti Jesus tansah rena nglipur wong kang susah : wis adja nangis. Gusti malah karsa nangekake djaka kang mati, supaja bijunge bungah maneh. Keprije aku, jen aku susah? Apa aku bandjur nuruti susahku, nganti aku lali marang Sri Jesus? Nganti aku meh ora gelem dilipur, amarga aku ora trima, atiku [ 51 ]
delandene aku kudu nandang sangsara setitik ? Bingung, amarga susahku iku kleru banget. Aku bandjur kurang ndjagakake Gusti, kang bandjur ora bisa nglipur aku.


REBO-AWU.

Elinga manungsa jen kowe iku lebu, lan bakal dadi lebu maneh.

 Dina iki wiwitane mangsa Pasa. Wektu kanggo ngurbanake awake dewe kundjuk Gusti. Wektu kanggo ngeling-eling menawa aku iki manungsa, titah Dalem; menawa badanku bakal dadi lebu maneh. Wektu kanggo ngudi andap-asor, serana ngeling-eling lan nglimbang-limbang bab Sangsara Dalem Sri Jesus. Wektu kanggo mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus serana ngurbanake awakku dewe, j.i. luwih sregep sembahjang, kerep nampa Salira Dalem, ngendaleni hawa nepsu, ora nonton film, ngendaleni kesenengan djadjan 1.1.1. Pasane warga. Konggregasi pantes dianggo kurban.


KEMIS BAKDA REBO-AWU

No. 269. Judas tjidra

 Judas wis nderek Sri Jesus telung taun suwene. Judas ditimbali Sri Jesus, Judas ditresnani Gusti. Ewasemono, saiki wis nijat lan ngudi ngulungake Sang Kristus ing tangane para Parisi.
 Iku djenenge njidrani Gusti Jesus. Dosa gede. Iku wiwitane sangsara Dalem Sri Jesus-ditjidrani dening mitra Dalem. Sanadjan sangsaraning Salira Dalem bakal akeh lan gede banget, ewasemono sangsaraning Sukma lan Tyas Dalem luwih gede maneh j.i. ditjidrani mitrane dewe. Aku uga mitra Dalem! [ 52 ]
DJEMUWAH BAKDA REBO-AWU.


No. 270 — 271. Tata2 pista Paskahan.

 Gusti Jesus nganakake pista Paskahan Jahudi kang pungkasan karo murid² Dalem. Nanging ora mung karsa ngrijajakake Pista Paskahan Jahudi, uga karsa maringake Tjempe anjar marang bangsa manungsa. Tjempening wong Jahudi, kang dikurbanake ing dina Paskah Jahudi mung dadi tandaning Tjempening Allah, kang bakal dikurbanake ing salib, dina Djemuwah Adi. Sri Jesus Pribadi karsa djumeneng Tjempe anjar iki kanggo Pradjandjian Anjar, kanggo manungsa kabeh, j.i. serana Kurban Salib, lan serana Kurban Mis Sutji ing saben-dinane. Matur nuwun Gusti.


SAPTU BAKDA REBO-AWU.

No. 272. Dredahe para rasul.

 Gusti Jesus karsa ngladeni para Rasul, para Murid, lan manungsa kabeh serana Kurban Dalem.
 Sri Jesus kang luhur dewe ing saantarane manungsa, amarga djumeneng Allah Hjang Putra, karsa djumeneng abdining manungsa. Ora mung karsa ngabdeni manungsa kaja abdi lumrah, nanging karsa ngurbanake sugeng lan Salira Dalem kanggo aku uga. Apa aku bandjur isih wani umuk ? Apa aku bandjur isih wani njepelekake wong lija, kang ditresnani Sri Jesus ? Apa aku isih sok nampik mitulungi, ngladeni wong lija?


NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 273. Gusti Jesus midjiki sikile para Rasul

 Sri Jesus terus mulang marang aku, ora mung serana Pi[ 53 ]
wulang², nanging luwih2 serana Tulada Dalem. Sanadjan Gusti Jesus jakin banget menawa djumeneng Allah Hjang. Putra, ewasemono uga karsa djumeneng andap-asor banget, karsa ngladeni para Rasul, nganti karsa midjiki sikile para Rasul. Nanging miturut adate wong Jahudi, kang midjiki sikile para dajoh iku abdi kang asor dewe. Umukku keprije ?


SENEN BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA.

No. 274. Wong sing njidrani didumuk.

 Gusti Jesus wis suwe priksa menawa si Judas bakal njidrani Salira Dalém. Ewasemono Gusti terus tresna, terus narik lan nggigah Judas supaja mertobata. Ing kene Gusti karsa nerangake marang Judas menawa bakal bilai wong kang njidra Putraning: Manungsa, j.i. Gusti Jesus. „Luwih prajoga upama wong mau ora lair”. Nggegirisi banget pangandika Dalem Gusti iki. Tjilakane Judas ora dikarsakake Gusti, nanging dipilih si Judas dewe. Judas dewe gelem njidrani Sri Jesus, mulane gelem tjilaka.


SELASA BAKSA NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 275. Jasane Sakramen Maha Sutji.

 Watjanen nomor iki kanti alon2. Gusti Jesus jasa Sakramen Maha-Sutji: „Iki saliraku, kang pinaringake marang kowe”. Kanggo aku! Gusti Jesus Pribadi! Pikiranku ora bisa njandak iki. AKu ngandel kanti katresnan, amarga Gusti Jesus sing ngandika. Gusti Jesus uga maringake panguwasa marang para imam, j.i. : supaja bisaa malihake roti dadi Salira Dalem. Wiwit wektu iku Gusti Jesus lestari ana ing donja iki, kanggo aku uga, asesinglon rupa roti, Matur nuwun! [ 54 ]
REBO BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA.


No. 277. Gusti metja anggone Petrus bakal selak.

 S. Petrus durung djumeneng Kangdjeng S. Bapa kang kapisan. S. Petrus tresna marang Sri Jesus. Nanging, kebangeten enggone ndjagakake kekuwatane dewe. S, Petrus saguh2 bae-amarga kirane — bisa netepi djandjine, ora ndjagakake Sih Dalem Gusti. Gusti Jesus wis priksa iku. Mulane karsa nuturi Petrus. Aku uga ora kena ndjagakake kekuwatanku dewe tok. Kudu ndjagakake Sih Dalem. Kudu kepengin nampa pituture wong lija, luwih2 pituture wong tuwaku, panggedeku, Rama-bihku.


KEMIS BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 278 & 279. "Aku iki dalan".

 Gusti Jesus karsa tindak, j.i. serana Seda Dalem tindak menjang Swarga. Ora perlu kaget. Gusti sowan Hjang Rama, kang djumeneng sidji karo Hjang Putra j.i. Sri Jesus. Sri Jesus minggah Swarga, perlu njawisake papan kanggo aku. Papanku wis ana ing swarga. Aku mung kari nglakoni sing diwulangake Gusti. Aku bandjur mesti bakal oleh papan iku.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 282. Kowe ora bakal dak tinggal kaja dene botjah lola.

 Sanadjan Gusti Jesus bakal seda lan minggah Swarga, ewasemono aku kabeh bandjur ora kapiran. Gusti Jesus terus tresna marang aku, saja jen aku tresna tenanan marang Sri Jesus sarana ngestokake Dawuh Dalem. Gusti Jesus malah bandjur [ 55 ]
karsa medarake Salira Dalem marang aku, j.i. karsa saja tjedak karo aku, lan aku bandjur bakal saja ngalami lan ngrasakake Katresnan Dalem, nganti aku ora bisa urip tanpa Sri Jesus lan Katresnan Dalem.


SAPTU BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA.

No. 284. Pralambang wit anggur karo pange.

Jen aku kedunungan Sih Kasusantan, aku bandjur manunggal Sri Jesus j.i. Sih Dalem, Sugeng Dalem Sri Jesus Pribadi uga ana ing sukmaku.
Gusti karsa supaja aku saja madju, j.i. supaja Sih Dalem iku saja urip ana ing atiku. Aku bandjur sok ditjoba, diparingi sangsara, supaja aku diresikake. Jen aku bandjur saja ngelingi Katresnan Dalem, saja ngandel menawa Sugeng Dalem Sri Jesus terus ana ing atiku, aku ora susah wedi. Tanpa S. Kristus aku ora bisa apa². Karo S. Kristus, kang ana ing atiku, sanadjan aku digoda banget, aku bisa madju banget, malah tansah saja tjedak karo Sri Jesus.


NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 285. Angger² bab katresnan marang sapada-pada.

Pangandika Dalem Sri Jesus iki wigati banget. Tembung-tembunge, sidji-sidjine, ana tegese kang djero lan luhur banget, kang perlu daktindakake. Aku dadi mitra Dalem, jen aku ngestokake Dawuh Dalem. Dudu kowe sing milih Aku, nanging Aku sing milih kowe. Katresnan Dalem S. Kristus, tansah ndisiki katresnanku.
Dipada tresna-tinresnan. Aku ngerti iku? Aku nglakoni?
[ 56 ]
SENEN BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA

No. 286. Donja sengit marang para murid Dalem Gusti.

Warga Konggregasi mesti wis dadi murid Dalem. Mulane, adja gumun, adja serik, jen si donja sengit marang kowe. Gusti Jesus uga wis ngandika, menawa si donja uga sengit karo Sri Jesus. Si donja iki apa? Si donja j.i. wong kang wis ana ing kuwasane si setan. Amarga si setan sengit karo Sri Jesus, wong mau uga sengit. Bisa uga aku wis, utawa bakal disepelekake wong lija, di-kuja² — dipateni. Bisa uga kelakon. Perlu wedi ? Ora! Gusti Jesus wis ngandika: ,,Ora ana katresnan kang luwih gede tinimbang katresnane wong kang ngetohake njawane kanggo mitrane". Mitraku j.i. Sri Jesus. Ana wong akeh kang sengit karo Sri Jesus, karo Agama Dalem, karo murid Dalem. Wong Katulik saiki akeh uga dikundjara, disiksa, dipateni. Gusti wis metja iku kabeh, supaja samangsa wis tekan wektune, aku kelingan.


SELASA BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 294. Gusti Jesus sembahjang ing Patamanan Djaetun.

Murid Dalem turu! Jen aku sembahjang, aku uga setengah turu? Nggelani Gusti?
Gusti Jesus sembahjang, amarga adjrih seda. Seda Dalem nggegirisi banget. Gusti Jesus, tuhu Manungsa, uga ora rena seda, saja ora rena seda kaja ngono.
Gusti Jesus susah banget. Aku kudu ngerti iku, amarga Gusti nandang sangsara iki kanggo aku. Saiki aku isih bisa nglipur Tyas Dalem, serana nggatekake katresnan Dalem, jen aku meditasi, nderek Mis, utawa sembahjang warna-warna.
[ 57 ]
REBO BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 296—297, Si tjidra nutjup.

Rasul Dalem Sri Jesus, j.i. Judas, njidrani Putraning Manungsa, Rasul kang ditresnani banget dening Gusti. Dosane gede banget. Aku uga bisa nglakoni dosa kaja ngono serana dosa nerak angker, liwuh² jen nampa Salira Dalem kanti dosa gede. Muga² katresnan Dalem Sri Jesus tansah urip ing atiku, nganti aku ora bisa njidrani Gusti kaja ngono.


KEMIS BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 298. Kamuljan Dalem Gusti Jesus mrabawani para mungsuh.

Gusti Jesus, sadurunge ditjekel, karsa mbuktekake Kaallahan Dalem maneh. Gusti Jesus ora bisa ditjekel, jen Pandjenengane Pribadi ora karsa ditjekel. Terang, Gusti karsa ngurbanake Salira Dalem kanggo aku, kanggo nebus aku. Si Judas lan para serdadu lan para Parisi, kang kebak ing pepenginan kang asor banget, ora gelem mertobat. Hawa-nepsune mblerengi atine. Atine wis atos, sengit. Wis ora gelem dipitulungi Gusti, Gusti ora lali marang murid Dalem — wong² iki kareben lunga. Matur nuwun Gusti.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 299. Petrus nangkis Malchus.

Perus iku kendel banget, Kepengin mbelani Gustine, karepe Petrus iku betjik. Nanging Gusti Jesus ora karsa ditanggulangi dening pedang². Jen Allah Hjang Rama karsa mitulungi Gusti, mesti ngutus malaekat Dalem. Maneh: terang banget: Gusti Jesus karsa ngurbanake Salira Dalem, kanggo
[ 58 ]

manungsa kabeh, amarga dikersakake Allah Hjang Rama. Nggumunake banget katresnan Dalem iki. Mung katresnan bisa ngurbanake awake dewe.


SAPTU BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 300 & 301. Gusti Jesus kabesta. Para murid bubar.

Saiki dadi kuwasaning pepeteng, j.i, si setan. Sawatara waktu si setan bakal bisa njiksa Sri Jesus. Bakal terang saiki: sing njiksa Sri Jesus: si setan utawa manungsa - lan aku kang sok dadi kaki-tangane si setan serana dosaku. Asta Dalem Sri Jesus kabesta. Asta Dalem kang tansah mung mberkahi lan mbetjiki manungsa.

Dosaku uga mbesta Asta Dalem, nganti Gusti ora bisa mberkahi aku maneh, amarga serana dosaku aku ora gelem diberkahi, Murid mlaju-ngungsi. Aku keprije?


NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 302. Gusti Jesus ana ing ngareping Annas.

Gusti Jesus ora karsa mangsuli marang Annas, amarga Annas ora duwe hak takon marang Sri Jesus. Tur Sri Jesus iki tansah mulang ing ngarepe wong akeh. Wong kabeh ngerti menawa Sri Jesus ora salah. Nanging karepe wong Parisi lan imam² Jahudi wis ala, sengit marang Sri Jesus, amarga Gusti Jesus, Allah Hjang Putra, ora ngersakake menawa rakjat Jahudi diperes lan diapusi dening wong Parisi iku.

Bandjur ana sawidjining saradadu sing napuk wadana Dalem. Sri Jesus, Panebusku, ditapuki. Gusti Jesus disepelekake banget. Wangsulan Dalem Sri Jesus penuh ing sabar. Jen aku disepelekake setitik, aku keprije? Bandjur lali marang Tulada

Dalem iki ? [ 59 ]
SENEN BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 303. Ana ing ngarsane Kaiphas.

Kabeh golek paseksen goroh perlu kanggo njedani Gusti Jesus. Nanging, seksi² kang goroh ora bisa tjotjog. Mulane, ing ngarepe imam Agung Kaiphas, dibuktekake maneh menewa Sri Jesus djumeneng Sang Kristus, Putraning Allah. Bandjur Gusti Jesus mangsuli terus terang: Inggih, kula punika Sang Kristus. Lan Kaiphas ora kleru tampa, ngendika menawa Sri Jesus njamah Gusti Allah. Ija, aku uga ngandel menawa Sri Jesus iku Putraning Allah, sanadjan bakal disedani dening wong dosa.


SELASA BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA

No. 304. Gusti diwirangake.

Watjanen tembung sidji-sidjine saka nomer iki. Rasakna kewirangan kang dirasakake Sri Jesus, Panebusku. Sri Jesus kang tresna marang aku; Sri Jesus kang nebus aku; Sri Jesus tresna marang aku nganti karsa diwirangake ngono, Umukku.........!


REBO BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA

No. 305. Njelaki kang kapisan.

Di-limbang² tenanan bab Petrus kang njelaki Gusti, amarga aku uga kerep wedi lan djirih banget jang aku diarani warna dening wong lija. Ora perlu aku ngluputake Petrus kang njelaki Gusti, amarga wedi karo abdi wadon.

Prajoga awakku dewe kang dakluputake, prajoga dakakon wae menawa aku wedi lan djirih banget, jen aku dirasani setitik. Wah, umukku iki tansah ndjalari aku wedi diwirangake wong lija. Aku malah kerep isin ngakoni ing ngarepe kantjaku me[ 60 ]

nawa Sri Jesus iku djumeneng Mitraku, Panebusku, kabegdjanku. Apa iku patut kanggo warga Konggregasi?


KEMIS BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 306 & 307. Selak kang kapindo lan kang katelu

 Petrus wani tjalatu: Kula boten wanuh kalijan tijang punika. Petrus goroh, amarga wis tepung banget karo Sri Jesus. Petrus malah ditresnani banget dening Sri Jesus. Petrus ngerti banget! Nanging umuke Petrus ora gelem ngakoni iku, amarga wedi, bandjur katut disepelekake wong Jahudi. Aku uga, ditresnani dening Sri Jesus. Sri Jesus uga daktresnani. Nanging umukku lan wediku kerep menang karo katresnan iku. Aku uga wedi disepelekake wong krana S. Kristus. Eman banget! Gusti menga lan mriksani Petrus, Petrus metu, lan nangis kelara-lara. Aku keprije ?


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 308, Pantjasan katetepake.

 Jen Sri Jesus didangu apa djumeneng S. Kristus, iku ora tau diselaki „Djer mila makaten”.
 Nanging para Parisi ora gelem ngandel, sanadjan wis njipati dewe mukdjidjat Dalem. Sebab apa? Amarga atine atos. Amarga umuke. Amarga bandjur uga kudu ngakoni, ngurmati, nresnani Sri Jesus. Amarga bandjur kudu ngluputake kelakuane dek bijen, sikape dek bijen tumrap ing Sang Kristus.


SAPTU BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 309 & 310. Patine Judas

 S. Petrus, sawise njelaki Gusti, bandjur keduwung. Judas [ 61 ]
beda. Ora keduwung, nanging entek pangarep-arepe, Negegirisi patine Judas iku. Gusti Jesus malah wis ngandika: Luwih prajoga upama wong mau ora lair. Wong tjilaka. Nggegirisi sabda Dalem Sri Jesus iki. O, hawa-nepsuku ikw uga bisa nglarak aka menjang enteking pangarep-arep, Eman, Judas ora gelem, menawa Sri Jesus ngapura dosane, Muga? atiku ora tau atos, kaja atine Judas.


NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 311 Santolane Gupermen.

  Wong² Jahudi wani matur marang Pilatus: Manawi sanes durdjana...... Sri Jesus iki dipadakake durdjana, Gusti Jesus! Sebab apa ta iki kabeh ? Wong Jahudi saiki wis ora gelem ngalah. Gusti Jesus kudu disedani, Gusti Jesus dikurbanake marang umuke wong Jahudi. Aku uga sok ngurbanake Gusti marang umukku ? Aku uga kKerep ora gelem ngalah ? Djotakan? Mutung ? Nglokro? Katresnan Dalem Gusti bandjur dakusir saka atiku. Gusti Jesus dakkurbanake marang umukku.


SENEN BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 313. Dipriksa. pijambakan.

  Jen Sri Jesus didangu Pilatus apa djumeneng Ratu, Gusti bandjur uga mangsuli: Kula punika Ratu, Sri Jesus ora mung ora tau ngapusi, nanging uga tansah karsa mangsuli wong kang nakokake sing njata, Sri Jesus djumeneng Ratu, Iku njata banget, Ratu amarga nitahake manungsa, Wong kang djudjur, kang ngenggoni kanjataan, kang mung kepengin ngerti marang sing njata. Iku mesti nampa Piwulang Dalem. Aku iki keprije? [ 62 ]
SELASA BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 314 Pandakwa anjar saka Sanhedrin.

  Saiki Gusti Jesus ora karsa mangsuli maneh. Sebab apa ? Amarga pandakwa²-ne wong Jahudi babar pisan ora njata, Gorohe, apuse wong Jahudi wis dibuktekake dening kang diwulangake lan kang ditindakake dening Sri Jesus, Jen Pilatus karsa nitipriksa iku mau, bandjur kanti gampang bisa priksa dewe menawa wong Jahudi, wong Parisi, Ahli Kitab lan Imam Jahudi mung goroh, Mulane Gusti Jesus kendel bae, Aku uga, jen didakwa, diarani alaku, dirasani, disepelekake, bandjur kerep prajoga meneng bae. Iku djenenge nulad Sri Jesus.


REBO BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 315. Prabu Herodes.

  Gusti Jesus ora kersa paring wangsulan ! Herodes iku sawidjining prabu kang djenes banget. Wong kang djenes iku mung nuruti hawa-nepsune kang asor banget. Mulane wong kaja ngono, atine uga rusak, kebak ing djedjenes, nganti wis ora bisa ngrungokake swaraning Gusti ing sadjroning atine. Mulane Gusti uga ora karsa nerangake apa² maneh, amarga mesti ora ditampa wong djenes iku. Aku iki keprije ? Kamurnenku ? Wis tau ngalami aku mesti adoh karo Gusti, jen nuruti hawa nepsu djenés? Gambar-gambar! Film²! Mingguan²! Kantja-kantja!


KEMIS BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 317—320. Jesus apa Barabas.

  Pilatus isih golek santolan maneh, supaja Gusti Jesus kang babar pisan ora salah, bisaa diluwarake. Nanging Pilatus wedi lan djirih. Mulane tansah golek santolan². Saiki malah [ 63 ]
Gusti Jesus dipadakake karo si Barabas, sawidjining durdjana kang gede. Mulane Gusti wis dianggep durdjana, Mesakake banget Pilatus iki. Watjanen pangandikaning garwane Pilatus. Watjanen pambengoke wong Jahudi: ,,Kasirnakna tijang punika”. ,,Kapentanga !” Nggegirisi banget. Manungsa kok bisa asor kaja ngono, Pambengoke oleh gawe².


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

kaja ngono. Pambengoke oleh gawe...

  Salira Dalem Sri Jesus saiki nandang sangsara kang abot banget. Tanpa luput, tanpa salah, tanpa dosa, kok disapu tjara Kang nggegirisi banget. Gusti Jesus kersa nandang sangsara Kaja ngono, kanggo aku! Ora mung kanggo wong lija! Kanggo aku, wong dosa! Aku, kang wis kerep njepelekake Katresnan Dalem Sri Jesus serana dosaku!.Gusti Jesus, kanti mirunggan kersa nebus dosa djenes, dosaning wong kang ngugung badane, kang nuruti hawa nepsune.
  Kawula matur nuwun sanget Gusti, lan kawula sagah boten bade nuruti hawa nepsu malih?. Kawula boten purun kesupen dateng Katresnan Dalem malih.


SAPTU BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 323, ,,Delengen, gilo wonge.”

  Wonge, ji, Sri Jesus, kang wis disapu, kang sa-Salira Dalem kebak tata gede. Gustiku, amakuta eri. Gusti Jesus saiki mung menggalih manungsa2, aku uga.
  Nanging, kedjem lan sengite wong Jahudi durung trima. Kapentanga! Kudu seda - kudu sirna saka donja iki. Ja, bakal sirna, supaja wungu maneh, nebus aku. Gatekna maneh: [ 64 ]

„tijang punika kedah pedjah, awit pijambakipun ngaken Putraning Allah,” Mulane Sri Jesus, Putraning Allah, seda, amarga mesti kudu ngandika miturut kenjataan. Gusti, kawula pitados, Sampejan Dalem djumeneng Putraning Allah, i.p. Allah Hjang Putra.

NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 324. Putraning Allah?

Djirihe Pilatus saiki katara maneh. Gusti Jesus kang isih ngagem makuta eri, kang isih gerah amarga disapu, didjak rembugan maneh. Gusti Jesus mung karsa paring wangsulan marang Pilatus, supaja Pilatus luwih ngerti, menawa kuwasane Pilatus iku saka Allah. Pilatus ora duwe kuwasa, supaja Sri Jesus bandjur mentang utawa ngluwari sakarep-karepe. Sri Jesus mulang, sanadjan gerah banget. Aku? Jen kudu mulang, njambut gawe, terus wegah bae?

SENEN BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 325. Gupernur njoba kang wekasan.

Prajoga dilimbang-limbang setitik maneh bab Pilatus lan Sri Jesus, amarga aku uga sok ngemperi Pilatus serana umukku lan djirihku. Wah, kerep banget, Pilatusku menang karo Gustiku, ing sadjroning atiku. Pilatus iku ora tau terus terang. Satemene kepengin ngluwari Sri Jesus, amarga Gusti ora salah. Nanging iku wis ora diterangake marang wong Jahudi, amarga

djirih. Mulane kepengin nggugah welase wong Jahudi, Nanging iku wis mokal. Mesakake Pilatus iku. Mesakake aku, jen aku wedi, djirih, nganti uga ora wani blaka lan terus terang. [ 65 ]
SELASA BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 326. Putusan.

  Kirane Pilatus, ora melu kaluputan ing ngatase getihe wong mursid iki, Aku uga sok etok² ing lair, ora duwe dosa, sanadjan ing batin aku ngerti menawa ana dosaku, lan serana dosaku aku njepelekake Gusti.
  Sri Jesus bandjur dipasrahake Pilatus marang karepe wong golongan, supaja kapentanga.
  Iku akibate sengite Parisi lan djirihe Pilatus, Prajoga aku nangis saiki, amarga djirihe Pilatus uga ana ing atiku, lan sengite Parisi uga, Muga² kakalahna dening Katresnan Dalem.


REBO BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 327. Simon wong Sirene.

  Gusti manggul salib pijambak, Bokmenawa aku wis kerep melu sembahjang dalan pamentangan. Prajoga, malah kerepa bae, supaja aku nulad Gusti, j.j. manggul salibku, netepi kuwadjibanku, merangi panggoda. Tanpa salib, manungsa ora bisa mbuktekake katresnane marang Sri Jesus. Muga² ora perlu aku dipeksa manggulake Salib Dalem, nanging kepengin manggul salib kondjuk Gusti, Panebusku.


KEMIS BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM

No. 328. Wong² wadon ing Jerusalem.

  Wong-wong wadon iku nangisi Gusti, ora nglipur Gusti. Wong² wadon iku susah, nanging durung ngerti tenan sebabe sangsara Dalem. Sebabe: dosane manungsa. Iku perlu ditangisi. Perlu nangisi awakku dewe, dosaku! Gusti Jesus saiki [ 66 ]
Jahudi uga! Ratu kang Mahakuwasa, kang nitahake wong Janandang bakal tumeka sangsara kerana dosaku. Nanging mangsane, menawa donja iki bakal sirna, uga amarga dosane manungsa. Mulane Gusti Jesus ngandika: Jen isih idjo wae dimengkenekake (j.i. Gusti Jesus kang Maha-Sutji wis kudu nandang sangsara kaja ngono amarga dosane manungsa) mendah iba anggone nggarap kaju aking (j.i. wong dosa, kang ora gelem mertobat, kang wis atos atine, kang bakal katjemplungake menjang neraka).


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 329. Rijajaning Ibu Sungkawa

 Ing Indjil ora diterangake bab Ibu Dewi Marijah lan Sri Jesus petukan ana ing dalan Pamentangan, Nanging wong Katulik kabeh, kang ngerti setitik bab Ibu Dewi Marijah, uga ngerti menawa Ibu Dewi Marijah mesti karsa nglipur Sri Jesus, mesti uga ana ing dalan Pamentangan, kaja uga ana ing; sangisore Salib. Limbang-limbangen sangsaraning Ibu, kang priksa Putra Dalem nandang sangsara kaja ngono, disepelekake, diusir, disengiti. Ibu tresna, Sri Jesus tresna, ewasemono ora ana maneh ing sadonja iki kang nandang sangsara kaja Ibu utawa Sri Jesus. Jen aku tresna tenanan, uga kerep kudu wani nderek Sangsara Dalem!


SAPTU BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 330, Tulisan sanduwuring salib.

 Nggumunake banget dene ditulis: Ratuning wong Jahudi, ning kok iku diemohi wong Jahudi
 Mula, tenan, Gusti Jesus iku djumeneng Ratuning wong [ 67 ]
hudi uga Kanti katresnan. Ratu kang Maha-tresna, amarga nebus wong Jahudi uga serana Pamentangan.
 I.N.RI. — tegese: Jesus Nasaret, Ratu wong Jahudi.


NGAHAD PALEM.

No. 332, Panguman-uman marang Gusti Jesus ngarepake' seda,

 Gusti Jesus wis dipentang. Rasakna gerahing Asta lan Sampejan Dalem Sri Jesus, amarga paku gede iku dipalu ing Asta lan Sampejan Dalem. Nggegirisi! Dosaku! Lan sanadjan Gusti Jesus gerah banget, wong Jahudi isih terus wae enggone nguman-uman Gusti. Watjanen pembengoke wong golongan! Ja, Sang Kristus bisa medak saka Salib Dalem, Nanging: ora kersa! Mung kersa nebus, uga wong? kang nguman-uman, Gusti Jesus karsa dipaku ing Salib Dalem dening Katresnan Dalem, tinimbang dening pakune wong Jahudi. Matur nuwun Gusti.


SENEN ING MINGGU ADI

No. 333, Mertobate begal utama.

 Dajaning Sangsara Dalem, j.i. Sih Dalem Sang Kristus wis tumandang, wis mranani atine begal sidji. Gusti Jesus rena banget. Enggone nandang sangsara rak mligi kanggo wong dosa, supaja mertobata. Lha iki ana sidji kang mertobat terusing ati. Begale bandjur sembahjang. Lan Gusti Jesus terus paring wangsulan: Dina iki uga kowe bakal bareng Aku lumebu ing Pirdus. Iba bungahe begal iku. Saja nalika nderek Sri Jesus munggah swarga.


SELASA ING MINGGU ADI

No. 334. Ibu Dalem Gusti Jesus lan Ibuning para Manungsa.

 Adja sok lali maneh: Ibu Dewi Marijah djumeneng satje[ 68 ]

dake Salib Dalem Sri Jesus, Kendel banget Ibu Mesti bae Ibu nandang sangsara kang gede banget. Nanging Ibu uga kuwat banget amarga tresna karo Sri Jesus. Ibu kang tresna banget, kang kuwat banget, diparingake Gusti Jesus marang manungsa kabeh, luwih² marang wong Katulik, luwih² maneh marang Warga Konggregasi. S. Johannes Rasul dadi wakile bangsa manungsa, dadi wakilku enggone nampa Ibu Dewi Marijah. Mulane: Ibuning Allah — Ibuku.


REBO ING MINGGU ADI.

No. 335. Sabda kang wekasan.

 Saiki dilimbang-limbang bab Sabda Dalem Sri Jesus kang wekasan. Sangsara Dalem Sri Jesus gede banget, nganti kaja² ditilar Allah. Sri Jesus, Allah Hjang Putra, kang djumeneng sidji karo Allah Hjang Rama, saiki Manungsa kepentjil banget, amarga karsa manggul dosane manungsa, karsa uga manggul siksaning dosa, Sangsara lan tjilaka kang gede dewe, j.i. jen dipisah karo Allah. Sri Jesus saiki rumangsa tjilaka banget, amarga dipisah karo Allah. Dosane manungsa, misahake manungsa saka Allah. Sri Jesus ora bisa dipisahake saka Allah Hjang Rama. Mung bae Gusti karsa nandang sangsara iki, supaja uga bisa nebus manungsa kang wis urip adoh banget saka Gusti Allah. Aku uga kerep kudu njembahjangake wong dosa, ngurbanake awakku dewe kanggo wong dosa, ngarep-arep supaja sukma akeh sing bisa munggah swarga.


KEMIS PUTIH.

No. 275. Dinane Gusti Jesus jasa Sakramen Maha Sutji.

 Wis 1900 taun kepungkur Gusti Jesus jasa Sakramen Maha Sutji. Ekaristi! Tegese: Atur panuwun. Gusti Jesus tansah [ 69 ]

karsa ana ing donja iki, arupa roti, amarga Gusti tresna. Karsa manunggal aku kabeh — amarga manungsa butuh Sri Jesus. Aku kang wis ngandel ing S. Kristus rak wis ora bisa begdja, ora bisa tentrem lan bungah, tanpa Sri Jesus ing Sakramen Maha-Sutji. Gusti Jesus tansah ana, tansah karsa mitulungi aku, tansah karsa nglipur aku, tansah bisa disowani. Mung bae, aku iki kurang enggonku matur nuwun. Mulane Gusti Jesus uga ana ing Sakramen Maha-Sutji, supaja aku bisaa matur nuwun karo Sri Jesus, matur nuwun dene Gusti Allah tansah karsa maringake Katresnan Dalem marang aku. Dina iki perlu kerep sowan Sri Jesus lan matur — „Matur nuwun”.

DJEMUWAH ADI.

No. 336 — 339. Gusti Jesus seda.

„Wus kaleksanan”. Kang didawuhake dening Allah Hjang Rama, supaja ditindakake dening Sri Jesus, saiki wis rampung kabeh. Sangsara Dalem, Kurban Dalem wis rampung, Gusti ngandika Pribadi. Kurban kanggo aku, Gusti Jesus masrahake Djiwa Dalem ing Asta Dalem Hjang Rama. Gusti Jesus kondur menjang Allah Hjang Rama. Sangsara kang gede dewe, kang abot dewe, kang penuh dewe ing katresnan, saiki rampung. Mulane patut menawa dina iki aku kerep nglimbang-nglimbang bab Seda Dalem Sri Jesus, amarga aku uga ditebus serana Salib iki. Gusti Jesus, kawula matur nuwun!

SAPTU SEPI.

No. 340 — 344. Gusti Jesus kasarekake.

Sawise Gusti Jesus seda, bandjur Tyas Dalem kabukak, j.i. lambung Dalem ditumbak, Tyas Dalem Sri Jesus saiki isih kabukak kanggo aku uga. [ 70 ]
  Apa Gusti Jesus bisa luwih terang mbuktekake katresnan Dalem marang aku?
  Saptu Sepi iki prajoga aku uga sepi, nglimbang² bab Gusti Jesus Kang disarekake, lan matja saka Sri Jesus Sang Pamarta kaprije Gusti disarekake dening mitra sawetara............ Sepi banget...............!
NGAHAD PASKAH.

No. 345 + 346. Wong² wadon lan murid² menjang pesarejan.

  Malaekat sidjine ngandika: ,,Gusti Jesus wus ora ana ing kene, djer Pandjenengane wus wungu, kaja pangandika Dalem Gusti wus wungu saka seda”. Iku mukdjidjad Dalem kang

gede dewe. Tanpa mukdjidjad iki pangandelku muspra!

  Saiki Sri Jesus mulja, Sangsara Dalem ora muspra. Salira Dalem kamuljakake — sugeng ing salanggenge saiki uga! Aku begdja uga, amarga aku kepareng ngandel marang Sri Jesus kang wungu. Sri Jesus nebus aku sarana Sangsara lan Seda Dalem. Sri Jesus. maringake buktining .Kaallahan Dalem sarana Wungu Dalem, ,,Gusti, kawula pitados. Matur nuwun sanget”. :
SENEN PASKAH.

No. 347 + 348. Petrus lan Johannes menjang pesarejan.

  Para Rasul iki uga bingung. Kepengin njatakake kang ditjritakake dening wong? wadon, S, Johannes kang tresna dewe marang S. Jesus, Mlaju ndisiki S, Petrus. Kepengin ngerti: Sri Jesus wungu apa ora, Pesarejan Dalem Sri Jesus wis kotong. Salira Dalem wis ora ana, Muga? aku uga tresna banget marang Sri Jesus, saja kepengin ngandel marang Wungu Dalem Sri Jesus, amarga iku dasare agamaku. [ 71 ]
SELASA BAKDA PASKAH.

No. 349. Gusti Jesus ngatingali Marijah Magdalenah.

  Sri Jesus karsa ngatingali Marijah Magdalenah disik. Wong dosa kang mertobat ditresnani banget dening Sri Jesus, amarga bandjur Sangsara Jan Seda Dalem ora muspra, Iba bungahe Marijah Magdalenah. Sapa sing ora bungah, jen ditresnani dening Sri Jesus ngono, Aku uga bisa ditresnani banget, Jen aku mertobat, ji. tansah ngudi nganidel, ngudi mbuwang dosaku, ngudi tjedak karo Sri Jesus, sa-tjedak²-e, luwih² serana komuni Sutji.


REBO BAKDA PASKAH.

No. 349 (teruse).

  Marijah Magdalenah bingung. Nganti ora ngerti jen dikatingali Gusti. Sri Jesus priksa marang bingung lan susahe. Karsa nglipur, nanging tjara alus banget — mung ngandika: ,,Marijah”. Iku tjukup! Terus Marijah Magdalenah mengerti menawa iku Swara Dalem Sri Jesus. Ajem Marijah iki — tentrem —djendjem. Sri Jesus uga priksa banget marang aku. Priksa djenengku. Tresna! Jen Sri Jesus njebutake djenengku, sadjroning atiku, iku uga tansah kanggo nentremake atiku — supaja aku mbuwang dosaku, lan saja tjedak karo Sri Jesus.


KEMIS BAKDA PASKAH.

No. 349 (teruse).

 Prajogo di-limbang² sedela maneh bab Sri Jesus kang ngatingali Marijah Magdalenah. nDemenake banget meditasi iki, amarga Gusti karsa njatakake Katresnan Dalem marang wong dosa kang mertobat. Aku uga dadi wong dosa kang mertobat. [ 72 ]

Mulane aku uga ditresnani. Aku uga bandjur diutus ngandakake marang sedulur² Dalem S. Kristus, menawa Sri Jesus wis wungu, wis sugeng maneh, Luwih² menjang sedulur² kang durung ngerti marang Sri Jesus.


DJEMUWAH BAKDA PASKAH.

No. 350. Gusti Jesus ngatingali wong wadon loro.

Pakarjan Dalem Sri Jesus, sawise wungu saka seda, mung nentremake wong kabeh kang wis ngandel ing Pandjenengane. Gusti Jesus ngandika marang wong wadon loro iku: „Pada bageja".,,Adja pada wedi". Amarga wis babar pisan ora perlu wedi maneh. Gusti Jesus sajekti wis wungu wis ngalahake pati, sugeng ing salanggenge lan ngarsakake menawa aku uga ngandel, jakin bungah, tentrem. Njuwuna tambahing pengandel.


SAPTU BAKDA PASKAH.

No. 350 (teruse)

Gusti Jesus milih wong wadon loro iki, supaja kandaa marang sedulur² Dalem Sri Jesus, j.i. para Rasul lan murid Dalem dikon njawang Gusti ing Galilejah. Nanging para murid Dalem ora ngandel. Tembunge wong wadon mau dirasa ngajawara. Ewa semono wong wadon iki bungah banget. mung bisa tjelatu: ,,Aku wis pada weruh Gusti lan malaekat". Aku ke- pengin ngemperi sapa? Para murid Dalem kang isih susah, amarga ora ngandel? Apa wong wadon loro iki, kang prasadja, kang ngandel, lan kang wis ditentremake dening Sri Jesus Pribadi? Aku wadjib ngandel, amarga Sri Jesus wis maringake bukti²-ning Katresnan Dalem marang aku: Baptis — Sakr Maha Sutji l.l.l. [ 73 ]
NGAHAD PUTIH.

No. 351. Kang ndjaga pasarejan dibeseli

Prajoga banget ngelingi mungsuh² Dalem Sri Jesus. Isih tetep sengit. Nanging: wedi. Wedi menawa bangsa Jahudi bakal ngandel menawa Sri Jesus 'wis wungu tenan, Goroh! Sara-dadu-saradadu diwenehi duwit akeh, supaja goroh uga. Terang banget nalikane Sri Jesus seda ing salib, mungsuh-mungsuh iki wis kalah. Saiki saja kalah, amarga Sri Jesus wungu, Lan sanadjan ana gorohan kaja ngono, senadjan iku disebarake menjang ngendi² — Sri Jesus wungu —lan ing salumahing djagad bakal ana wong akeh kang ngandel. Njuwuna marang Sri Jesus supaja kowe ngandel tenan — ora mungsuh² iki.


SENEN BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 352. Gusti Jesus ngatingali murid loro

Ing meditasi iki Gusti Jesus karsa nerangake maneh tjara Dalem nglipur murid-murid iku lan aku. Murid loro iku susah. Tresna banget marang Sri Jesus, nanging gela. Kok Gusti seda. Nanging Gusti Jesus priksa marang susah lan gelane. Kaja ngono uga Gusti tansah priksa marang susahku, gelaku, mangkelku, sengitku, dosaku kabeh. Gusti bandjur karsa ngapura dosaku disik. Mulane nggigah atiku supaja aku keduwung, bandjur aku dilipur.


SELASA BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 352 (teruse).

Murid loro iku ora ngerti menawa sing mbarengi lakune iku Sri Jesus, Aku uga, kerep, wiwitane ora bakal ngerti menawa Sri Jesus njarengi aku, sadjroning atiku, Allah Hjang [ 74 ]

Putra, tansah ana ing atiku. Kanti tjara mirunggan ana ing atiku, jen aku kadunungan sih Kasusantan. Bandjur Gusti maringake pepadang lan sih marang aku, supaja aku kerep ngelingi lan ndjagakake Katresnan Dalem. Nanging, jen aku kedunungan dosa gede kelangan sih kasusantan (muga ora tau kelakona) bandjur Allah Hjang Putra uga ana ing atiku lan nggigah atiku, supaja aku keduwung lan ngaku dosa. Muga² aku tansah ngerti, menawa Sri Jesus tansah djumeneng kantjaku.


REBO BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 352 (teruse).

Di-limbang² sedela bab sing ditjritakake dening para murid iku marang Sri Jesus. Tembung²e, sidji²-ne nerangake katresnane murid iki marang Sri Jesus. Lan uga terang gelane. ,,Mangka saking pangadjeng-adjeng kula ambok inggih Pandjenenganipun punika ingkang bade ngluwari Israel, nanging djebul sapunika sampun tigang dintenipun, sabakdaning lelampahan wau". Adja lali: Gusti Jesus Pribadi midangetake tembunge. Apa kiramu Sri Jesus ora mesem? Kok wonge durung ngandel, djebul Sri Jesus wis tjedak banget. Apa Sri Jesus sok ara kumudu-kudu mesem amarga bodoku, j.i. kurang ngandel?


KEMIS BAKDA NGAHAD PUTIH,

No. 352 (teruse).

Apa ora patut banget murid² iki didukani setitik dening Sri Jesus? Gusti ngandika: ,,Punapa Sang Kristus mboten kedah nandang sedaja punika? Ingkang supados ladjeng mlebet ing Kamuljan Dalem". Murid2 iki lali menawa Sri Jesus rawuh ing donja iki perlu nebus bangsa manungsa. Lha Gusti mung [ 75 ]

karsa nebus, serana Sangsara lan Seda Dalem, amarga dosane manungsa njepelekake Gusti Allah. Seda Dalem Sri Jesus ngluhurake Gusti Allah, amarga Gusti karsa nandang iku kabeh metu saka Tyas Dalem kang karsa mbangun miturut.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD PUTIH.

'No. 352 (teruse).

Weruha Gusti Jesus dahar karo murid loro iku. Raket banget. Mripate bandjur binuka, Amarga murid iku bandjur mari pangling — wis ngerti menawa sing dahar ana ing omahe iku Sri Jesus Pribadi — weruh dewe menawa Sri Jesus sugeng, wungu, wis ora sangsara maneh. Bungah banget, murid² iku — lan iku tjukup kagem Gusti — mulane: musna saka pandelenge. Adja lali maneh marang tjara Dalem Gusti enggone nglipur. Murub atine, terus menjat — arep njritakake anggone pada ngonangi Gusti nalika njuwil roti. Nanging iki uga ora diandel — Murid lijane durung gelem ngandel, Aku uga sok kudu luwih sabar banget, jen dong kepengin nerangake ma- rang wong lija menawa Gusti Jesus ana, sugeng, wungu, lan tresna.

SAPTU BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 353, Gusti ngatingali para Rasul sing lagi ngumpul.

,,.........dumadakan Gusti djumeneng ana ing tengah²-e". Gusti tansah karsa nerangake, mbuktekake, njatakake, menawa Gusti sugeng, wungu tenan, ora bakal seda maneh. Gusti sawektu² bisa rawuh menjang ngendi-endi, bisa nglipur nentremake, maringake sih, Weruha para murid lan rasul, kang ngandel, kang isih bebantahan karo murid loro iku kang wis ngandel

— lan dumadakan: Gusti Jesus ana! Gusti ngandika: ,,Dipada tentrem! Aku Gustimu! Adja pada wedi!" Gusti Jesus, kawula pitados! Kawula njuwun, supados sampejan Dalem [ 76 ]

ugi kersaa ngandika wonten ing salebeting manah kaula, jen kawula dong adjrih, bingung: Sing tentrem! Aku Gustimu! Adja wedi!"


NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 353 (teruse).

Ananging para murid saka wedine pada ngira weruh roh. Isih wedi para murid iku, Gusti bandjur saja nentremake — karsa digrajangi — supaja para murid adja maido maneh. malah ngandika: ,,Roh mono ora duwe daging lan balung kaja Aku iki". — lan ...... nedahake asta, sampejan lan lambung Dalem. Bok menawa aku gumun dene para murid iku meksa durung ngandel. Ora perlu gumun aku! Aku uga isih kerep tjilik atiku, kerep ora ngandel, utawa lali marang Sri Jesus, jen tukul bingungku utawa hawanepsuku. Aku bandjur uga patut didukani amarga mbrengkeloku.


SENEN BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 353 (teruse).

Gusti Jesus, sanadjan Salira Dalem wis dimuljakake, sanadjan wis babar pisan ora betah dahar, bandjur karsa dahar iwak gorengan.

Para murid bandjur ngandel! Bungah. Gusti Jesus uga bungah dene kang ditresnani banget iku saiki suwe² ngandel. Para Rasul lan para murid bandjur diutus Sri Jesus, j.i. ngemperi Sri Jesus kang wus diutus dening Hjang Rama, j.i. kanggo nglantarake Sih Dalem Allah marang manungsa kabeh, kanggo mulang bab Trinidji Sutji, bab Sri Jesus Allah Hjang Putra kang mandjalma, kang karsa nebus bangsa manungsa. Para Rasul diutus. Warga Konggregasi uga diutus diutus dening Sri Jesus gawe bungahe wong lija, gawe sutjine wong [ 77 ]
lija, serana nerusake Indjil, ji, kabar kabungahan: Sri Jesus rawuh, tresna, nebus! Apa aku jakin menawa aku iki diutus kaja ngono?


SELASA BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 353. (teruse).

  Sawise ngandika mangkono mau, Gusti bandjur ndangu para murid; sarta ngandika: ,,Pada tampanana Hjang Roh Sutji. Sing sapa dosane kokapura, ija kaapura, sing sapa dosane ora kokapura, ija ora kaapura”. O, Sabda Dalem Sri Jesus iki, kan gawe bungahing wong Katulik. Wiwit Gusti Jesus ngandika kaja ngono marang Imam Dalem kang sapisanan, dosane manungsa bisa diapura dening Sri Jesus lumantar Imam ing salumahing djagad, Aku bingung amarga dosaku? Aku wedi amarga dosaku? Sowana Imam! Imam iku diparingi kuwasa kang gede banget, ji. bisa nglantarake pangapura Dalem Sri Jesus. Apa aku wis tau matur nuwun terus ing ati, dene Gusti karsa jasa Sakramen Bih?


REBO BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 354 Gusti ngatingali para Rasul maneh, Rasul Thomas.

  Di-limbang² disik bab Rasul Thomas, kang babar pisan ora gelem ngandel menawa Sri. Jesus wis wungu, senadjan Rasul lan murid lijane wis ngandel, wis tentrem, wis bungah.

Thomas malah wami tjelatu: Jen aku ora weruh dewe tabete paku ing astane, lan ora nglebokake dridjiku ing tabet paku, apa maneh ora nglebokake tanganku ing lambung Dalem, aku ora arep ngandel". Iku Rasul Thomas. Babar pisan ora gelem ngandel. Isih nglokro. Isih sutik ngandel. Mesakake banget Rasul Thomas iku kang isih rumangsa tjilaka banget ing satengahing [ 78 ]Rasul lan murid lijane kang wis bungah, Muga aku adja tau nuruti rasa susah lan bingung maneh, amarga Gusti wis wungu.

KEMIS BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH

No. 345 (teruse). Gusti Jesus lan Rasul Thomas.

Sadjrone lawange dikantjing, Gusti Jesus rawuh lan djumeneng ana ing se-tengah²-ing para murid. Amarga Salira Dalem Sri Jesus wis dimuljakake, wis luwih ngemperi Roh, mulane Gusti wis ora perlu mbikak kori. Dumadakan ana ing satjedake murid2 Dalem kang ditresnani. Watjanen maneh kang dipangandikakake Gusti Jesus: „Dipada tentrem”. Lan Rasul Thomas kepareng nglebokake tangane ing lambung Dalem Sri Jesus. Nanging iku wis ora perlu. Thomas tjaos wangsulan: „Gusti kawula lan Allah kawula”. Iku prajoga kerep dakbaleni jen aku njawang Hosti Sutji lan Tuwung sadjroning konsekrasi. Kanggo nentremake wong kabeh kang urip sawise Gusti Jesus mekrad menjang swarga, kanggo nglipur atiku kabeh, Gusti karsa ngandika: „Rahaju wong kang ora njipati dewe, ewasemono ngandel”. Aku bisa luwih rahaju tinimbang Rasul Thomas, jen aku ngandel menawa Sri Jesus sugeng.

DJEMUWAH BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 355, Gusti Jesus ngatingali ana ing pasisire tlaga Tiberias.

Setemene aku ora tau bisa nglimbang-nglimbang kanti tjukup bab Wungu Dalem Sri Jesus, amarga Wungu Dalem dadi bukti lan mukdjidjad Dalem Sri Jesus kang gede dewe, menawa Sri Jesus djumeneng Allah Hjang Putra tenan.

Para Rasul dek bijen akeh sing dadi djuru amek iwak.

Amarga ana wektu, bandjur kepengin golek iwak maneh. Murid² lijane uga seneng melu. [ 79 ]

Sanadjan Gusti Jesus wus wungu saka seda, uripe para murid, wong Katulik, warga Konggregasi isih terus lumrah wae. Terus wadjib golek panguripan, wadjib netepi karsa Dalem. Sawise Gusti Jesus wungu, iku malah luwih enteng, amarga Gusti Jesus sugeng, tresna, tansah tjedak karo aku, karsa nglipur, maringake sih l.l.l.


SAPTU BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 355 (teruse).

Para Rasul lan murid lagi ribut enggone golek iwak, bandjur Gusti Jesus rawuh. Dene para murid pada ora mangerti, jen iku Gusti Jesus. Gusti Jesus tansah kaja ngono. Aku lali, aku ora ngerti menawa Sri Jesus sa-Katresnan Dalem, tjedak banget, priksa marang aku, tresna. Saiki uga Gusti karsa mitulungi para Rasul, Lan sawise djalane ditibakake miturut pangandika Dalem Sri Jesus, para murid iku oleh iwak akeh. Aku kudu ngandel, menawa Sri Jesus tansah karsa mitulungi aku, uga serana mukdjidjading Sih Dalem.


NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 355 (teruse),

Murid kang ditresnani Gusti Jesus, tjelatu marang Petrus: ,,Kae rak Gusti!" Murid iki S. Johannes Rasul kang isih muda, murni. Sing murni mesti gampang enggone ngerti Gusti Jesus tjedak, menawa Gusti Jesus ana, menawa Gusti gelem Jesus tresna, amarga ora ana dosane kang gede, ora nuruti kesenengane, nganti swaraning ati, Swara Dalem Sri Jesus gampang kaprungu ana ing atine.

Aku uga kudu ngudi kamurnen, nijat urip murni, njingkiri kang bisa ndjenesi atiku: film, buku, kantja, supaja atiku tansah kabukaka kanggo nampa Katresnan Dalem Sri Jesus. [ 80 ]
SENEN BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 355 (teruse).

Nalika Simon Petrus krungu, jen iku Gusti, bandjur nganggo djubah lan sabuke, awit nalika semana tjutjul terus ambjur ing banju.

Tansah ndemenakake banget patrape S. Petrus tumrap ing Gusti Jesus. Rasul Petrus tresna banget marang Gusti. Weruha Sri Paus kang kapisan enggone nglangi menjang Sri Jesus. Ora merduli menawa bokmenawa bakal dinjek dening kantjane, ora merduli menawa, jen tekan tjedak Gusti, bandjur teles banget. Mung kepengin tjedak karo Sri Jesus kang ana ing daratan. Mung weruh Sri Jesus, Mung mikir² Sri Jesus. Aku keprije? Isin tresna? Wedi dinjek? Wedi marang panemune wong lija kang bokmenawa ngira menawa kelakuane aneh?


SELASA BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 355 (teruse).

,,Pada mrenea sarapan". Iku Gusti Jesus! Priksa marang butuhe djuru amek iwak, kang ndjala sawengi natas. Abot iku. Gusti priksa. Malah njediakake sarapan. Kaja ngono uga Gusti priksa marang butuhku kabeh.

Para murid iku seneng banget. Ora mung seneng amarga sarapan iki, nanging amarga katresnan Dalem Sri Jesus kang menggalihake banget marang para murid Dalem. Wus pada ngerti jen pandjenengane iku Gusti Jesus. Iku uga bakal ngajemake banget atiku j.i. ngerti menawa Gusti Jesus tjedak ana ing atiku lan ing Sakramen Maha-Sutji. [ 81 ]
REBO BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 356. Gusti Jesus maringake panguwasa marang Petrus.

  Kok-limbang² tenanan pangandika Dalem Sri Jesus marang Petrus. Petrus kang njelaki Gusti nganti ping telu. Petrus kang wedi dirasani abdi wadon. Petrus kang getun lan keduwung banget amarga dosa iku. Sri Jesus terus tresna marang Wakil Dalem ana ing donja. Mulane nganti ping telu uga mundut priksa marang Petrus apa tresna tenanan marang Sri Jesus. Temen² banget saiki Sri Jesus. Gusti betah Sri Paus kang tresna banget marang ings ee amarga ora bisa dadi Wakil Dalem, jen ora tresna.
  Aku uga, Warga Konggregasi, kudu tresna banget marang Sri Jesus, amarga aku uga dadi Wakil Dalem Sri Jesus kanggo wong lija, kantjaku, tangga-teparoku, kang durung ngerti marang Sri Jesus.


KEMIS BAKDA NGAHAD Mi BAKDA PASKAH.

No. 356 (teruse).

  Kanti resmi bandjur dipasrahake marang Petrus dening Sri _ Jesus: Tjempe? Dalem, wedus’ Dalem, ji. aku kabeh, wong Katulik ing salumahing djagad. Lan aku kabeh isih dipasrahake dening Sri Jesus marang Kangdjeng Santo Bapa saiki uga, uga Wakil Dalem Sri Jesus kanggo aku kabeh, kang dipasrahi amisesani Pasamuwan Sutji.
  Aku kudu kepengin dadi tjempe, dadi wedus miturut banget karo Pangonku Sri Jesus, kang diwakili dening Sri Paus, dening Kangdjeng Uskup, lan Imam², amarga aku tresna karo Sri Jesus [ 82 ]
DJEMUWAH BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 356 (teruse).

Petrus mundjuk : ,,Gusti priksa, bilih kula tresna ing Sampejan Dalem." Apa aku uga bisa mundjuk kaja ngono? Apa Gusti priksa marang katresnanku, j.i. apa ana katresnanku marang Sri Jesus?

Buktine apa? Apa aku gelem ngurbanake kesenenganku dewe amarga aku tresna ? Apa aku bisa sabar jen lagi nandang sangsara? Apa aku ora mangkel jen disepelekake? Apa aku kepengin mbangun miturut karo Wali Dalem Sri Jesus? Lan iku kabeh daklakoni amarga aku tresna? Kokpikir djero.


SAPTU BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 356 (teruse).

Sri Jesus ngandika marang Petrus: ,,Jen kowe wis tuwa, kowe mulungake tanganmu, lan wong lija bakal njabuki kowe, lan nuntun kowe menjang panggonan kang ora kok karepake." Gusti Jesus metja menawa Petrus uga bakal mati sinalib kaja Pangerane kang kinasih. Lan wong kabeh kang kepengin tresna marang Sri Jesus, wong kabeh kang wis mbuktekake katresnan iku serana urip kang sutji miturut dawuh Dalem, wong iku kabeh bakal nandang sangsara setitik utawa akeh, supaja saja bisaditjoba katresnane, supaja saja bisa dibuktekake katresnane. Apa aku wedi? Nanging Sri Jesus tresna marang aku!


NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 356 (teruse).

Bandjur Gusti ngandikani Petrus: ,,Meluwa Aku". Petrus mengo, ndeleng Rasul Johannes kang tinresnan ing Gusti Jesus [ 83 ]
Lha iku ora dikarsakake Gusti Jesus, Apa aku didawuhi Gusti Jesus? Meluwa!
  Adja mengo. Adja noleh. Adja wegah. Adja ragu². Adja golek santolan-santolan, Adja wedi. Meluwa!
  Apa aku saiki durung ngerti tegese: Melu — nderek Sri Jesus? Aku rak tentrem banget karo Sri Jesus. Apa ana sing rekasa ? Sing medeni? Sing mbingungake ? Bandjur Sera dak pikir²: Aku mung kudu nderek Sri Jesus.


SENEN BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 357.

  Gusti Jesus ngandika: ,,Aku wis pinaringan sakehing panguwasa ing suwarga lan ing donja.” Sadurunge Gusti Jesus Mekrad menjang Swarga, para Rasul kudu ngerti banget marang iki, j.i. Gusti Jesus, sawise seda ing salib miturut karsa Dalem Allah Hjang Rama. Sri Jesus Sang Kristus djemeneng Nataning bangsa menungsa, wiwit Bapa Adam, tekan manungsa pungkasan. Gusti Jesus ngereh bangsa manungsa, lan wong kabeh kudu ngakoni, saiki, utawa sawise mati, menawa Gusti Jesus djumeneng Nataning bangsa manungsa, ratuning Swarga lan donja.


SELASA BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH

No. 357 (teruse).

  Gusti Jesus ngandika: ,,Mulane pada memulanga marang sakehing bangsa lan pada mentjarna kabar kabungahan marang sakehing tumitah." Amarga Sri Jesus djumeneng Ratu, amarga wis pinaringan sakehing panguwasa ing swarga lan ing donja, mulane Sri Jesus uga kuasa iki marang wong lija. Para Rasul saiki didawuhi Sri Jesus memulang [ 84 ]
marang sakehing bangsa. Para Rasul, lan sing nggenteni para Rasul: Uskup², Imam-Imam, lan wong katulik kabeh didawuhi mulang-mentjarake kabar kabungahan, j.i. Indjil: Sri Jesus wis wungu, nebus manungsa, Wong akeh durung ngerti, durung bungah bungahake ?


REBO BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No.357 (teruse)

  Gusti Jesus ngandila: ,,Lan pada baptisen kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama lan Hjang Putra sarta Hjang Roh Sutji." Wong kabeh ing salumahing djagad kudu dibaptis kaja ngono, amarga serana sakramen Baptis dosa asal ilang. Trinidji Sutji Allah Pribadi Djedjer telu, telu²ne makarja bebarengan supaja manungsa bisa diapura dosane. Allah Hjang Rama ngutus Allah Hjang Putra, lan Hjang Roh Sutji maringake Sih kasusantan. Sapa sing ora kepengin ngrewangi para Rasul, supaja wong akeh dibaptis? Apa aku, warga Konggregasi wis mitulungi Gusti? Serana memulang?


KEMIS BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH

No.357 (teruse)

  Gusti Jesus ngandila: ,,Pada wulangen ngestokake kabeh kang wis Dak wulangake marang kowe." Elinga menawa Gusti Jesus wis wungu, lan saiki dawuh marang para Rasul lan murid supaja pada nulad Sri Jesus; pada kudu mung mulangake kang wis diwulangake dening Sri Jesus. Kang diutus Sri Jesus ora kena mulang ilmune dewe. Mung piwulang Dalem Sri Jesus bisa gawe rahajuning wong. Adja llai uga: Piwulang Dalem kudu diestokake. Wong kang mung ngrungokake Piwulang [ 85 ]
lem, bandjur lunga, tanpa nindakake apa, iku kaja wong kang ora gelem apa², wong kang ora tresna tenan, wong kang mung golek kasenengane. Wong kaja ngono ora bisa tjedak karo Sri Jesus, ora bakal begdja.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 357 (teruse).

 Gusti Jesus ngandika: „Sing sapa ngandel lan kabaptis, bakal rahaju, nanging sing ora ngandel bakal kapatrapan paukuman”. Aku iki, warga Konggregasi, bisa gawe rahajuning wong lija, lan bisa gawe tjilakaning wong lija. Aku bisa gawe rahajuning wong lija serana mitulungi Gusti Jesus supaja kantjaku lan sedulurku uga ngandel ing Sri Jesus. Aku bisa gawe tjilakaning wong lija, serana lali marang kewadjibanku. Aku wadjib nerusake kabar kabungahan, Sri Jesus rawuh marang kantja lan sadulurku. Tuladaku uga kudu ana supaja wong lija bisa ngerti menawa aku iki wis bungah, wis tentrem, amarga aku wis ngandel marang Sri Jesus.


SAPTU BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 357 (teruse).

 Gusti ngandika: „Dene sing pada ngandel bakal kinanten pratanda iki: Atas Asmaku bakal nundungi setan, bakal pada guneman basa anjar; bakal pada njekeli ula, lan sanadjan ngombe wisa sing mateni ora bakal dadi gawe; wong lara bakal pada ditumpangi tangan lan bakal pada kepenak.” Iku kabeh kang dipangandikakake Gusti wis kelakon, lan saiki uga isih kelakon. Tansah ana mukdjidjad-mukdjidjad Dalem maneh, ora mung ing Lourdes. Gusti Jesus isih karsa mitulungi para murid Dalem [ 86 ]

serana mukdjidjad-mukdjidjad kaja ngono. Nanging, sanadjan aku dewe durung njipati dewe mukdjidjad-mukdjidjad iki, aku isih kudu ngandel, amarga Sri Jesus wis wungu.


NGAHAD V BAKDA PASKAH.

No. 357 (teruse).

 Gusti Jesus ngandika: „Lan ngertija, Aku nunggal lan kowe kabeh ngantija tekan pungkasaning djagad.” Prajoga iki mau diterangake Gusti maneh, amarga atiku sok tjilik banget. Aku kerep rumangsa kepentjil, kaja² Gusti Jesus babar pisan ora ana. Aku bandjur bingung, saja jen digoda, ora bisa apa² maneh. Nanging Sri Jesus wis ngandika: Aku nunggal lan kowe kabeh. Gusti mung karsa njoba aku. Gusti karsa ngresiki aku supaja aku mung ndjagakake katresnan lan Kuwasa Dalem, supaja aku babar pisan ora pitaja marang awakku dewe, supaja aku ngandel. Lan pengandel Katulik iki uga: Peparing Dalem!


SENEN BAKDA NGAHAD V BAKDA PASKAH.

No. 358.

 Ing nomor iki diterangake maneh menawa Gusti Jesus mung karsa mbuktekake menawa wungu tenan, tuhu gesang. Mulane karsa ngatingali para murid, sadjroning patangpuluh dina lan ngandika bab Kratoning Allah. Begdja banget para Rasul lan para Murid iki. Kepareng njipati Sri Jesus sugeng, wungu; mulja. Iku kabeh kelakon, supaja pengandele diterusake marang wong lija, marang aku. Aku wis diparingi; pengandel iki kang nentremake. Apa aku bungah tenan? Sebab apa Gusti Jesus tansah karsa ngatingali maneh? Sebab apa ana ing meditasi iki uga tansah dilimbang-limbang maneh bab pengandel iki? [ 87 ]
Amarga mung ngandel ing Sri Jesus kang wungu, iku dadi tjekelan kang kuwat banget kanggo uripku ing donja iki.


SELASA BAKBA NGAHAD V BAKDA PASKAH.

No. 163.

 „Menjang ngendi paranku, kowe ora bisa nututi”. Sadurunge Mekrad Dalem prajoga dilimbang-limbang sedela bab bebantahaning Sri Jesus karo wong Jahudi. Wong Jahudi akeh ora gelem ngandel. Malah ana sing wani matur: „Deweke rak ora arep nglalu ta ?” Sengite wong iki dadi sebabe enggone ora ngandel. Gusti Jesus karsa nerangake menawa Pribadine saka Allah, lan bakal kondur menjang Allah, j.i. bakal mekrad menjang swarga. Ana ing papan lija iku mau uga wis diwetja Gusti, lan suk Kemis Gusti Jesus mekrad tenan. Prajoga lan perlu banget tjetjawis atiku, supaja suk Kemis, Rijaja Mekrad Dalem, aku saja ngandel marang Sri Jesus kang kondur

menjang swarga.


REBO BAKDA NGAHAD V BAKAL PASKAH.

No. 278 Panglipur: Aku bali maneh.

 Gusti ngandika: „Ing Daleme Ramaku akeh omahe.” J.i. ing Swarga ana papan kanggo manungsa kabeh. Manungsa kabeh bisa munggah swarga, jen pada ngandel marang Sri Jesus, lan jen pada ngestokake dawuh Dalem. Sebab apa? Amarga Sri Jesus wis nebus dosaning manungsa kabeh, wis wungu, mung wonge kudu gelem supaja dosane d'apura. „Aku arep njawisake papan kanggo kowe.” Ja, Gusti Jesus wis mbikak swarga maneh. Aku bisa munggah jen aku gelem migunakake Sih Daleh. „Supaja ana ing ngendi bae papanku, kowe uga ana [ 88 ]

ing kono.” Ing swarga aku ing salawas-lawase bakal manunggal Sri Jesus.

RIJAJA MEKRAD DALEM.

No. 359 +360. Gusti Jesus mekrad.

Ing sauripmu, adja tau lali marang Pangandika Dalem SriJesus kang pungkasan iki, sadurunge mekrad: „Kowe bakal tampa kekuwatan, lan kowe bakal dadi seksiku tekan ing pontjoting bumi.” Sadurunge Mekrad Dalem Gusti kersa dawuh iki uga marang aku murid Dalem, warga Konggregasi.

Bandjur Gusti Jesus mekrad — saka Kuwasa Dalem Pribadi — Allah Hjang Putra — kondur — mejang Daleming Hjang Rama, sawise nebus kaja ngono.

Weruha Sri Jesus mekrad — weruha para murid njawang mekrad Dalem — rungokna pangandikane malaekat²: Sri Jesus kondur njuwarga. Lan saiki isih sugéng.

DJEMUWAH BAKDA MEKRAD DALEM.

No. 281, Sang Panglipur.

Perlu banget ngandel kanti djero bab Hjang Roh Sutji lan Pakarjan Dalem ana ing atiku. Hjang Roh Sutji iku: Allah, Djedjer kang katelu — Katresnan Dalem Hjang Rama marang Hjang Putra, lan katresnan Dalem Hjang Putra marang Hjang Rama.

Rijaja Pantekostah, j.i. Rijajane Hjang Roh Sutji tedak — j.i. katresnan Dalem Allah Pribadi tedak. Hjang Roh Sutji iki Djumeneng djuru pitulungku. Wong lija ora bisa nampani Hjang Roh Sutji iki — amarga ana dosane. Jen aku kepengin ditedak: Hjang Roh Sutji, atiku kudu resik saresik-resike. Jen isih ana dosa, Hjang Roh Sutji ora bisa dumunung ing aku. [ 89 ]
SAPTU BAKDA MEKRAD DALEM.

(Wiwit dina iki meditasi² kadjupuk saka „Veni Creator", buku: Pranatan lan sembahjangane Konggregasi — katja 40.)

Rawuha Roh ingkang murba,
Nuweni manah kawula,
Angluberi sih minulja,
Manah pakarjan Paduka.

Hjang Roh Sutji iku: Allah - kang nitahake sakabehe. Aku njuwun kanti adreng, supaja karsa nuweni atiku kang mlarat lan sekeng banget, kang kerep susah lan wedi banget, kang sok kebak ing dosa.

Aku njuwun supaja Hjang Roh Sutji karsaa ngluberi atiku serana Sih Dalem, atiku kang dititahake supaja mung katentremake dening Allah Pribadi. Mulane babar pisan ora gelem nuruti kesenenganku maneh !

NGAHAD BAKDA MEKRAD DALEM.

Duh Paduka Sang Panglipur,
Sihing Allah kang linuhur,
Tuking gesang, tresna mubjar,
Nikmat lan akarja ledjar.

Allah Hjang Roh Sutji iki bisa nglipur banget atiku, amarga djumeneng Shing Allah - Peparing Dalem Allah Hjang Rama lan Allah Hjang Putra.

Tuking urip, j.i. sumber kang tansah urip lan maneh maringake sugeng, uga marang atiku kang ringkih banget iku, kang gampang wegah lan sajah. Hjang Roh Sutji iki Djumeneng katresnan, mligi Katresnan, kang murub kaja geni, kang bisa madangi budiku kang bodo, lan ngurubake atiku kang adem - sepi ing katresnan. [ 90 ]
Uga djumeneng Nikmating atiku; makarja tentrem, ajem, djendjem ing atiku, nganti ora butuh apa² maneh kadjaba Hjang Roh Sutji iki.
SENEN SADURUNGE RIJAJA PANTEKOSTAH.

Asta Dalem Sang Trimulja,
Anurunken Sih pepitu,
Kang ginadang mring Hjang Rama,
Ingkang asung pamitjara.

Hjang Roh Sutji iki kaja asta Dalem Hjang Rama kang maringake Sih akeh banget marang bangsa manungsa; luwih2 marang wong kang wis dibaptis; luwih maneh marang warga Konggregasi kang netepi pranatan² kanti setya-tuhu. Sri Jesus Pribadi wis kerep sagah: Bade ngutus Hjang Roh Sutji, iku amarga Sri Jesus wis mekrad menjang swarga, lan aku kabeh, kang wis kepengin nderek lan nulad Sri Jesus, butuh banget marang Hjang Roh Sutji.
Hjang Roh Sutji uga maringake sih kang mirunggan, j.i. pamitjara. Sebab apa ta, wong Katulik, Warga Konggregasi uga, sok isin lan tjlingus banget, nganti ora wani sesorah ing ngarepe wong akeh, ora wani mulang marang wong lija bab Sri Jesus, bab Trinidji Sutji? Njuwuna pamitjara.


SELASA SADURUNGE RIJAJA PANTEKOSTAH

Budi ulun njuwun padang,
Manah njuwun kang katresnan,
Badan ringkih njuwun rosa,
Kakijatna kang santosa.

Prajoga lan perlu banget — njuwun, tansaha njenjuwun, marang Hjang Roh Sutji, kang tjedak banget, kang dumunung ing atiku, jen aku kadunungan sih kasusantan. Apa aku ngandel
[ 91 ]
tenan? Kang Maha-Wikan ana ing atiku, mulane gampang njuwun padang. Kang Maha-Tresna ana ing atiku, mulane gampang njuwun katresnan. Kang Maha Kuwasa ana ing atiku, mulane gampang njuwun kekuwatan.
Perlu banget kerep njuwun — lan ora lali menawa iki tjedak Hjang Roh Sutji.


REBO SADURUNGE RIJAJA PANTEKOSTAH.

Mengsah ulun tinebihna,
Lan kawula tinentremna,
Amrih setya mring Paduka,
Boten dawah ing bebaja,

Meditasi iki prajoga dinjanjekake ing sadjroning atimu. Tembung2-e ,,Veni Creator" iki bandjur saja arupa sembahjang. Tjoba, koksuwun maneh, kanti adreng, kanti andap-asor, kanti jakin, menawa kowe dewe ora bisa apa², supaja mungsuhmu — si Setan, lan kang melu setan, diadohna saka kowe. Supaja luput ing panggoda, Supaja atimu ditentremna maneh jen sok digoda. Supaja tansah setya-tuhu marang osik Dalem Hjang Roh Sutji sadjroning atimu. Supaja adja nglakonana dosa maneh.


KEMIS SADURUNGE PANTEKOSTAH.

Njuwun uning mring Hjang Rama,
Tuwin dateng Sang Hjang Putra,
Lan Paduka Hjang Roh Sutji,
O! Kawula jun ngakeni.

Njuwun maneh marang Hjang Roh Sutji, supaja saja ngandel lan ngerti marang Allah Hjang Rama, Djedjer kang kapisan, kang mijosake Hjang Putra. Njuwuna uga supaja saja ngerti marang Hjang Putra, amarga iku urip langgeng.
[ 92 ]
Sri Jesus wis tau ngendika: ,,Sing sapa ngrungokake kandaku, lan ngandel marang Pandjenengane kang ngutus Aku, nduweni urip langgeng."
Lan njuwuna supaja tansah ngandel lan ngakoni Hjang Roh Sutji.
O, aku begdja, tentrem, bungah, jen aku tansah bisa menjanji ,,Veni Creator" iki terus ing ati, amarga tansah bakal diberkahi Hjang Roh Sutji maneh.


DJEMUWAH SADURUNGE PANTEKOSTAH.

Minuljakna Allah Rama,
Putra, kang wus wungu seda,
Lan Roh Sutji Sang Panglipur,
Ing salami-laminipun. Amin.

Jen aku wis munggah swarga, ing salanggenge aku bakal ngluhurake Allah, Trinidji Sutji. Ing salawas-iawase aku bakal begdja sapenuh-penuhe, amarga Gusti Allah wis karsa mbegdjakake lan nentremake aku. Mulane sadjrone atimu menjanjia lagu Veni Creator iki, sing seneng nganggo lagu iki jen sok susah, jen sok bingung, jen sok digoda, jen wegah, Kowe bakai ngrasakake panglipur Dalem Hjang Roh Sutji, kowe bakal ngitjipi setitik2 kabegdjanmu ing swarga.


SAPTU SADURUNGE RIJAJA PANTEKOSTAH.

Saka Katechismus, pitakonan 133:

Apa sebabe dene Hjang Roh Sutji iku pantes diurmati kanti mirunggan?
Hjang Roh Sutji menika pantes dipun urmati kanti mirunggan, awit Pandjenenganipun punika Daja ingkang nutjekaken tumrap Pasamuwan Sutji lan kula sadaja.
[ 93 ]
Aku pada tjaos pakurmatan marang Hjang Roh Sutji serana sembahjang: ,,Duh, Roh ingkang Sutji, sumangga kawula aturi tedak ing manahipun abdi Dalem tijang ingkang pitados, saha angurubaken katresnanipun srana urubing Katresnan Dalem".
Iku kabeh mau saka Katechismus. Jen dak-limbang2 tembunge sidji-sidjine mesti bisa dadi meditasi kang betjik banget. Apa aku, warga Konggregasi, ngerti tenan marang Katechismus ?


RIJAJA AGUNG PANTEKOSTAH.
(Saka buku : Sri Jesus Sang Pamarta maneh :)

No. 283, Hjang Roh Sutji tedak.

Gusti Jesus wis metja, wis sagah menawa Hjang Roh Sutji bakal diutus ing Hjang Rama atas Asma Dalem Sri Jesus. Dina iki, Rijaja Pantekostah, iku uga kelakon tenan, j.i. para Rasul, kang wis nglumpuk sangang dina ing Jerusalem, ditedaki ing Hjang Roh Sutji, pada kepenuhan ing Hjang Roh Sutji. Lan wiwit Rijaja Pantekostah iki, Hjang Roh Sutji miwiti Pakarjan Dalem, j.i. mulangake samubarang marang wong kabeh, sadjroning atine dewe2, lan lumantar Pasamuwan Sutji; lan ngelingake kabeh kang wis dipangandikakake Sri Jesus marang para Rasul. Hjang Roh Sutji uga karsa ngelingake piwulang Dalem marang aku, luwih2 jen aku sregep meditasi, j.i. saben dina nglimbang2 bab Sri Jesus saka ing buku Sri Jesus S. Pamarta. Mulane perlu, sadurunge meditasi njuwun padang marang Hjang Roh Sutji.


SENEN BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 287. Pakarjaning Hjang Roh Sutji.

Watjanen pangandika Dalem Sri Jesus iki, kang dipangandikakake bakda bodjana bengi.
[ 94 ]
,,Lungaku iki migunani banget marang kowe." Ja, Sri Jesus wis tindak, minggah menjang Swarga. Senadjan wis ora katingal ana ing donja iki, iku migunani banget, amarga Hjang Roh Sutji bandjur diutus. Gusti Jesus rak ngandika maneh: Awit jen Aku ora lunga, Sang Hjang Panglipur ora bakal ngrawuhi kowe." Hjang Roh Sutji iki terus angedaton ana ing atiku, amarga Sri Jesus wis ana ing swarga, lan saka ing Swarga, saiki bebarengan karo Hjang Rama, isih terus ngutus Hjang Roh Sutji, Katresnan Dalem Hjang Rama lan Hjang Putra. Apa aku uga terus gelem nampa Hjang Roh Sutji iki?


SELASA BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 287 (teruse).

Ajake, pangandika Dalem Sri Jesus rada angel jen diwatja bola-bali, jen di-limbang2 tenanan. mesti akeh padange.
Gusti Jesus ngandika maneh: ,Dene jen Pandjenengane (j.i. Hjang Roh Sutji) wus rawuh, bakal melehake donja mungguh ing dosane." J.i. donja kang ora ngandel marang Sri Jesus. Donja iki uga isih ana ing atiku, amarga aku uga isih kerep kurang ngandel marang Sri Jesus, kurang nindakake dawuh Dalem, kurang ndjagakake Sih Dalem. Hjang Roh Sutji bandjur ngelingake menjang aku menawa aku iki kleru, luput, dosa. Serana Swara Dalem ana ing atiku, j.i. supaja aku luwih ngandel maneh, supaja aku adja kurang tresna. Jen aku sok bingung, degdegan, ora ngerti sebabe, iku kerep amarga Hjang Roh Sutji ora rena, amarga aku kurang tresna.


REBO BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 237 (teruse).

Gusti Jesus ngandika: ,,Isih akeh sing arep dakkandakake
[ 95 ]
kowe, ananging kowe saiki durung bisa njakup. Nanging menawa Pandjenengane rawuh, Rohing kanjataan, Pandjenengane sing bakal nedahi kowe dalane marang sakehing kanjataan." Apa ora nggumunake banget Agama Katulik iki? Aku kabeh, sidji-sidjine dituntun dening Hjang Roh Sutji, nganti aku uga bisa ngerti marang sing njata, sing bener, sing utama. Amarga Hjang Roh Sutji uga nuntun Pasamuwan Sutji, djumeneng djiwaning Pasamuwan Sutji, aku malah saja tentrem maneh. Amarga bisa kelakon menawa kiraku aku dipadangi Hjang Roh Sutji. Kiraku! Amarga setan iku djulig banget sok mbisiki aku kang rupane sutji uga, nanging satemene babar pisan ora tjotjog karo Tuntunan Dalem Hjang Roh Sutji ing Pasamuwan Sutji. Aku bandjur kudu ngati-ati, lan njuwun pituduh marang Rama Bin!


KEMIS BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 289.

Wis meh tekan Rijaja Hjang Trinidji Sutji. Mulane perlu saja ngandel marang Hjang Trinidji Sutji disik, Hjang Rama, Hjang Putra lan Hjang Roh Sutji. Telu²-ne tresna banget marang aku, amarga aku dititahake dening Hjang Trinidji Suji kanti katresnan kang gede banget. Rada gampang enggonku ngandel menawa Sri Jesus, Allah Hjang Putra tresna marang aku amarga seda ana ing salib karana aku. Nanging Katresnan Dalem Hjang Rama marang aku pada karo Katresnan Dalem Hjang Putra. Supaja saja terang, Gusti Jesus ngandika: ,,Aku ora kanda, jen aku bakal njenjuwunake kowe marang Hjang Rama, awit Hjang Rama pijambak tresna marang kowe." Terang banget menawa Hjang Rama uga tresna marang aku, marang manungsa, titah Dalem kabeh, amarga karsa ngurbanake Putra Dalem ontang-anting kanggo nebus manungsa.
[ 96 ]
DJEMUWAH BAKDA PANTEKOSTAH

No. 289 (teruse).

Hjang Rama tunggal lan Hjang Putra. Mulane Hjang Putra ora tau dewekan. Hjang Putra djumeneng Allah karo Hjang Rama, kagungan Maha-Kuwasa Dalem kanggo mitulungi aku. Iku kabeh diterangake dening Sri Jesus, supaja adja tjilik atiku, supaja aku tansah ngandela lan masraha awakku dewe marang Hjang Putra lan Hjang Rama.
Gusti ngandika: Ana ing donja kowe bakal nemu karubedan, nanging dipertjaja ,,si Donja wis dakkalahake!" Apa aku pertjaja? Jen ribut, susah, bingung, aku ngungsi menjang ing Maha-Kuwasa lan Maha-Tresna Dalem Hjang Rama lan. Hjang Putra ?


SAPTU BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 290.

Sembahjangan Dalem Gusti Jesus iki luhur lan djero banget. Sri Jesus, Allah Hjang Putra priksa banget, menawa Allah Hjang Rama amengku sagunging manungsa. Kok-limbang Sabda Dalem Sri Jesus: ,,Lan inggih punika ingkang kawastanan gesang langgeng ngertos dateng Sampejan Dalem, Allah satunggal lan sanjata, saha Pandjenenganipun ingkang Sampejan Dalem utus, Jesus Kristus." Lha, apa aku ora begdja dene wis ngerti iku? Mesakake kaanane wong lija, kang durung ngerti marang Allah Hjang Rama lan Allah Hjang Putra. Wong iku isih muk-mukan ana ing pepeteng. Apa aku ngerti tjukup. Dak- perlokake meditasiku, supaja saja ngerti ?


NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 357. Rijaja Hjang Trinidji Sutji.

Gusti Jesus dawuh marang para Rasul Dalem, lan marang
[ 97 ]
wong Katulik kabeh, luwih2 marang warga Konggregasi Ibu Dewi Marijah: ,,Baptisen sakehing bangsa kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama, Hjang Putra sarta Hjang Roh Sutji."
Allah iku djumeneng Trinidji Sutji, mula jen Gusti Jesus karsa medarake kekeran kang gede iki marang aku kabeh, supaja ngerti menawa ana Katresnan kang gede banget ing Allah, bandjur uga perlu banget, manungsa kabeh ngande. marang kekeran iki; perlu banget manungsa kabeh bandjur dibaptis kondjuk ing Asma Dalem Hjang Trinidji Sutji.
Apa aku ngandel? Tjukup? Ora wedi? Keprije enggonku gawe tanda pamentangan? Kanti urmat? Kanti katresnan?


SENEN BAKDA NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 94. Wong wadon dosa ana ing ngarsa Dalem.

Wong Parisi iku sengit marang. Sri Jesus. Ora gelem ngandel menawa Sri Jesus djumeneng Allah Hjang Putra. Wong wadon dosa iku ngandel. Ngandel banget. Mulane sowan Gusti. sanadjan ana ing ngarepe wong Parisi, sanadjan ngerti menawa bakal dinjek. Wong wadon ora merduli, amarga tresna marang Sri Jesus.
Rungokna Sri Jesus enggone ngluputake wong Parisi iki. Uga, adja sok lali maneh, menawa wong wadon iki tresna, amarga dosane diapura. Jen dosaku uga wis kerep diapura, aku uga kudu tresna banget marang Sri Jesus.


SELASA BAKDA NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 98. Pangala-alane wong Parisi diwelehake.

Asor banget para Parisi lan ahli kitab enggone nggagas²
[ 98 ]
bab Sri Jesus. Sawangen Gusti Jesus, kang wis priksa marang gagasane wong iku, kang wis priksa menawa wong iku ngira menawa Gusti ngingu setan. Nanging Gusti Jesus ora mangkel, ora serik. Kanti sabar diterangake Gusti menawa Gusti mokal kepandjingan setan.
Nanging Gusti uga karsa nerangake, menawa para Parisi iku ora nderek Gusti, ora ngumpul karo Gusti. Mulane para Parisi iku dadi mungsuh Dalem.
Apa aku nderek Sri Jesus? Nulad Sri Jesus? Ngumpul karo Sri Jesus? Luwih2 serana tampa Sakramen Maha-Sutji? Kerep?


REBO BAKDA NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 99 Panjamah marang Hjang Roh Sutji.

Warga Konggregasi kudu ngerti marang dosa kang gede dewe iki panjamah marang Hjang Roh Sutji. Wong Katulik kabeh, sanadjan wis dibaptis, sanadjan wis diparingi Sakramen akeh, sanadjan wis suwe sregep lan sutji, isih bisa ngiakoni dosa gede, isih bisa sengit marang Sri Jesus, isih bisa njenjamah Hjang Roh Sutji. Keprije iku bisa kelakon? Jen miwiti nuruti kesenengane, jen ora ngendaleni hawa-nepsune, jen ora ngalahake umuke, jen ora mbangun miturut karo Hjang Roh Sutji kang karsa ngelingake aku bab dosaku sadjroning atiku. Jen aku bandjur ora gelem ngrungokake Swara Dalem maneh, jen aku, kanti ndjarag lan nekad njepelekake Swara Dalem, aku bandjur njenjamah Hjang Roh Sulji. Atiku dadi atos — aku bandjur murtad. Mulane: sing tliti enggonmu ngrungokake Swara Dalem, perangana panggoda kabeh wiwit kang kapisan.
[ 99 ]
RIJAJA SAKRAMEN MAHA-SUTJI.
KEMIS BAKDA NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 136. Aku iki rotining urip.

Ajo pada matur nuwun lan ngluhurake Sri Jesus, amarga karsa jasa Sakramen Maha-Sutji, rotining urip. Mesti bae angel banget nerangake marang wong Jahudi, apa kang dikarsakake Gusti Jesus serana pangandika Dalem: Aku iki rotining urip.
Aku kabeh wis ngerti, lan wis bungah banget, dene Gusti Jesus tansah manunggal aku maneh serana Sakramen Maha- Sutji. Aku dewe uga wis kerep ngalami njataning Pangandika Dalem: ,,Sapa sing sowan Aku mesti ora bakal keluwen". Jen aku isih luwe lan ngelak marang barang kadonjan lan kesenengan, iku bandjur luputku dewe. Gusti Jesus mung bisa menuhi luweku, jen aku mligi luwe marang Sri Jesus, kepengin dipitulungi Sri Jesus, kepengin mangan Salira Dalem!


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 136 (teruse ).

Wong Jahudi tjelatu: „Iki rak Jesus anake Jusup ta?" Wong Jahudi durung ngandel! Ora ngandel menawa Sri Jesus iku djumeneng Allah Hjang Putra, kang mandjalma, tumurun saka Swarga. Aku ngerti lan ngandel. Begdja aku. Jer upamane Sakramen Maha-Sutji ora ana! Jen Sri Jesus ora ana ing gredja2 Katulik.............. Keprije aku? Apa aku isih bisa tentrem? Apa aku bakal dilipur dening wong lija? Nanging wong lija, manungsa uga, sanadjan tresna banget marang aku, ora bisa ngerti marang susahku.
Mung Sri Jesus priksa. Mulane aku matur nuwun banget
[ 100 ]
marang Sri Jesus dene wis karsa djumeneng ana ing Sakramen Maha-Sutji kanggo aku!


SAPTU BAKDA NGAHAD I BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 137,,Dagingku pangan sing sedjati".

Gusti Jesus ngandika: ,,Sing mangon roti iki ora pakal mati, bakal urip langgeng". Wong Katulik wis ngerti, menawa roti iki wis ora dadi roti lumrah, nanging djumeneng Saura Dalem Sri Jesus Pribadi, kang asesinglon arupa roti. Aku mangan Salira Dalem Sri Jesus, kang marakake aku bisa tjedak banget karo Sri Jesus, bisa manunggal Sri Jesus kang sugeng ana ing Swarga.
Aku ora mangan Sri Jesus kaja kang dikarepake wong Jahudi, ji. ora mangan Salira Dalem Sri Jesus kaja daging lumrah, nanging aku mangan Salira Dalem kang wis ora bisa nandang sangsara, kang sugeng lan mulja ana ing Swarga. Lan aku, wong sekeng, butuh banget marang Salira Dalem iki. Wong lija ora gelem ngandel. Ja, ben. Aku ngandel, amarga aku diparingi Pengandel iki saka Sri Jesus Pribadi, lan Pengandel iki tjotjog banget karo butuhku.


NGAHAD II BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 137 (teruse).

Gusti Jesus ngandika maneh: ,,Sing sapa mangan Dagingku, iku tunggal lan Aku, sarta Aku tunggal karo deweke". ,,Matur nuwun, Gusti. Inggih, leres sanget Pangandika Dalem, amargi kawula kerep meh boten wantun gesang, kerep bingung, kerep dipun goda. Milanipun kawula betah sanget satunggiling tjepengan ingkang kijat. Kawula boten betah tjepengan" djasmani
[ 101 ]
malih. Nanging kawula betah Sampejan Dalem Pribadi. Tanpa Sampejan Dalem, tanpa Salira Dalem, tanpa Sakramen Maha-Sutji, kawula boten saged gesang sutji sekedik-kedika, kawula boten saged njingkiri dosa, kawula boten saged tresna dateng. Sampejan Dalem lan dateng sesami kawula. Milanipun Gusti, kawula matur nuwun sanget, lan kawula njuwun supados kawula tansaha pitados saestu!"


SENEN BAKDA NGAHAD II BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 138. Murid sawatara pada grenengan.

Ora mung wong Parisi lan wong Jahudi lija, malah ana murid Dalem kang ora ngandel marang Pangandika Dalem Sri Jesus, tjelatune: ,,Keras tembunge kuwi, sapa sing bisa ngrungokake?" Gusti Jesus wis priksa iku. Gusti bandjur gela, susah, amarga mung karsa mitulungi murid Dalem. Mulane karsa nerangake maneh: Tembungku iki: Roh lan urip, iku ditjiptakake dening Maha-Kuwasa lan Maha-Katresnan Dalem Hjang Rama, Hjang Putra lan Hjang Roh Sutji. Njandak iku kabeh, mokal! Mung bisa ngandel, j.i. jen gelem ngandel, jen ditarik, jen pinarengake ing Allah Hjang Rama. Aku wis kepareng mangan Salira Dalem. Matur nuwun Gusti !


SELASA BAKDA NGAHAD II BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 138 (teruse ).

Akeh murid bandjur ora gelem nderekake Gusti Jesus maneh. Gela Sri Jesus. Tyas Dalem muwun, amarga tresna banget, uga karo murid Dalem kang lunga.
Ewasemono Gusti Jesus uga ngandika marang murid lijane: ,,Apa kowe ija arep lunga ?"
Gusti Jesus wadjib ngandikakake iku mau, amarga Sri
[ 102 ]
Jesus mung nimbali murid Dalem, ora meksa. Jen ora gelem ngandel ing Sri Jesus, ora bisa dadi murid Dalem. Manasuka banget! Metu saka karepa dewe! Katresnan Dalem. bakal menang! Lha, katresnan ora bisa ana, amarga didjija: utawa dipeksa.
Maneh: karepku uga bakal saja ngandel ing Sakramen Maha-Sutji, jen aku diparingi kekuwatan, sih, Pengandel ing Hjang Roh Sutji!


REBO BAKDA NGAHAD II BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 138 (teruse). Pengandele Petrus.

nDemenakake banget ature Rasul Petrus ! Spontaan banget! ,,Gusti, sinten ingkang bade kula dereki?" Iku mesti uga pengalamanku. Jen aku ora nderek Sri Jesus, jer aku ora urip miturut Dawuh Dalem, jen aku ora ngandel maneh marang katresnan Dalem, jen aku nuruti kesenengan lan umukku, aku bandjur uga bingung, ora ana tjekelanku maneh, ora bisa tentrem maneh, lan mesti ngunandika: „Karo Sri Jesus aku tansah begdja, tentrem!"
Mulane prajoga lan perlu niru Petrus, serana mbaleni ature: ,,Namung Pandjenengan ingkang kagungan pangandika gesang langgeng. Lan kula sampun sami pitados lan ngakeni, bilih Pandjenengan punika Sang Kristus, Putraning Allah".


KEMIS BAKDA NGAHAD II BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 138 (teruse).

Perlu banget, dina iki, daklimbang-limbang sedela bab Pangandika Dalem Gusti: ,,Apa kowe wong rolas ora wis dakpilih? Lan salah sidjine iku setan".
Imam kabeh, sadurunge Konsekrasi sembahjang: „Mugi
[ 103 ]
Sampejan Dalem karsa mitulungi supados kawula boten ngantos katjemplung ing sangsara langgeng". Lan sadurunge Kommuni: ,,Anggen kawula neda Salira Dalem menika, Gusti Jesus Kristus, sampun ngantos andadosaken kalepatan saha tjilaka kawula ing bendjing". Iku tegese apa? Uga Imam kudu resik banget atine jen njaosake Kurban Mis lan nampa kommuni. Nerak angker, j.i. kumawani nampa Salira Dalem, kanti dosa gede, iku sawidjining dosa kang nggegirisi banget Muga2 atiku tansah murni jen aku nampa Salira Dalem.


RIJAJA TYAS DALEM KANG MAHA-SUTJI.

No. 340. Lambung Dalem kadjodjoh tumbak,

Ana saradadu sidji numbak lambung Dalem. Wiwit wektu iki wong Katulik ngurmati Tyas Dalem lan saos pepulih amarga sangsara Dalem kang gede dewe, j.i. sangsaraning Tyas Dalem, kang susah banget amarga dosane manungsa, amarga dosaku uga. Saben wong kang nglakoni dosa, numbak lambung Dalem maneh, numbak Tyas Dalem, amarga dosa kabeh njepelakake Katresnan Dalem, ora merdulekake Katresnan Daem, milih kesenengan lan umuke dewe, lan mlaju adoh saka Katresnan Dalem.
Mulane aku uga, dina iki, kepengin tumenga njawang Pandjenengane kang wis dakdjodjoh serana dosaku. Nanging aku babar pisan ora gelem ndjodjoh Tyas Dalem maneh. Dina iki aku mung kepengin saos pepulih, serana Kommuni Sutji kang penuh ing katresnan marang Sri Jesus.


SAPTU BAKDA NGAHAD HI BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 340 (teruse ).

,,Lan sanalika mili rah lan banju".
[ 104 ]
Gusti Jesus wis seda krana dosaku, nanging isih karsa mbuktekake Katresnan Dalem maneh. Mulane saka Tyas Dalem mili rah lan banju. Rah iku mili supaja saja terang maneh: Warisan Dalem Sri Jesus kanggo aku kabeh Kurban Mis Sutji kang pada karo kurban salib, Kurbaning Rah Dalem. Apa maneh: mili banju, j.i. banjuning Sakramen Baptis mili uga saka Tyas Dalem Sri Jesus. Aku iki wong Katulik, warga Konggregasi dadi putra Dalem Sri Jesus serana Sakramen Baptis, kang mili saka Tyas Dalem. Matur nuwun, Sri Jesus, amargi kawula, dipun timbali kepareng dipun baptis, lan kepareng nderek Mis Sutji ing saben dinten Kawula bade sregep saestu!


NGAHAD III BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 253.

Sadjroning minggu iki bakda Rijaja Tyas Dalem perlu nglimbang2 bab katresnan Dalem.
Gusti Jesus ora wegah nerangake menawa wus tresna banget marang wong Jahudi, menawa wus kersa nglumpukake lan ngajomi wong2 kang kesasar, kaja dene babon anggone nglumpukake kutuk2-e ana ing sangisoring suwiwine. Ja, tenan, iki Katresnan Dalem Sri Jesus. Uga karsa ngajomi aku, lan kantjaku kabeh, kang bokmenawa durung ngerti marang Sri Jesus. Apa aku sok sutik? Sok nampik marang Pangajoman Dalem ?


SENEN BAKDA NGAHAD III BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 127. Lasarus katangekake.

Ing No. 216 ditulis: ,,Priksa Marijah (saduiure Lasarus)
[ 105 ]
nangis, Gusti Jesus keraos-raos penggalihe lan banget kraos trenjuh. Wong2 Jahudi pada ngutjap: ,,Galo olehe tresna marang Lasarus !"
Ing No. 217 ditulis: „Ing kono Gusti Jesus tindake menjang kuburan kanti saja banget trenjuh penggalihe". Sebab apa ta? Amarga Lasarus iki dadi mitra Dalem Sri Jesus. Amarga Sri Jesus priksa banget menawa pati iku dadi akibate dosa. Amarga Sri Jesus tansah susah ian trenjuh karo mitra Dalem kang susah.
Aku iki, wong Katulik, warga Konggregasi, uga dadi mitra Dalem. Jen aku susah, Gusti Jesus mesti priksa, lan Tyas Dalem uga sungkawa. Anehe: aku malah lali marang Katresnan Dalem Sri Jesus, jen aku lagi susah setitik. Aku banaiur kudu saja ngungsi menjang ing Tyas lan Katresnan Dalem.


REBO BAKDA NGAHAD III BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 217 (teruse ).

Gusti bandjur nguwuh sora: ,,Lasarus metua!" Gusti Jesus sok karsa mbuktekake Maha-Kuwasa lan Maha-Katresnan Dalem tjara mirunggan, ora amarga luwih tresna marang Lasarus tinimbang marang wong lija, nanging supaja terang Katresnan Dalem kanggo wong lija. Ing kene karşa nangekake, nguripake maneh mitra Dalem Lasarus. Ping pira aku wis diuripake ana ing Sakramen bih? Apa iku dudu mukdjidjad? Aku ora kena lali marang Katresnaning Tyas Dalem, kang wis kerep karsa nangekake lan nguripake aku, serana mbalekake Sih Dalem ana ing Sakramen Bih, Sakramen Bih iku tjara mirunggan dadi Sakramening Tyas Dalem.
[ 106 ]
KEMIS BAKDA NGAHAD III BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 211. Pasemon anak mursal.

Dina iki meditasiku wis apik banget, jen aku mung matja alon2 pasemon iki. Aku bandjur bisa ngerti marang Tyas Dalem Sri Jesus, kang tansah ngadjeng-adjeng aku, supaja aku mertobat, saja mertobat, saja tjedak karo Sri Jesus, saja ngelingi Katresnan Dalem.
Jen aku bandjur gelem ngelingi Katresnan Dalem Sri Jesus, jen gelem mbangun miturut karo Dawuh Dalem kang penuh ing Katresnan, jen kepengin luwih tjedak karo Sri Jesus, aku bandjur saja ditresnani, miturut pangandika Dalem: ,,Nalika botjah isih adoh saka omahe, bapakne wis weruh anake, atine trenjuh, anake diplajoni, dirangkul lan ditjutjup-tjutjup". Ija, Gusti Jesus tresna marang aku. Muga atiku wis ora adem lan atos maneh.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD III BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 211 (teruse ).

Kangmase anak mursal iku meri, grundelan, muring2. Kangmas iku tjontone wong kang netepi kuwadjibane, nanging kang ora bisa mikir2 kaja Sri Jesus, ora bisa tresna kaja Sri Jesus kang rena banget jen ana wong dosa mertobat. Aku iki warga Konggregasi, kang wis milih tjedak karo Sri Jesus, kudu ngerti banget marang Pangandika Dalem Sri Jesus (No. 210): ,,Aku pitutur ing kowe: Kaja mengkono iku bakale kabungahan ing suwarga marga mertobate wong sidji ngluwihi kabungahane wong utama sangang puluh sanga kang ora butuh mertobat". Mesti bae Gusti Jesus tresna marang wong utama. Nanging kabingahan Dalem gede banget, jen ana wong dosa kang
[ 107 ]
mertobat, kaja bapak kang anake wis mati, bandjur urip maneh; kang maune ilang ketemu maneh.
Apa pikiran lan atiku tjotjog karo Tyas Dalem Sri Jesus?


SAPTU BAKDA NGAHAD III BAKDA PANTEKOSTAH.

N.B.

Jen dina iki tiba ing dina sadurunge tanggal 29 Djuni, meditasi2 didjupuk saka meditasi kang taun iki durung dienggo, j.i. meditasi2 sadurunge tgl. 6 Maret, katja 71, sadurunge Rebo awu. Jen upamane dina iki limang dina sadurunge tgl. 29 Djuni, meditasi2 kang dienggo tekan tgl. 29 Djuni, j.i. meditasi² wiwit tgl. 2 Maret tekan tgl. 6 Maret.


29 DJUNI
RIJAJANE SANTO PETRUS LAN PAULUS.

No. 148. Petrus dipradjandjeni panguwasa amisesani.

Sri Jesus karsa jasa Pasamuwan ana ing karang padas kang santosa banget. Nanging Gusti Jesus ora jasa Pasamuwan Dalem ana ing manungsa, nanging ana ing manungsa kang diparingi Sih akeh banget. Amarga S. Petrus uga, dek bijen, dadi wong dosa, kang sekeng lan djirih. Malah wani njelaki Sri Jesus. Ewasemono dadi Kandjeng Santo Bapa kang kapisan. Dakpikir-pikir tenanan: jen aku manunggal Sri Paus ing Roma, aku mesti ana ing Pasamuwan Dalem. Dina iki prajoga aku matur nuwun banget, dene Gusti karsa jasa Pasamuwan Sutji kang katon banget amarga Sri Paus.
Santo Paulus uga, dek bijen dadi wong kang nguja-uja Pasamuwan Dalem. Nanging, sawise ditimbali Sri Jesus, bandjur dadi Rasuling bangsa kapir, Rasul kang gede dewe. Jen aku ditimbali — serana sih Dalem, aku uga bisa dadi Rasul.
[ 108 ]
30 DJUNI

No. 115. Ngendelake prahara.

Perlu banget kerep nglimbang2 bab Maha-Kuwasa Dalem Sri Jesus, supaja tansah saja ngandela ing ka-Allahan Dalem Sang Kristus. Ing kene para murid wedi banget marang praharane, lan lali marang Maha-Kuwasa Dalem Sri Jesus. Satemene ora perlu wedi. Sri Jesus tansah ana, mriksani aku, nresnani aku. Nanging, mbokmenawa, Gusti Jesus kerep kudu ngandikani aku uga: ,,Geneja ndadak wedi barang, wong tjupet ing pangandel". Mesti bae, tanpa Sri Jesus, aku wedi marang setan, marang panggoda, marang susahku. Nanging aku bandjur bodo banget. Sri Jesus rak ana, wungu, sugeng ana ing Swarga. Aku kudu luwih ngandel, menawa Sri Jesus tansah tariksani aku lan karsa mitulungi aku sadjroning susah lan panggodaku. Gusti rak Maha-Kuwasa! Gusti uga karsa ndukani panggodaku lan ngandika: Tjep menenga.


1 DJULI

No. 116. Wong Geresa kang katemplekan setan.

Tjilaka wong kang katemplekan setan! Tjilaka uga wong kang dadi bature setan serana nuruti hawanepsune lan umuke. mBokmenawa iki ora katon banget kaja wong iki kang katem- plekan setan, nanging, sangsarane pada bae: ora bisa :entrem atine, ora wani tjedak karo Sri Jesus, tansah diojak-ojak dening setan supaja deweke adja ngaku dosa, adja mertobat, terus nuruti kasenengane kang bakal gawe tjilakane.
Serana Sakramen Bih, setan2 kabeh kang bokmenawa uga ana ing atiku bakal diusir dening Sri Jesus, bandjur aku uga bisa linggih kanti ajem tjedak karo Sri Jesus
[ 109 ]
2 DJULI

No. 5. Rijaja Sang Kenja Dewi Marijah tetuwi.

Warga Konggregasi tansah kudu seneng, jen ana Rijajane Ibu Dewi Marijah maneh. Bandjur saja nglimbang-nglimbang bab Ibuku iki, nampa Komuni, ngluhurake Ibu serana saja nresnani lan ngurmati Putra Dalem.
Dina iki Ibu Dewi Marijah mangkat tindak gegantjangan perlu mbagekake Elisabet.
Sing tresna, sing jakin netepi kuwadjibane, iku mesti uga bakal tumandang gegantjangan. Aku kudu nulad Ibuku, jen sok wegah, amarga sok kudu nglakoni sing rekasa, luwih2 jen aku kudu nglakoni sing rekasa setitik kanggo wong lija.
Tuladaning Ibu Dewi Marijah, kang tansah penuh ing katresnan marang wong lija, kudu nggugah atiku, supaja aku adja kesed, wegah, nglokro. Sing tresna karo Ibu Dewi Marijah kudu sregep nulad Ibu.


3 DJULI

No. 110. Marine wong wadon kang nggradjag getih.

Weruha pangandele wong wadon iki kang ngunandika: ,,Anggere aku bisa nggepok pangagemane bae, mesti aku waras". Wong wadon iku ora mung ngandel marang Katresnan Dalem Sri Jesus, nanging uga ngandel marang Maha Kuwasa Dalem. Loro2-ne: Katresnan lan Panguwaos Dalem Sri Jesus tansah disedijakake aku dening Sri Jesus. Wong wadon iku begdja, amarga sanalika iku uga tuking getihe pampet. Gusti Jesus Pribadi mesti bae wis priksa menawa wong wadon mau wis waras. Gusti Jesus mung ngarsakake menawa wong wadon iku ngakoni ing ngarepe wong akeh, menawa wis diparingi Sih gede iku. Bandjur ngandika: ,,Dipertjaja botjah wadon, pangan-
[ 110 ]
delmu kang gawe walujamu". Kapertjajaanku uga bakal marasake sukmaku!


4.DJULI

No. 119. Anake Jairus diuripake.

Gusti Jesus karsa mbuktekake Maha-Kuwasa Dalem maneh, serana nguripake anake Jairus. Nanging: adja lali marang djawilan Dalem: ,,Adja sumelang, anggere kowe ngandel bae, deweke mesti bakal kapitulungan". Sanadjan aku durung tau, lan mbokmenawa ora bakal njipati mukdjidjad kaja ngono, aku meksa ora perlu kurang ngandel. Malah bisa saja ngandel, upamane marang Sri Jesus ing Sakramen Maha-Sutji, marang pangapuraning dosaku dening Maha-Kuwasa Dalem uga. Weruha lan rungokna Sri Jesus ngandika: ,,Botjah wadon, saka dawuhku, tangia". Gusti Jesus iku, amarga djumeneng Allah Hjang Putra, kuwaos ngandika kaja ngono. Tur buktine terus ana — amarga sanalika iku uga botjahe tangi, urip maneh. Gusti Jesus, kawula pitados!


5 DJULI

No. 120. Gusti Jesus marasake wong wuta loro.

Mesakake wong wuta loro iki. Mesti bae wis suwe kepengin weruh kaja wong lijane. Nanging sing marasake ora ana. Bandjur krungu bab Sri Jesus, kang wis marasake wong lara akeh, malah wis nguripake wong mati.
Mulane wong loro iku ngarep-arep banget ketemu karo Sri Jesus. Nalika ketemu, mesti njuwun supaja Gusti Jesus kersaa melasi. Nanging Gusti Jesus mundut priksa disik, apa wong iku ngandel tenan, menawa Gusti bisa gawe weruhe. Sawise atur wangsulane: ,,O, inggih Gusti", bandjur diwarasake.
[ 111 ]
Dak takoni maneh apa aku ngandel. Apa aku ngandel menawa Sri Jesus ana ing Sakramen Maha-Sutji? Jen aku ngandel tenan, uripku mesti luwih sregep — kepengin kerep nampa Salira Dalem, kepengin kerep sowan, kepengin tansah nampa Salira Dalem kanti katresnan kang gede.


6 DJULI

No. 122. Gusti Jesus rawuh ana ing Nasaret nanging katundung.

Wong Nasaret wis tepung banget karo Sri Jesus, amarga Gusti manggen ana ing Nasaret 30 taun suwene. Gusti mesti uga karsa mulangi wong Nasaret, supaja wong iku uga bisaa munggah Swarga. Mulane Gusti Jesus milih wewetjane nabi Isaijas kang metja akeh banget bab Sang Panebus, j.i. Sri Jesus Pribadi.
Nanging, wong Nasaret, sanadjan nggumuni pangandika Dalem kang manis, ora gelem ngandel, amarga, kirane wis ngerti sakabehe bab Sri Jesus, bab Ibune lan Bapakne Sri Jesus iki, kirane, mung wong lumrah, wong Nasaret uga. Gusti uga wis priksa menawa wong iku kepengin njipati sawidjining mukdjidjad disik kanggo mitulungi sedulure ana ing Nasaret. Nanging Gusti ora kersa, amarga mukdjidjad Dalem bakal di- pigunakake wong Nasaret kanggo mamerake nabine — ora kanggo ngandel ing Sri Jesus Allah Hjang Putra.


7 DJULI

No. 122, (teruse)

Wong Nasaret, krungu pitutur Dalem Sri Jesus, bandjur saja ora ngandel, malah nepsu.
Nepsune malah murub banget, nganti kepengin njedani Gusti, arep ndjorogake Gusti.
[ 112 ]
Mangkele manungsa, kang tansah metu saka ing ati kang umuk, kang ora bisa ngalah, kang ora bisa ngakoni menawa ana wong lija kang luwih sutji, luwih pinter, luwih luhur; mangkele manungsa kerep dadi sengit, lan sengite manungsa kepengin ngalahake wong lija, njirnakake, mateni. Nanging Gusti Jesus tindak ing satengah-tengahing wong2 mau, lan ora ana sing wani njekel Sri Jesus. Wingid Sri Jesus iku.


8 DJULI

No. 123 Gusti Jesus memulang, para Rasul kautus-

Gusti Jesus ora ketang sajah, tansah tindak mider2 turut kuta2 lan padesan, memulang. Perlu banget: memulang. Wong mung bisa ngerti marang agama kang sanjata serana wulangan agama. Sri Jesus, telung tahun suwene, wis maringake tulada kang kudu mranani warga Konggregasi kabeh. Aku durung wani mulang, bokmenawa, amarga atiku durung ngemperi Tyas Dalem Sri Jesus, kang welas, dene wong2 iku pada katula-tula lan pada nalangsa kaja wedus kelangan pangon.
Wong kabeh kang durung ngandel marang Sri Jesus uga kaja wedus kelangan Pangon Sang Kristus. Sebab apa aku durung melasi kantjaku kabeh iku, kang durung duwe tjekelan Agama Dalem Sri Jesus? Kerep elingana pangandika Dalem: ,,Panenane mono akeh, nanging sing derep mung setitik......" Sebab apa aku, warga Konggregasi, tansah wegah mitulungi Sri Jesus, mitulungi kantjaku kang wis kepengin ngerti bab Sri Jesus? Matura Rama Direkturing Konggregasi: ,,Rama, kula kepengin mulang ugi".


9 DJULI

No. 124, Dawuh kang kudu kaestokake ing wong sing dadi utusan

Watjanen nomor iki kanti tliti, Para Rasul diutus Gusti :
[ 113 ]
,,Pada mangkata, wong2 pada wulangen lan kandaa: ,,Kratoning Swarga wis tjedak". Apa Kratoning Swarga uga wis tjedak karo wong² Djawa? Aku iki rak wong Katulik, warga Konggregasi, kang kadunungan Sih Kasusantan, wis dadi warganing Kraton Dalem. Aku iki tjedak karo wong lija kang ana ing sakiwa-tengenku. Kratoning Swarga wis tjedak karo wong iku, mung aku isin, tjlingus, wegah, wedi nerangake menawa Sri Jesus wis tjedak. Eman banget. Buwangen wegahmu, wedimu. isinmu. Wania mulang!


10 DJULI

No. 125. Pepatjuh tumraping pegawejan ing tembe buri.

Gusti Jesus uga wis priksa menawa Rasul Dalem, Murid Dalem kabeh kang diutus memulang, bakal disepelekake, bakal dinjek, bakal disengiti. Wong akeh ora seneng ngrungokake Piwulang Dalem kang merangi kesede, umuke, djenese. Wis pira para Imam, para Suster lan Bruder, para wong Katulik, kang disiksa, disapu, krana Asma Dalem. Aku bandjur saja wedi? Watjanen Pangandika Dalem kabeh ! ,,Djer dudu kowe dewe sing kanda, nanging Rohing Ramamu (Hjang Roh Sutji) sing ngandika ana ing kowe...... sing sapa panggah nganti tekan ing pungkasan, bakal rahaju". Gusti Jesus sing ngandika !


11 DJULI

No. 126. Pepeling.

Dina iki watjanen pepeling Dalem iki kanti tliti. ,,Murid mono ora ngungkuli gurune, — iku tegese: murid-murid Dalem Sri Jesus, warga Konggregasi uga, kudu seneng nulad Sri Jesus, ora perlu luwih diurmati tinimbang Sri Jesus. Malah Sri Jesus kerep disepelekake, disengiti. Murid Dalem uga bakal
[ 114 ]
disepelakake krana Sri Jesus. Gusti Jesus malah diunekake Belsebub, j.i. setan. Dosa-dosa kaja ngono bakal konangan. Wong kang sengit karo Sri Jesus lan murid Dalem pakal diwelehake lupute ana ing Pengadilan pungkasan. Sanadjan badanku dipateni, aku isih ora perlu wedi. Aku mung kudu wedi marang dosaku dewe kang bisa gawe tjilakaku ana ing naraka.


12 DJULI

No. 126. (teruse)

Dilimbang-limbang sedela bab Pangreksa Dalem Gusti Allah. Gusti Allah nitahake sakabehe, Apa2 bae kang ana ing donja iki, dititahake dening Gusti Allah. Lan kabeh2 iku uga dadi bukti2 menawa Gusti Allah ana. Tjoba, delengen manuk2 geredja, kang lutju, kang sedina muput rame2; iku kabeh urip amarga dikarsakake, ditjiptakake kaja ngono dening Gusti Allah. Jen aku nalar setitik, aku tansah bisa ngerti, menawa Gusti Allah iku ana, lan tresna, lan ngreksa aku. Dalasan rambutku kabeh kaetung. Gusti Allah uga nitahake badanku kang apik iku, kang anggumunake banget amarga endahe.
Kerep eling-elingen bab Pangreksa Dalem! Iku bakal nentremake atimu jen dong bingung, wedi, sumelang.


13 DJULI

No. 126. (teruse) Adja ngira.........

Adja kleru tampa Pangandika Dalem Sri Jesus iki, Gusti Jesus uga ngandika, menawa Gusti ana ing tengahe wong loro utawa telu, kang sembahjang bebarengan atas Asma Dalem Sri Jesus ora bisa maringake katentreman marang brajat, pakumpulan, masarakat, kang ora nglumpuk karo Sri Jesus. Wong
[ 115 ]
Katulik, Warga Konggregasi, jen kepengin dadi murid Dalem Sri Jesus, wadjib luwih tresna marang Sri Jesus, tinimbang marang wong tuwane, sadulure. Iku sok perlu, jen upamane aku ditimbali, jen aku wadjib ngakoni agamaku ing ngarepe wong tuwaku, kang ora ngerti marang Sri Jesus, supaja wong tuwa iku bandjur bisa jakin, menawa Sri Jesus kudu ditresnani ngluwihi wong tuwa, amarga Sri Jesus tresna, nebus aku, lan wong tuwaku. Tanpa pedang, tanpa pasulajan² iku meh ora bisa dadi terang.


14 DJULI

No. 129. S. Johannes kasedanan.

S. Johannes Pambaptis, tjetjala Dalem Sri Jesus, ora wedi. Prabu Herodes luput. S. Johannes ora wedi matur blaka, sana- djan priksa, bakal kasedanan. Lan seda keprije? Atas panju- wune botjah kang pinter ndjoged. Nabi kang pungkasan iki, wong kang djudjur, luhur, sutji banget, disedani kerana Sang Kristus, tjara asor. Nanging saiki dadi wong kang diluhurake Ing salumahing djagad, dadi tuladaning pemuda2 lan pemudi2, supaja adja wedi, jen perlu mblakakake agamane. Ora wedi aku mung ana, jen tresna banget karo Sri Jesus.


15 DJULI

No. 131, Mbabarake Roti kang kapisan-

Jen nomor iki diwatja kanti alon2, kanti pengandel lan katresnan kang gede, iku wis dadi meditasi kang migunani banget.
Sri Jesus iku Maha-Kuwasa lan Maha-Tresna. Gusti welas penggalihe, amarga wong² mau kaja wedus tanpa pangon. Pangonku Sri Jesus ing Sakramen Maha-Sutji. Gusti uga kraos
[ 116 ]
welas penggalihe, jen aku, amarga bodoku, kurang ngandel.
Mulane sowan Sri Jesus ing Sakramen Maha-Sutji, supaja dibirat Gusti sumelangku kabeh.


16 DJULI

No. 132. Gusti Jesus tindak saduwuring banju.

Delengen murid2 Dalem ana ing prau, wedi, Kirane: Gusti Jesus ora ana, ora tjedak.
Delengen Gusti Jesus, Kang tansah menggalihake murid Dalem, nanging Kang uga karsa njoba lan nggulawentah murid2 kang isih bodo lan wedi. Pangandika Dalem marang aku : ,,Wong tjupet ing pengandel! Geneja kowe ndadak godjag- gadjeg?" Para murid bandjur tentrem lan bungah maneh. Ajo, aku uga, sowan ing ngarsa Dalem, lan njungkemi pada Dalem lan matur: ,,Sampejan Dalem sanjata Putraning Allah".


17 DJULI

No. 133. Gusti Jesus karja pangeram-eram.

Aku bokmenawa sok meri setitik, amarga Gusti Jesus saiki ora karja pangeram-eram akeh kaja nalika isih sugeng ana ing donja iki.
Dek semono Gusti Jesus karsa karja pangeram-eram akeh, supaja wong Jahudi gelema ngandel. Nanging, saiki Gusti Jesus isih karja pangeram-eram akeh Dipikir2 sedela bab mukdji- djading Sakramen Maha-Sutji ing gredja2 Katulik ewon ing salumahing djagad iki. Lumantar Ibu Dewi Marijah, Gusti uga isih kerep makarja pangeram-eram, Aku pantjen kurang ngan- del. Gusti, kawula njuwun tambahing pengandel.
[ 117 ]
18 DJULI

No. 135. Rotining Allah.

Wong golongan pada nggoleki Gusti, Gusti bandjur karsa madangi wong golongan iku, supaja adja pada nggoleki Gusti mung karana pangeram-eram Dalem maneh, utawa supaja adja mangan roti maneh nganti wareg. Wong kabeh, aku uga, kudu nggoleki Sri Jesus, Putraning Allah, kang nebus aku, kang ngarsakake aku urip miturut dawuh Dalem. Roti Dalem Sri Jesus, Sakramen Maha-Sutji mitulungi banget, supaja aku bisaa urip miturut dawuh Dalem. Sakramen Maha-Sutji aweh urip marang donja, marang aku, Marakake urip anjar, urip sutji, urip Katulik.


19 DJULI.

No. 139, Padudon karo para ahli Kitab lan para Parisi.

Perlu banget aku ngerti marang sebabe padudon iki. Gusti Jesus babar pisan ora karsa menawa aku dadi wong lamis, kaja wong Parisi iki, kang ngurmati Gusti Allah nganggo lambe, nanging atine adoh banget karo Allah.
Wong Parisi milaur memundi adat-tjarane manungsa, nanging ora nindakake dawuh Dalem, Suwe urip sakarepe, sasenenge dewe. Aku iki keprije? Lamis? Jen aku sembahjang, aku sembahjang tenanan? Ora etok²?. Apa aku nijat nindakake dawuh Dalem? Apa sembrana? Wegah? Ora merduli Tjekake: apa aku nijat mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus serana bangun miturut karo dawuh Dalem?


20 DJULI.

No. 140. Pasemon.

Tjoba, ngudija ngerti marang pasemon iki. Miturut
[ 118 ]
pengalamanku dewe, pangandika Dalem iki bener banget. Atine manungsa iku aneh banget. Bisa nukulake hawa nepsu kang asor banget, amarga dening dosa asal, atine manungsa iku tumijung marang piala.
Iku pengalamanku uga ing saben dinane. Uripe manungsa ing donja iki jaiku perang. Wong Katulik, Warga Konggregasi wadjib merangi tumijunging ati marang piala, Iku kurbanku, saben dina, saben djam, saben menit, kurban kondjuk Gusti.


21 DJULI.

No. 141. Anake wong wadon Kanaan diwarasake.

Gusti Jesus tansah kepranan banget jen priksa wong kang gede pengandele, kang ngandel, tanpa godjag-gadjeg, menawa Gusti kuwasa marasake, amarga djumeneng Allah.
Nanging Gusti uga tansah karsa njoba pengandele wong. Gusti njoba, supaja wonge dewe jakin, menawa tanpa Sang Kristus ora bisa apa². Pengandel iku dasare: andap-asor. Wong kang andap asor, mesti dipitulungi Sri Jesus.


22 DJULI.

No. 142. Gusti Jesus marasake wong budeg bisu.

Gusti Jesus kerep akarja pangeram-eram, supaja worge ngandel. Lan pada gumun, nggumuni Maha-Kuwasa lan Maha- Tresna Dalem Sri Jesus.
Wong2 iku gembira banget, ora bisa ngenengake sing dialami iku. Sanadjan Gusti ora nglilani, malah saja banget enggone martak-martakake. Ja, bener tenan tjelatune wong iku: ,,Sakehing tindak tanduke sarwa utama: sing budeg pinaringan bisa ngrungu, sing bisu bisa guneman.
Saiki Maha-Kuwasa lan Maha-Tresna Dalem isih pada bae.
[ 119 ]
23 DJULI.

No. 144. Mbabarake roti lan iwak kang kapindone.

Wong kang tresna marang Sri Jesus mesti seneng nglimbang2 maneh bab mukdjidjad iki.
Sebab apa Gusti Jesus mbabarake roti maneh? Supaja aku ngandela kanti djero, menawa Sri Jesus isih mbabarake roti, j.i. Hosti Sutji ing Sakramen Maha-Sutji, supaja wong kabeh bisaa nampa Salira Dalem.
Delengen Sri Jesus matur nuwun bandjur njuwil-njuwil roti —kok tansah......... roti bae kaparingake marang wong patang ewu, botjah2 lan wong wadon ora kapetung. Njuwuna marang Sri Jesus, supaja serana mukdjidjad iki, saja bisaa ngandel.


24 DJULI.

No. 146. Ragine wong Parisi.

Gusti Jesus ngandika: ,,Sing ngati-ati! Diweweka marang ragine wong Parisi", j.i. marang lamise, tembunge kang pedes, enggone ngrasani Gusti Jesus, enggone tansah ngluputake lan nguman-uman Sri Jesus. Apa aku ngati2? Apa aku seneng ngrungokake wong kang ngrasani wong lija, kang ngluputake panggede, kang sengit marang Sri Jesus, kang ngratjuni masarakat amarga grundelane, kurang panrimane, umuke?
Sing ngati marang piwulange wong Parisi djaman saiki, luwih wong Kommunis, kang etok2 mitulungi, kang satemene mung ngrusak.


25 DJULI

No. 150. Perlu banget mati raga.

Pangandika Dalem Sri Jesus iki wigati banget kanggo warga Konggregasi.
[ 120 ]
Warga Konggregasi kudu nijat madju, mulane kudu ngendaleni lan merangi kesenengane dewe, kudu mati raga lan manggul pamentangan. Iku kurbanku ing saben dinane. Nanging, kurban iki bisa daktjaosake ing ngarsa Dalem kanti gambira lan bungah, amarga serana kurban² iki aku tut buri Sri Jesus. Aku kudu jakin banget, menawa tanpa guna uripku jen katiwasan sukmaku, sanadjan aku bokmenawa bisa ngelun salumahing djagad. Aku kudu ngati-ati banget, Amarga aku ora bakal diakoni Sri Jesus, jen aku saiki ora gelem ngakoni Sri Jesus disik serana kurbanku, pamentanganku, mati-ragaku, j.i.: buktining katresnanku marang Sri Jesus.


16 DJULI

No. 151. Gusti Jesus kamuljakake.

Watjanen nomer iki kanti alon2, kanti katresnan lan pengandel.
Rasul telu iki dipilih njipati kamuljan Dalem Sri Jesus iki, supaja bandjur saja ngandel marang Sri Jesus. Aku kudu nglimbang-nglimbang bab Kamuljan Dalem Sri Jesus iki, supaja aku uga saja ngandel.
Rungokna Sabda Dalem Hjang Rama: „Iki Putraningsun kinasih, kang gawe renaning panggalihku, pada estokna pa- ngandikane". Allah Hjang Rama isih ndawuhake iki mau ma- rang aku uga. Tentrem atiku jen aku mbangun miturut karo Pangandika Dalem iki.


28 DJULI

No. 153. Botjah lara mbulanan katempelan setan diwarasake..

Rungokna sembah jangane bapakne botjah lara iki ing ngarsa Dalem Sri Jesus. Andap asor banget. „Gusti, melasana
[ 121 ]
anak kula". Sapa sing ora kepranan? Gusti Jesus wis melasi bapak iku saanake.
Saiki mung dinjatakake Katresnan lan Kawelasan Dalem. Sadurunge botjahe diwarasake, Gusti saja nguripake pengandele bapak, Apik banget sembahjangane bapak iki: „Kula pitados Gusti: kabirata tjupeting kapitadosan kula". Lan botjahe waras!


29 DJULI

No. 154. Dajaning sembahjang lan pasa.

Aku, Warga Konggregasi kudu ngerti banget marang pangandika Dalem Sri Jesus iki: „Bangsane roh iki anggone katundung mung srana sembahjang lan pasa". Sebab apa sembahjangku sok tanpa daja? Amarga ora dikanteni kurban2, j.1. mati-raga, pasa, ngendaleni lan merangi kesenengan². Setan2 iku, kang sok ngereh atiku, utawa atine wong lija, mung bisa dak kalahake, dak usir saka atiku lan atine wong lija serana sembahjangan kang adreng kang dikanteni kurban!
Jen aku njembah jangake wong lija, aku bandjur uga ngurbanake awakku dewe, supaja ana bukti2ku, menawa aku kepengin tenanan wong lija iku dipitulungi Gusti?


29 DJULI.

No. 156. Gusti Jesus tindak menjang Padaleman Sutji lan memulang.

Gusti Jesus kerep dirasani dening wong Jahudi. Gusti Jesus bandjur ora bingung kaja aku, kang wedi banget marang grundele wong lija bab aku, Tulada Dalem Sri Jesus iki migunani banget kanggo aku, supaja daktulad, supaja aku adja wedi maneh, luwih² jen kelakuanku betjik, jen atiku mung nijat tresna
[ 122 ]
lan nulad Sri Jesus. Idam-idaman akeh kang rusak amarga rerasane wong lija lan amarga wedine wong Katulik marang rerasan iku.


30 DJULI

No. 159 & 160. Dredah wong2 bab Gusti Jesus.

Amarga aku, Warga Konggregasi, isih wedi banget dirasani wong lija, mulane perlu banget, dina iki dak-limbang2 maneh bab tulada Dalem Sri Jesus iki ora wedi, ora merduli dirasani. Karsa Dalem Sri Jesus betjik, sutji, luhur.
Gusti Jesus diutus dening Allah Hjang Rama kanggo nebus manungsa kabeh. Lha iku ditindakake Sri Jesus, tanpa noleh, tanpa godjag-gadjeg, tanpa wedi. Jen aku ngerti marang kuwadjibanku, marang timbalanku, aku bandjur kudu nulad Sri Jesus, nindakake kuwadjibanku tanpa noleh, tanpa wedi.


31 DJULI

No. 163. ,,Menjang ngendi paranku, kowe ora bisa nuruti".

Gusti Jesus kerep bebantahan karo wong Jahudi, amarga kurang ngandel, utawa ora gelem ngandel, Gusti Jesus mung wadjib nerusake, nglantarake Dawuh Dalem, Katresnan Dalem Allah Hjang Rama Kang Maha Njata. Mulane pangandika Dalem Sri Jesus lan pikirane wong Jahudi ora bisa tjotjog, amarga Sri Jesus saka Swarga, wong Jahudi iku asli saka donja. Gusti Jesus diutus Allah Hjang Rama. Gusti Jesus djumeneng Allah Hjang Putra, Lha iki wong Jahudi ora gelem ngandel. Sebab apa? Amarga jen ngandel, bandjur wadjib ngowahi kelakuane, kudu urip murni, andap-asor, njuwita Gusti Allah. Gusti Jesus ora kendat memulang kaja ngono, nganti suwe2 akeh sing pada ngandel marang Pandjenengane.
[ 123 ]
1 AGUSTUS

No. 164. Wong Jahudi dudu turune Abraham lan dudu putraning Allah nanging anaking setan.

Nggegirisi banget pangandika Dalem Sri Jesus iki. Nanging iku uga wis terang kanggo aku ta? Wong kang ora ngandel ing Sri Jesus, iku mesti digoda setan, sanadjan etok2 ngluhurake Allah.
Kenjataan iki, Gusti Jesus djumeneng Allah Hjang Putra kang diutus Allah Hjang Rama, iku kudu ditampa dening wong kabeh, ing salumahing djagad. Saka enggone pada nampa kanjataan iki malah gumantung karahajone ana ing Swarga. Mulane Gusti Jesus, kudu mulang kaja ngono, kudu ngalahake setan kang isih njekel atine wong Jahudi.


2 AGUSTUS

No. 165. ,,Sadurunge Abraham lair, aku wis ana".

Pangandika Dalem iki kanggo aku, wong Katulik, kang wis ngandel menawa Sri Jesus iku djumeneng Allah Hjang Putra, terang banget. Allah Hjang Putra ana wiwit langgeng! Mulane bener banget Pangandika Dalem. Malah Bapa Abraham kumatjelu njipati rawuh Dalem Sri Jesus, amarga ngantu² ditebus, sabangsane. Jen aku ngandel tenanan, aku uga bakal kumatjelu njipati dinane bangsaku ngandel ing Sri Jesus, kang wis rawuh, kang wis nebus, lan karsa nebus bangsaku uga.


3 AGUSTUS

No. 166. Wong wuta wiwit lair mula.

Watjanen sakabehe kanti seneng. Iku wis nglimbang2 djenenge.
Wong wuta iku lutju. Ngalahake wong Parisi serana
[ 124 ]
wangsulane kang djudjur lan landep. Wong Parisi mung kepengin mbuktekake menawa Gusti Jesus iku wong dosa. Nanging iku ora bisa klebu nalare wong wuta iki. Kok wong dosa bisa marasake wong wuta serana mukdjidjad.
Para Parisi saja nepsu, amarga konangan banget djulige lan karepe kang sengit.
Wong wuta kang pesadja iki, sawise tepung karo Sri Jesus, bandjur ngandel, menawa Gusti iku djumeneng Putraning Allah. Wong pesadja bisa ngandel. Wong djulig, lamis, kang etok² weruh marang Allah, iku ora bisa ngandel marang Sri Jesus. Wong Parisi umuk.


4 AGUSTUS

No. 167. ,,Aku iki lawang. Aku iki pangon utama".

Sing kepengin munggah Swarga mung bisa munggah metu Sang Kristus. Mulane bener Sang Kristus disebut lawanging Swarga.
Sing kepengin ngabdi Gusti Allah lan tresna lan kepengin rahaju ing Swarga, iku butuh penuntun, pangon kang nudingi dalane, kang ngreksa supaja adja katriwal, kang mbombong, kang mitulungi.
Lha, iku Sang Kristus. Mung Gusti Jesus sing bisa djumeneng Pangonku, amarga priksa marang kesekenganku, panggodaku, dosaku, sumelangku, prihatinku lan katresnanku. Karo Pangon Sang Kristus uripku tentrem. Matura Gusti menawa kowe seneng dituntun Sri Jesus, uga lumantar Rama Bih.


5 AGUSTUS

No. 168. Wewetjan kang kapindo bab sangsara lan wungu saka seda.

Kanti tjeta wela2 Gusti karsa metja bab seda lan wungu
[ 125 ]
Dalem, Malah Gusti karsa metja kaja ngono, nalika wong kabeh pada gumun njipati kabeh kang katindakake ing Gusti.
Para murid durung njandak. Nanging Gusti Jesus wis karsa njawisake murid Dalem, supaja sawise Gusti mekrad menjang Swarga, isih kelingan menawa Gusti wus metja sakabehe. Pengandele bandjur saja urip. Wewetjan iki uga kudu nguripake pengandelku.


6 AGUSTUS

No. 170. Sapa sing luhur dewe ana ing kratoning Suwarga.

Saiki Gusti karsa nerangake marang aku uga, menawa kudu andap-asor lan pesadja, jen kepengin dadi murid Dalem.
Warga Konggregasi kang kepengin nulad Sri Jesus tenanan, kudu nduweni pesadjane botjah tjilik, djudjure, buruse, andap- asore.
Aku iki keprije? Apa enggonku mbangun miturut karo panggedeku, Rama Bihku, wong tuwaku kaja botjah tjilik? Apa pengandelku iki tjukup pesadja, nganti aku ngandel mbangun miturut marang Sri Jesus Pribadi lumantar panggedeku? Iku perlu, jen aku kepengin lumebu ing kratoning suwarga.


7 AGUSTUS

No. 172. Bilahi, wong sing gawe sandungan.

Ngertia marang bilahi2 Dalem Sang Kristus. Nggegirisi banget dosane wong kang nggoda marang botjah kang murni, kang sutji, supaja nglakoni dosa. Botjah iku bandjur kelangan Sih kasusantan, Sugeng Dalem Sang Kristus ana ing sukmane botjah iku dipateni. Ja, luwih betjik, wong kedjem kaja ngono, dikalungi watu panggilingan, bandjur kadjegurake ing segara.
[ 126 ]
Gusti Jesus tresna banget marang botjah2 kabeh, amarga sugeng ana ing atine.
Gusti Jesus uga kersa nerangake marang aku, menawa aku aluwung ngurbanake sakabehe tinimbang nglakoni dosa. Sanadjan daktresnani, kaja tangan, sikil utawa mripatku dewe, iku kudu dakkurbanake, supaja adja nglakoni dosa.


8 AGUSTUS

No. 174. Pasemon bab wedus ilang.

Putraningmanungsa, j.i. Sri Jesus Pribadi, rawuhe ana ing donja iki perlu nglari kang katriwal. Wong dosa kabeh, wong kapir kabeh, wong kabeh kang etok2 ora merdulekake agama, wong kabeh kang sugih, kang mlarat, kang pinter, kang bodo, iku kabeh digoleki Sri Jesus, ditimbali, ditarik, dipitulungi, supaja bisaa munggah Swarga kabeh. Bungah banget Sri Jesus, jen ana wong dosa mertobat, jen ana wong kapir dibaptis. Muga2 atiku kaemperna Tyas Dalem Sri Jesus.


9 AGUSTUS

No. 176. Kudu ngapura kaluputane sadulur.

Akeh wong Katulik sok lali marang sembahjangan Dalem Sri Jesus ing Kangdjeng Rama: ,,Sakatahing lepat njuwun pangapunten Dalem; dene kawula inggih angapunten dateng sesami".
Aku dewe keprije? Kanti rekasa aku mbokmenawa ngapura lupute sedulurku utawa kantjaku ping sidji. Jen wis dakapura ping sidji, kiraku wis dadi wong kang sutji banget. Iku kleru. Rungokna Piwulang Dalem Sri Jesus marang Petrus: pituturku ing kowe kaping pitu ping pitung puluh kudu kok
[ 127 ]
apura lupute wong lija. Tegese, aku tansah kudu sumedija ngapura! Babar pisan ora kena djotakan, neng-nengan, mutung. Iku kabeh mau djenenge: umuk. Iku babar pisan ora dikarsakake Gusti kang mligi tresna.
Watjanen pasemone. Terang tegese.


10 AGUSTUS

No.177. Ana ing Samarijah Gusti Jesus ora diarepi.

Para murid Dalem mangkel sumurup Gusti Jesus ora ditampa dening wong Samarijah. Mulane pada kepengin males.
Para murid iki durung ngerti marang karsa Dalem Sri Jesus. Gusti Jesus ora rawuh arep njenjirnakake. Sanadjan Gusti Jesus wis tau ngandika bakal rawuh ngeteri pedang ing saantarane bapak lan anak, iku mung dikarsakake kaja ngono supaja terang katresnane manungsa marang Sri Jesus kudu ngluwihi katresnan lijane kabeh. Gusti Jesus rawuh perlu tetulung, Jen aku njuwun pitulungan Dalem, mesti dipitulungi.


11 AGUSTUS

No. 178. Gusti nimbali murid telu.

Ngertia marang karsa Dalem Sri Jesus, jen nimbali murid Dalem. Ora tjukup mung nderekake Gusti menjang ngendi bae, nanging perlu nderekake Gusti Jesus Kang mlarat. Jen ditimbali, kudu kepengin dadi mlarat kaja Gusti Jesus. Kang ditimbali bandjur terus kudu nderek Sri Jesus, amarga timbalan bisa ilang maneh serana santolan2ku.
Tenan, wong kang ditimbali, kang bandjur isih noleh menjang kang wis2, tansah ngelingi kang dek bijen tresna, iku ora pantes kanggo kratoning Allah. Gusti Jesus betah murid kang atine gede.
[ 128 ]
12 AGUSTUS

No. 179. Utusan murid pitung puluh loro.

Wis apik banget meditasi iki, jen mung di-limbang2 saprapat djam bab sabda Dalem iki: ,,Panenane mono akeh, nanging sing derep mung setitik".
Saiki wektu panen. Wong akeh satemene wis kepengin mangerti marang sapa kang bisa ngentasake sukmane saka ing dosa, sapa kang bisa nentremake atine. Akeh uga durung ngerti marang sing kuwasa kaja ngono, j.i. Sang Kristus.
Apa aku ing saben dinane njenjuwun marang Bendara sing nderepake, j.i. Allah Hjang Rama, supaja karsaa ngutus wong derep, j.i. Imam², Suster², Bruder², lan wong Katulik akeh kang sregep?
Apa aku bokmenawa wedi diutus, ditimbali ?


13 AGUSTUS

No. 180. Bilahi, kowe Korosaim, Betsaida, Kapharnaum.

Akeh kang ngantu² supaja dosane ditebus, nanging durung ngerti dalane menjang Sri Jesus. Iku kerep kelakon, amarga kesede lan wedine wong Katulik, utawa amarga kelakuane wong Katulik kang ala, nganti tuladane wong Katulik iki malah saja mbingungake wong lija kang satemene kepengin ngerti marang Sri Jesus.
Uga tansah ana wong maneh, kang atos atine, kang ora gelem ngandel ing Sang Kristus, kang luwih seneng nuruti umuke lan djenese.
Apa aku dadi wong kaja ngono? Aku — Warga Konggregasi? Apa aku njingkiri panggoda kabeh, luwih² panggoda djenes lan umuk?
[ 129 ]
14 AGUSTUS

No. 181. Sing sapa ngrungokake kowe, ija ngrungokake Aku.

Tjekak banget pangandika Dalem Sri Jesus iki, nanging akeh lan djero isine.
Gusti Jesus ngandikakake mau marang para Rasul, j.i. marang Kangdjeng Santo Bapa kang kapisan, Santo Petrus, lan marang Rama-Kangdjeng Rama-Kangdjeng kang kapisan, j.i. Rasul lijane.Lan iki uga isih dipangandikakake Sri Jesus marang Kangdjeng Santo Bapa saiki lan marang Rama Kangdjeng saiki. Apa aku ngandel kanti jakin menawa aku nampa Piwulang Dalem Sri Jesus Pribadi, jen aku ngrungokake Sri Paus, utawa para Uskup, utawa para Imam, jen mulangake Piwulang Dalem?


15 AGUSTUS

Rijaja Ibu Dewi Marijah pinundut menjang Swarga.

Ibu Dewi Marijah wis tau menjanji: ,,Wiwit samengko sakehing bangsa bakal njebut aku rahaju. Awit Agung pakarjan Dalem kang Maha Kuwasa tumrap ing aku, lan sutji Asma Dalem". (S.J.S.P. No. 6). Ibu Dewi Marijah metja iki mau sadurunge Sri Jesus mijos. Ibu Dewi Marijah djumeneng Nabi. Iku kelakon kabeh, malah nganti amarga saka Katresnan Dalem Hjang Trinidji Sutji maráng Ibu Dewi Marijah, Ibu pinundut menjang Swarga, supaja rahaju sa-salira Dalem ng Swarga, supaja bangsa kabeh saja bisaa ngluhurake lan tresna marang Ibu Dewi Marijah.
Ibuku ana ing Swarga. Saka kono Ibu nresnani aku, mitulungi aku, nguwatake aku. Ibu, kawula pitados!
[ 130 ]
16 AGUSTUS

No. 184. Wong Samarijah ambek welas.

Supaja oleh urip langgeng, aku kudu nglakoni katresnan. Aku wis suwe ngerti bab iku. Gusti Jesus uga wis suwe ngarep-arep supaja aku miwiti nglakoni, lan ora mung ngerti. Mulane Gusti Jesus ngandika marang ahli hukum: ,,Bener wangsulanmu; kuwi lakonana, kowe bakal urip". Suk apa aku bakal ngerti bedane ,,ngerti" lan ,,nglakoni". Aku uga kerep matur Gusti,,Gusti, kawula tresna ing Sampejan Dalem" — nanging ......... iku kerep tembung-tembung tok. Nglakoni katresnan iku pada karo kurban. Tumrap ing kurban sikapku keprije?


17 AGUSTUS

No. 184. (teruse).

Watjanen No. 184 maneh. Weruha wong iku kang tumiba ing tangane begal. Weruha uga Iman Jahudi iku lan wong Lewi, kang wis ngerti banget marang dawuh Dalem Gusti, menawa kudu tresna marang pepadane kaja marang awake dewe. Ewasemono: bablas bae. Iku aku! Bablas bae — sanadjan ana wong akeh kang nangis, kang mlarat, kang susah. Aku ora merduli ? Mung susahku kang dak-pikir²? Aku bandjur ora tresna. Aku kudu emoh dadi egois, alias akuis.


18 AGUSTUS

No. 184. (teruse).

Watjanen katresnane wong Samarijah. Wong Samarijah iku ora bisa rukun karo wong Jahudi. Ewasemono, wong Samarijah iki, ngupakara, mitulungi wong Jahudi iki. Iku katresnan — amarga dibuktekake dening kurban. Gusti Jesus uga ngandika marang aku: ,,Wis, lungaa lan nindakna kaja mengkono uga"
[ 131 ]
19 AGUSTUS

No. 185. Martah lan Marijah.

Nomor iki wigati banget isine kanggo uripku. Aku rak uga kerep ribut, malah ribut ngladeni Gusti, nganti aku lali marang Sri Jesus Pribadi, ora sembahjang maneh, ora ngrungokake pangandika Dalem Sri Jesus maneh sadjroning sembahjangan, amarga aku wis ora bisa sembahjang. Ributku mateni sembahjanganku! Lan sembahjanganku tansah kudu miwiti saka: sowan ing ngarsa Dalem Sri Jesus, bandjur: ngelingi Katresnan Dalem, lan ngrungokake sabda Dalem kaja kang diterangake ing buku iki. Muga-muga aku ngerti pangandika Dalem: ,,Marijah wis milih bagejan sing betjik dewe", j.i. ngrungokake pangandika Dalem.


20 AGUSTUS

No. 186. Tjarane sembahjang.

Dina iki aku uga matur Gusti: ,,Gusti, mbok kula sami dipun wulang sembahjang". Apa aku kepengin sembahjang? Jen durung, aku durung ngerti sembahjang iku apa. Wong kang wis ngerti, menawa sembahjang iku pada karo ngelingi katresnan Dalem marang aku, mesti bakal tansah seneng ngelingi katresnan Dalem maneh, amarga mung katresnan Dalem. kang bisa nglipur atiku. Jen aku ora kepengin sembahjang, atiku wis dadi kemba. Iku ora patut kanggo Warga Konggregasi.


21 AGUSTUS

No. 186. (teruse). Kangdjeng Rama.

Aku ora tau kena lali menawa Sri Jesus Pribadi mulangake ,,Kandjeng Rama" iki marang aku. Isine akeh. Dina iki aku
[ 132 ]
prajoga mung ngutjapake Kangdjeng Rama, sapiturute, kanti alon-alon, kanti nglimbang², kanti ngelingi, menawa Sri Jesus mulang.


22 AGUSTUS

No. 186. (teruse).

Jen sembahjang, aku kudu njuwun karo Gusti — kaja mitra sing ndjaluk marang Mitra.
Sing sembahjang kudu ngandel marang katresnan Dalem! Sing sembahjang kudu tresna dewe marang Sri Jesus. Sing tresna bandjur mesti ndjagakake sing ditresnani. Lha kang daktresnani iku Gusti Jesus kang Mahatresna lan Mahakuwasa. Apa ora bakal maringi? Jen aku kesed, kemba lan ora merduii bab katresnan Dalem — Gusti uga ora karsa midangetake aku. Jen aku sok sembahjang, sok kanti sembrana.


23 AGUSTUS

No. 187. Ana ing Jerusalem.

Watjanen katja 202 iki kanti alon-alon. Muga-muga aku tansah lestaria dadi wedus Dalem Sang Kristus kang ngrungokake swara Dalem. Muga-muga aku-uga tansah ngelingi menawa Sri Jesus wis priksa marang aku, wedus Dalem.
Muga-muga aku uga tansah tut buri Gusti — nulad Gusti Gusti Jesus, kawula njuwun, supados kawula boten saged dipun rebat saking Asta Dalem! Punika wau mokal saestu, jen kawula tansah ngengeti katresnan Dalem.


24 AGUSTUS

No. 187. (teruse).

Sengite wong Jahudi! Kepengin mbenturi Gusti. Sanadjan
[ 133 ]
Gusti Jesus Maha-sae lan Maha-tresna marang wong Jahudi uga.
Gusti Jesus ngandika: ,,Aku iki Putraning Allah; jen aku ora nindakake pakarjane Ramaku, adja kok andel aku!" Gusti bisa ngandika kaja ngono, amarga pangeram-eram Dalem wis akeh. Mulane aku uga ngandel ing Gusti kanti bungah. Matur nuwun Gusti.


25 AGUSTUS

No. 188. Gusti Jesus nundung setan.

Gusti Jesus kerep karsa mbuktekake ka-Allahan Dalem, Terang banget menawa Gusti Jesus ora nundung setan nganggo pitulungane ratuning setan. Nanging, jen Gusti Jesus kuwasa nundung setan, amarga djumeneng Allah, kratoning Allah ija wis nekani aku. ,,Gusti Jesus, kawula pitados, menawi Sampejan Dalem djumeneng Allah Hjang Putra. Kawula kepengin nderek Sampejan Dalem, amargi kawula boten purun dados mengsah Dalem, nanging dadosa mitra Dalem ingkang raket sanget.


26 AGUSTUS

No. 189. Kaanane wong kang nuruti panggoda.

Gusti Jesus priksa banget marang nakal lan djulige si setan. Wong digoda lan menang, utawa kang wis ngaku dosa, sok digoda maneh, saja digoda, amarga setan iku umuk, ora seneng ngalah. Mulane aku ora kena gumun banget dene panggodane setan ora ilang, sanadjan aku wis kerep ngaku dosa. Aku kudu ndjagakake sih pitulingan Dalem Sri Jesus. Aku malah saja bisa mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus, serana nampik marang panggodaning roh reged iku.
[ 134 ]
27 AGUSTUS

No. 190. Rahadjeng guwagarba ingkang ngandut Pandjenengan.

Tansah ana wong Jahudi kang ngandel marang Sri Jesus! Ngandel kanti gambira, amarga wis njipati dewe menawa Sri Jesus menang karo setan, lan maringake sih akeh. Mulane Ibu Dalem Sri Jesus uga dialembana dening wong wadon iku, Ewasemono Gusti Jesus ngandika: Sanjatane rahaju wong kang ngrungokake lan ngestokake Sabdaning Allah. Ibu Dewi Marijah rak uga rahaju amarga ngrungokake lan ngestokake Sabdaning Allah. Saiki aku ngerti dalane bisane dadi rahaju uga ngrungokake Sabdaning Allah, sadjroning atiku, lan ngestokake.


28 AGUSTUS

No. 191. Pratandane Nabi Jonas.

Wigati banget pangandika Dalem Sri Jesus iki, amarga saiki kersa metja bab Wungu Dalem, kang saja mbuktekake ka-Allahan Dalem.
Kaja dene Nabi Jonas dek bijen dadi pratanda marang wong Ninive, amarga telung dina telung bengi ana ing waauking iwak sagara, mengkono uga Gusti Jesus bakal ana ing telenging bumi telung dina telung bengi, lan bakal sugeng maneh, wungu saka Seda. Muga-muga aku, serana pangandika Dalem Sri Jesus iki, aku saja ngandel marang Wungu Dalem, dasaring agamaku.


29 AGUSTUS

No. 193. Gusti Jesus kasedahan dahar ing wong Parisi.

Aku uga ngemperi wong Parisi setitik. Djeroku dewe, atiku dewe uga kerep ora dakgatekake. Aku uga sok mung ngudi
[ 135 ]
supaja ndjabaku, lairku apik, sutji, nanging djeroku, atiku kerep nglakoni dosa batin. Bener banget pangandika Dalem Sri Jesus marang aku: ,,Wong gemblung. Kang akarja ndjabane, apa ija ora akarja ndjerone ?" Watjanen nomor iki kanti alon-alon. Ana warna-warna kang nerangake marang aku, menawa aku uga kudu tresna karo Gusti terus ing ati!


30 AGUSTUS

No. 194. Ragine para Parisi.

Gusti Jesus karsa mulang maneh bab enggonku ngabdi Gusti terus ing ati. Gusti priksa banget marang atiku. Apa atiku, budiku, karepku resik — ngudi tresna lan mbangun miturut karo Sri Jesus? Sanadjan wong lija, kantjaku, pada ngira menawa aku wis sutji, apa Gusti uga priksa menawa aku wis sutji? Apa aku uga lamis? Wong Parisi?


31 AGUSTUS

No. 195. Ngawekani ati murka.

Pasemon Dalem Gusti bisa mulangake akeh banget marang aku.
Watjanen pasemon iki kanti tliti.
Watjanen uga, lan ko-limbang² pangandika Dalem Sri Jesus: ,,Mangkono iku dadine wong kang keklumpuk kanggo awake dewe, lan ora sugih ana ing ngarsaning Allah".
Apa aku golek kepinteran, kesugihan mung kanggo awakku dewe, nganti aku nglirwakake dadi sugih ana ing ngarsaning Allah? Aku iki dadi sugih ing ngarsaning Allah, jen aku tresna karo Gusti Jesus lan Ibu Dewi Marijah, lan gelem mbuktekake katresnan iku serana kurbanku: mbangun miturut, merangi hawa nepsu l.l.l.
[ 136 ]
1 SEPTEMBER

No. 196. Was-sumelanging ati.

Meditasi iki wis migunani banget, jen dakwatja nomor iki kanti tliti, ing ngarsa Dalem Sri Jesus Pribadi, kang karsa mulang marang aku kanti katresnan Dalem.
Prajoga dak-pikir², apa aku uga sok aweh dana: marang Gredja, marang wong mlarat — mitra Dalem Sri Jesus. Kaja mengkono aku gawe banda ing Swarga kang ora bisa gempil.


2 SEPTEMBER

No. 197. Pesemon abdi kang tansah sijaga.

Gusti Jesus tansah tresna marang aku. Tansah mriksani aku — ngadjeng-adjeng supaja aku adja lali ngabdeni Gusti, sawektu-wektu. Iku tegese: sijaga.
Iku perlu banget, amarga aku ora ngerti suk apa aku ditimbali Gusti, sowan Gusti ing salanggenge. Aku ora ngerti wektuning patiku.
Gusti Jesus bakal rawuh ing wektu kang ora kanjana- njana.


3 SEPTEMBER

No. 198. Djuru gedong.

Isine pasemon iki wis terang banget. Aku uga kerep kesed, jen kiraku Gusti wis ora mriksani aku. Iku bodo banget. Gusti tansah mriksani aku.
Aku iki wong Katulik, Warga Konggregasi. Bokmenawa aku ditimbali urip saja tjedak karo Sri Jesus. Mulane aku dipasrahi akeh dening Gusti, j.i. aku wis nampa Sih Dalem Wong lija durung! Mulane aku bakal ditagih akeh — j.i Gusti bakal mundut priksa marang aku, apa Sih akeh iku uga
[ 137 ]
dakligunakake kanti sregep, apa aku madju, luwih sutji, luwih tresna marang Sri Jesus tinimbang wong lija.


4 SEPTEMBER

No. 199. Pangandika warna.

Pangandika Dalem Sri Jesus iki wigati banget kanggo Warga Konggregasi kabeh, kanggo aku! Gusti rawuh nurunake geninig katresnan, uga ana ing atiku. Keprije katresnanku ma- rang Sri Jesus, marang pepadaku? Murub? Dak buktekake serana kurbanku? Apa kurbanku?
Gusti Jesus karsa mbuktekake Katresnan Dalem serana baptising Roh Dalem, j.i. Seda Dalem ana ing salib. Apa aku uga krasa putek, nganti tumeka wektu kelakone kurbanku? Patenana wegahmu !


5 SEPTEMBER

No. 199 (teruse).

Kaja-kaja pangandika Dalem Sri Jesus iki sija² banget. Gusti Jesus ora nurunake katentreman marang djagad, miturut rasaning manungsa.
Iku mau uga terang banget. Sok bapak mungsuh anak, bijung mungsuh anak wadon, amarga bapak ora tresna karo Sri Jesus, utawa anake. Bandjur tukul salah faham kang gawe susahing brajat. Ewasemono, aku bandjur ora kena pisah karo Katresnan Dalem. Setya-tuhuku marang Katresnan Dalem malah bisa mertobatake wong tuwaku! Katresnan Dalem tansah menang.


6 SEPTEMBER.

No. 200. Wong wadon wungkuk.

Wong Parisi iku aneh banget.
[ 138 ]
Kirane: Gusti Jesus ora kena marasake wong lara ing dina Sabbat. Apa Katresnan Dalem Sri Jesus, Katresnan Dalem Allah Hjang Rama, Hjang Putra lan Hjang Roh Sutji ora tansah makarja kanggo wong kabeh? Apa Sri Jesus ora luwih tresna marang wong tjilaka, lara, mlarat?
Muga-muga aku adja lali menawa aku uga tansah ditresnani Gusti. Muga-muga aku uga tansah nindakake katresnan marang wong tjilaka, lara, mlarat, amarga iku pada karo tresna marang Sri Jesus.


7 SEPTEMBER

No. 202. Widji sawi lan ragi.

Kratoning Allah, j.i. katresnan Dalem Allah ana ing atine wong Katulik, iku tukul widji sawi, kang kasebar ing kebon.
Manungsa ora bisa weruh tukule, nanging tukul. Apa Kratoning Allah uga tukul ana ing atiku ? Wis terang: Kratoning Allah tukul ana ing tanah Indonesia iki. Wis akeh kang dibaptis. Wis akeh Warga Konggregasi. Wis akeh kang ditimbali.
Aku, Warga Konggregasi, uga kudu dadi ragi, nganti sakiwa-tengenku uga karagen kabeh dening Katresnan Dalem kang urip ing atiku.


8 SEPTEMBER

No. 203. Tjatjahe wong kang pinilih.

Pangandika Dalem Sni Jesus: ,,Akeh sing sumedya mlebu korining Swarga, nanging pada ora kuwagang". Sebab apa ora kuwagang? Amarga karem marang kadursilan.
Keprije aku? Isih karem marang sing djenes, umuk, kurang adil? Sanadjan aku wis dibaptis, jen aku isih wani nglakoni dosa gede², sanadjan wong lija ora weruh, aku ora bisa mlebu swarga. Iku luputku — karepku dewe.
[ 139 ]
9 SEPTEMBER

No. 204. Jerusalem! Jerusalem!

Gusti Jesus ora adjrih karo sapa bae. Uga ora adjrih seda kanggo aku. Gusti, sawetara wektu, kudu mulang, marasake wong lara, bandjur seda. Bakal disedani ana ing Jerusalem. Iku mau saiki diwetja Gusti. Uga wis metja bab Ngahad palem, jen wong akeh bakal nguwuh: Pinudjia ingkang rawuh atas asmaning Pangeran". Watjanen uga katresnan Dalem Sri Jesus marang wong Jerusalem. Nanging wong Jerusalem lumuh nampa Katresnan Dalem. Aku gelem nampa ?


10 SEPTEMBER

No. 205. Gusti marasake wong busung.

Apa aku suwe² bakal ngandel tenan marang Maha-Kuwasa lan Maha-Tresna Dalem Sri Jesus? Wis ping pira aku nglimbang-nglimbang bab pangeram-eram Dalem? Terang ta: Gusti iku tresna banget. Sebab apa aku durung jakin? Aku tansah bakal susah, wegah, kesed, kemba, jen aku ora luwih ngandel disik marang Katresnan lan Kuwasa Dalem.


11 SEPTEMBER

No. 206. Bab andap asor lan katresnan.

Kautaman andap asor iku perlu banget kanggo wong Katulik, Warga Konggregasi, murid Dalem tjara mirunggan. Apa tholik, Warga Konggregasi, murid Dalem tjara mirunggan. Apa umuk bisa dadi mitra Dalem? Apa aku uga sok golek papan kang luhur dewe? Apa aku uga mangkel, nglokro lan mutung, amarga tenagaku ora dianggap dening wong lija? Apa aku terus tumandang, njambut gawe, mitulungi Gusti,
[ 140 ]
Konggregasi, pakumpulan, wong lija, sanadjan aku ora dadi warganing pengurus. Umuke manungsa kerep mateni usaha akeh kang apik.


12 SEPTEMBER

No. 207. Pasemon pista radja.

Gusti sok karsa migunakake pasemon-pasemon, kanggo nerangake warna marang aku uga. Ing kene diterangake Gusti, menawa wong akeh sok ndjaluk presaben. Wong kang dibaptis uga, malah warga Konggregasi apa, sok ndjaluk prasaben, sanadjan ditimbali supaja luwih tjedak karo Sang Kristus. Santolane wong sok warna, supaja bisa terus nuruti kesenengane dewe.


13 SEPTEMBER

No. 208. Njingkur diri.

Wong kang kepengin nderek Sri Jesus, kudu wani manggu! salibe. Apa aku, Warga Konggregasi, durung gelem nderek Sri Jesus? Apa aku gelem manggul salibku? Sing kepengin nderek Sri Jesus kudu mikir² disik. Amarga kang nderek Sri Jesus, ora perlu ngarep-arep kemakmuran lan kesugihan. Lan sanadjan sugih, isih kudu manggul salibe: merangi hawa nepsune — nindakake katresnan, mitulungi wong lija. Apa aku wedi karo salib?


14 SEPTEMBER

No. 209. Pasemon ujah.

Dak limbang² kanti tliti bab pasemon iki. Ujah iku perlu banget supaja manungsa bisa mangan kanti kepenak. Tanpa ujah, manungsa malah meh ora dojan mangan maneh.
[ 141 ]
Aku iki kudu dadi ujah! Warga Konggregasi. Jen ujahe Warga Konggregasi ilang rasane, apa bandjur isih bisa ngujahi masarakat? Apa suwe² masarakat, Negara, bangsaku ora bakal urip tanpa Allah, tanpa Sri Jesus?


15 SEPTEMBER

No. 210. Wedus kang katriwal.

Watjanen nomor iki kanti premati. Pesemone bandjur dadi terang. Aku bandjur ora gelem lali maneh marang pangandika Dalem Gusti: „Ija kaja mangkono iku kabungahane para malaekating Allah, marga martobate wong sidji”. Apa aku, serana sembahjangan, kurban, matiraga, tenagaku wis tau mertobatake wong sidji? Sebab apa ora?


16 SEPTEMBER

No. 211. Pasemon anak mursal.

Atine, wateke bapak iki ngemperi Tyas Dalem Sri Jesus. Gusti Jesus uga tresna, nggatosake, ngadjeng-adjeng mertobate wong dosa.
Gusti Jesus uga bingah banget jen ana wong dosa mertobat. Aku iki uga wong dosa. Gusti Jesus uga ngadjeng-adjeng mertobatku. Apa aku kerep migunakake sakramene wong mertobat, j.i. sakramen bih? Pendak rong minggu? Rama bih kang baku?


17 SEPTEMBER

No. 212. Djuru gedong tjulika.

Saka pasemon iki aku ora kena lali marang pangandika Dalem: ,,Kowe ora bisa ngabdi Allah lan mammon". Aneh banget manungsa iku — tansah kepengin ngabdi Allah
[ 142 ]
lan duwit, kasugihan, kapinteran, lan akune dewe. Iku eman, lan gawe tjilakaning manungsa, amarga manungsa satemene dadi kagungan Dalem — mulane manungsa ora kena ngabdi awake dewe kaja² ora dadi kagungan Dalem.


18 SEPTEMBER

No. 214. Wong tjetil karo Lasarus.

Ana wong kang ora ngandel menawa ana naraka, utawa apese ora mikir² bab neraka. Kanggo aku isih perlu banget saja nginsafake awakku dewe, manawa ana neraka, lan aku iki isih bisa katjemplungake neraka, jen aku sutik ngestokake dawun Dalem.
Gusti Jesus kerep mulang bab neraka, supaja aku insaf, menawa neraka iku bisa dadi tjilakaku kang gede dewe. Njuwuna supaja tansah bisaa ngelingi katresnan Dalem !


19 SEPTEMBER

No. 215. Lasarus lara kebandjur mati.

Lasarus iki dadi mitra Dalem Sri Jesus. Sri Jesus tresna banget karo Lasarus. Ewasemono Gusti Jesus ora tindak menjang omahe Lasarus kanggo marasake mitra Dalem. Mesti bae Lasarus gela dene Gusti ora rawuh.
Gusti sok uga karsa nggelani aku. Sok ora nglipur atiku tjara kang bisa dakrasakake, amarga karsa njoba aku, supaja aku bandjur saja bisa tresna. Sanadjan atiku ora dilipur, aku ora kena kurang ngandel ing Katresnan Dalem.


20 SEPTEMBER

No. 216. Kasusahane Martah lan Marijah.

Nomor iki mung perlu diwatja kanti alon², supaja wis bisa
[ 143 ]
ngurubake katresnanku marang Sri Jesus. Terang ta Gusti, enggone tresna karo Martah lan Marijah, lan marang Lasarus. Gusti malah muwun, lan banget kraos trenjuh.
Gusti Jesus uga tresna karo aku!!
Sebab apa aku tansah lali maneh? Apa aku isih bisa susah maneh, jen wis ora bakal lali marang Katresnan Dalem?


21 SEPTEMBER

No. 217. Lasarus katangekake.

Gusti karsa ngluhurake Lasarus. Nanging Gusti uga karsa mbuktekake ka-Allahan Dalem maneh, serana pangeram-eram kang nggumunake banget iki. Gusti Jesus karsa nindakake pengeram-eram iki, supaja wong akeh pada ngandela, menawa Allah Hjang Rama ngutus Sri Jesus. Wong akeh wis ngandel. Nanging bisa saja ngandel, saja urip miturut pengandel iku.


22 SEPTEMBER

No. 218. Sumedya njedani Gusti Jesus.

Sengite para Imam Jahudi lan para Parisi saja mundak gede, amarga Gusti Jesus saja tresna, lan saja akeh wonge kang ngandel ing Sri Jesus. Aku kabeh, saiki, kang uga wis ngandel lan tresna marang Sri Jesus, meh ora bisa ngerti maneh menawa Gusti Jesus dek bijen disengiti kaja mangkono. Nanging saiki, Gusti Jesus isih disengiti. Jen Pasamuwan Sutji saja madju, jen ana wong Katulik saja akeh kang nindakake katresnan, bandjur uga tansah bakal ana wong maneh kang sengit, kang ora seneng weruh kasutjianing wong lija, kang mbuktekake menawa uripe dewe ala lan kebak ing dosa.
[ 144 ]
23 SEPTEMBER

No. 220. Adja gawe sandungan.

Aku iki kudu ngati-ati banget. Aku, Katulik, Warga Konggregasi, ditimbali mitulungi Sri Jesus! Mulane aku uga ditimbali mitulungi wong lija lan ora kena aweh sandungan, amarga serana sandungan iku aku bisa ngrusak wong lija, nggoda marang wong lija, mitulungi wong lija supaja nglakoni dosa! Iku nggegirisi banget. Aku iki keprije? Sok aweh sandungan serana kelakuanku lan tembungku kang asor, kasar, djenes?


24 SEPTEMBER

No. 222. Wong budugen sepuluh diwarasake.

Wong sepuluh diwarasake. Mung sidji bali lan matur nuwun/
Iki gambarane manungsa akeh. Wong akeh ora ngerti matur nuwun marang Gusti Allah, dene wis diparingi urip, diparingi Sakramen², diparingi Sih, Katresnan, pangapura. Apa aku uga kurang matur nuwun? Sebab apa? Mesti amarga umuk, kurang ngakoni Katresnan Dalem.


25 SEPTEMBER

No. 224. Djaksa murang adil lan waranda.

Adja sok lali marang pangandika Dalem Gusti : „Apa Gusti Allah kira² ija ora bakal maringi adil marang para pepilihan Dalem, sing rina wengi njenjuwun marang Pandjenengane?” Gusti Allah iku Maha-Adil!
Gusti Allah mesti maringake sing pråjoga kanggo aku! Sanadjan kiraku ora prajoga, Gusti priksa, menawa kang diparingake marang aku, prajoga banget, sanadjan aku lara, susah, mlarat, bodo. Apa aku ngandel iku?
[ 145 ]
26 SEPTEMBER

No. 225. Wong Parisi lan djuru mupu beja.

Wong kang andap asor, mesti ora ngerti bab andap asore dewe. Mulane wong akeh: umuk, amarga kirane wis andap-asor, sebab sok² sembahjang upamane, sok sregep netepi kuwadjiban, sok mitulungi wong lija. Gusti Jesus ora rena marang wong umuk kaja para Parisi. Wong kang ngluhurake awake dewe, ora ngerti papane dewe, ora ngerti menawa dadi titah, menawa awake dewe wadjib tansah ngabdi Gusti, tansah netepi kuwadjiban. „Duh Allah mugi melasana kawula tijang dosa”. Ja, wong dosa tenan aku.


27 SEPTEMBER

No. 227. Gusti mberkahi botjah tjilik².

Gatekna Katresnan Dalem Sri Jesus marang botjah² tjilik. Sebab apa Gusti Jesus tresna tjara mirunggan marang botjah tjilik? Amarga pesadjane, andap-asore, blakane, pengandele. Mulane aku uga didawuhi lestari kaja botjah tjilik, j.i. lestari pesadja, andap-asor, blaka lan ngandel. Apa aku isih kaja ngono? Apa aku apese ngudi iku mau?


28 SEPTEMBER

No. 228. Djedjaka sugih.

Iki wiwitane timbalan ngestokake dawuh Dalem Gusti. Sing wis nindakake dawuh Dalem, mesti uga dipriksani Gusti kanti katresnan. Adja lali menawa djedjaka iki kepengin olen urip langgeng, lan njuwun priksa apa isih ana kurange. Mulane Gusti Jesus mangsuli: Jen kowe nedya sampurna — dolen kabeh barang darbekmu, lan mreneja meluwa Aku. Iki pokok:
[ 146 ]

ngurbanake sakabehe, amarga Gusti Jesus tresna marang aku. lan aku tresna marang Sri Jesus. Apa aku wani? Tresna? Apa iki kangelan amarga lumengketku? Susah ? Iku ateges kurang tresna !

29 SEPTEMBER

No. 229. Bebajaning kasugihan.

Saiki aku diwulangi Gusti supaja aku adja sok wegah nglakoni sing dakanggep rekasa, amarga kudu ndjagakake Sih pitulungan Dalem. Jen kanggo aku malah mokal, isih kudu daktindakake, amarga mungguhing Allah ora ana barang kamokalan. Iki agama Katulik wani nglakoni sing rekasa, amarga Sri Jesus tresna, tansah mitulungi aku, tansah maringi Sih kang luwih saka tjukup! Apa aku ngandel kaja ngono? Jen ngandel tenanan, bisa dakkalahake panggoda kabeh.

30 SEPTEMBER

No. 229. (teruse).

Gusti Jesus ngandika marang Santo Petrus: „Kowe kang pada melu Aku”. J.i. kang nulad Sri Jesus, kang ngurbanake kesenengan lan karepe dewe, kang merangi hawa nepsune, kang nampik marang panggoda, amarga wis tresna marang Sri Jesus. Wong kaja mangkono diparingi gandjaran kang apik, kang ngajemake banget, j.i. diparingi Katresnan Dalem kang ngungkuli barang donja kabeh.

1 OKTOBER

No. 236. Marijah ndjebadi Gusti Jesus.

Delengen katresnane Marijah kang ndjebadi Gusti Jesus. [ 147 ]

nDjebadi iku tegese ngurmati banget, matur nuwun, tresna. Lan mesti bae Marijah tresna banget marang Sri Jesus, amarga Lasarus, kaprenah sedulure, durung suwe diuripake maneh dening Sri Jesus.

Apa aku uga ora ditresnani Sri Jesus? Apa aku uga sok ndjebadi Sri Jesus, serana ngurmati tjara mirunggan (kala santa) lan matur nuwun?


2 OKTOBER

Pista Malaekat pamomong.

Dina iki prajoga banget nglimbang-nglimbang bab pitakone Piwulang Agama Katulik, j.i.:

  1. Apa ana Malaekat kang pinidji angreksa aku kowe? Inggih, ugi wonten Malaekat, ingkang sami pinidji ngreksa kula sadaja wiwit kula sami dumados ngantos dumugining pedjah; saben tijang anggadahi Malaekat satunggal ingkang kapatah ngemong, inggih punika Malaekat pamomongipun.
  2. Keprije pangemonging Malaekat mau marang manungsa ? Malaekat pamomong wau ngajomi kita menggahing badan lan sukma. Pandjenenganipun paring pitulungan sadangunipun kula taksih sami gesang, tuwin samangsa sami pedjah.
  3. Apa kuwadjibanku marang Malaekat pamomongku? Kula kedah sami ngurmati Malaekat pamomong kula, njuwun pangestunipun kanti pitados, sarta mirengaken dateng osikipun.
  4.  

Apa aku ngandel lan nglakoni iku kabeh mau?

3 OKTOBER

No. 236. (teruse).

Rungokna grundelane Judas Iskariot. Etok-etok gelem [ 148 ]

menehake duwit marang wong miskin, nanging satemene kepengin njolong.

 Gusti Jesus kang tansah karsa mitulungi wong miskin, saiki uga karsa mulang marang wong Katulik, supaja adja lali ndjebadi Salira Dalem serana madjang gredja², altar², serana mitulungi Imam² tuku kasula², kembang², supaja upatjara Katulik ing gredja tansah semuwa.


4 OKTOBER.

No. 236. (teruse).

 Wong akeh kepengin sowan Gusti Jesus, kaja wong Jahudi iki, nanging ora mung kanggo weruh Gusti Jesus, uga kanggo prekara lija. Sebab apa aku menjang gredja? Mligi kanggo ngurmati Gusti Jesus? Apa kanggo guneman, gegujon? Gusti Jesus, Mitraku kang raket dewe, adedalem ana ing altar. Jen aku mlebu gredja kudu ngelingi iku disik, ngelingi katresnan Dalem, lan ora miwiti noleh, guneman.


5 OKTOBER

No. 237. Gusti Jesus ginarebeg mlebet ing Jerusalem.

 Sri Jesus, maha wikan, uwis priksa menawa tjedak Jerusalem ana kuldi kang bakal dititihi Gusti. Para murid pada ngutjuli kuldine, lan ora ana sing ngaru-biru. Gusti Jesus rak mbetahake! Aku ngerti, menawa Gusti Jesus mbetahake aku? Jen aku ditimbali? Apa uga masrahake badanku dewe menjang Gusti kanti bungahing ati? Jen Gusti Jesus ngresakake duwitku, barangku kanggo wong mlarat, kanggo gredja, apa aku nandjur uga gelem njaosake duwitku kanti bungah ? Gusti rak mbetahaken! [ 149 ]
6 OKTOBER.

No. 237. (teruse).

Delengen Gusti Jesus nitih belo kanti andap-asor. Delengen wong akeh iku kang ngluhurake Allah kalajan sarwa gembira ! Gusti Jesus rak wis makarja pangeram-eram akeh !

Rungokna wong² iku menjanji: Subagya Putraning Dawud! Lha, wong iku kabeh ora suwe maneh, bakal nguwuh-uwuh uga : Kapentanga!

Apa aku ora ngemperi wong iku? Ngluhurake Gusti ing gredja, nanging mentang Gusti serana dosaku! Sebab apa aku kurang mantep tresna? Amarga aku lali marang katresnan Dalem, pitulungan Dalem. Aku dewe, tanpa Sri Jesus, ora bisa apa².

7 OKTOBER.

Pista tasbeh.

Warga Konggregasi kabeh wadjib sembahjang tasbeh ing saben dinane, kanggo ngurmati Ibu Dewi Marijah.

Sadjroning pista tasbeh iki, prajoga dak pikir²:

  1. Apa aku sembahjang tasbeh ing saben dina?
  2. Apa aku sembahjang tasbeh kanti katresnan kang murub marang Ibu Dewi Marijah ?
  3. Apa aku uga nglimbang-nglimbang sadjrone sembahjang tasbeh?
  4. Apa tasbehku dak pigunakake tjara mirunggan, jen aku digoda ?
  5. Apa aku tansah nggawa lan nganggo tasbeh, uga wajah bengi²?
  6.  
Warga Konggregasi kang tresna karo Ibu Dewi Marijah, uga tresna karo tasbehe. [ 150 ]
8 OKTOBER.

No. 237. (teruse).

Para Parisi saja meri amarga saja weruh, menawa Gusti ditresnani wong akeh. Para Parisi wedi bokmenawa bangsa Jahudi bakal ngontjati saka kuwasane wong Parisi. Wong kang meri, mesti sengit. Lan wong kang sengit ora bisa begdja maneh. Sebab apa aku sok kurang begdja? Meri? Sengit? Sebab apa aku ora bisa bungah, amarga wong lija luwih pinter upamane? Gusti Jesus rak tresna karo wong kabeh ! Mulane aku wadjib ngalahake sengit lan meriku.


9 OKTOBER.

No. 238, Gusti Jesus muwuni kuta Jerusalem.

Watjanen pangandika Dalem Sri Jesus iki kanti alon², kanti ngrasakake Katresnan Dalem kang gede banget iku marang kuta Jerusalem.
Gusti Jesus tresna marang wong kabeh. Iku tjeta banget saka ing Indjil. Mung bae, Katresnan Dalem iku kerep disepelakake dening manungsa, kang ora gelem ngakoni menawa mung Sri Jesus kang bisa gawe rahajune. Apa aku terus bakal njepelekake Gusti serana kembaku lan dosaku? Apa aku, warga Konggregasi, durung jakin menawa mung Sri Jesus bisa gawe rahajuku ?


10 OKTOBER.

No. 239. Gusti tindak menjang Padaleman Sutji.

Ana ing Padaleman Sutji Gusti Jesus karsa marasake wong² wuta lan lumpuh maneh. Katresnan Dalem ora bisa dipedot maneh. Rungokna uga botjah-botjah kang ndemenakake banget
[ 151 ]
enggone nguwuh ana ing Padaleman Sutji: Subagija Putraning Dawud. Meri maneh para Parisi. Mesakake banget. Apa Gusti isih karsa rembagan karo wong Parisi? Gusti mung karsa nerangake menawa iku kabeh uga wis diwetja dening para Nabi, Bandjur tindak saka kono. Wong kang meri lan sengit, uga tansah kurang nalar banget. Sengite ndjalari pikirane kurang nalar. Aku bakal saguh karo Sri Jesus, menawa aku ora gelem meri maneh.


11 OKTOBER.

No. 241. Bakul-bakul pada tinundung saka Padaleman Sutji.

Gusti Jesus duka banget, amarga Padaleman Sutji, Daleming Hjang Rama, kleru enggon dipigunakake dening wong² iku. Mesti bae aku ora bakal ngedol barang ana ing gredja, nanging aku isih bisa nglakoni kleru ana ing gredja, serana ora semi- bahjang ana ing kono, serana ora nggatekake Sri Jesus ana ing altar, serana narik wong lija supaja nggatekake aku, serana guneman. Adja gawe duka Dalem Sri Jesus!


12 OKTOBER.

No. 242. Wong kapir kepengin weruh Gusti Jesus.

Ngertia marang tegese sabda Dalem Sri Jesus: ,,Gabah iku jen ora tumiba ing lemah lan mati, mesti terus idjen, nanging jen mati, bakal ngetokake woh bijet". Tegese: Gusti Jesu bakal seda ana ing salib, bandjur wong akeh bakal ditebus. Wohing seda Dalem j.i. manungsa kang munggah swarga. Kaja gabah iku mati, bandjur ngetokake woh, kaja mengkono uga Gusti, serana seda Dalem, nebus!
Iku perlu dak limbang² tenanan, amarga tanpa seda Dalem, aku durung ditebus, durung bisa begdja.
[ 152 ]
13 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Gusti ngandika: ,,Sing sapa tresna marang uripe dewe, malah bakal katiwasan, lan sing njengiti uripe ana ing donja kene, bakal njimpen uripe mau kanggo urip langgeng". Tegese : sing nuruti kesenengane, lan sing ngudja karepa dewe, kang wedi marang kurban, mesti bakal nglakoni dosa, amarga ora ana prekara kang luwih gampang tinimbang dosa, j.i. nuruti hawa nepsu kang nerak dawuh Dalem. Mulane bakal tjilaka, katiwasan.
Nanging sing gelem ngurbanake kesenengane, kang bisa mbangun miturut, tresna, mitulungi, mesti bakal munggah swarga? Aku bandjur kudu sok sengit, tegel njingkiri marang kesenenganku.


14 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Gusti ngandika: ,,Jen ana wong suwita Aku, kudu napak tilas Aku, lan ana ing ngendi bae papanku, ija kudu ana ing kono abdiku". Napak tilas Dalem j.i.: niru, nulad Sri Jesus — luwih² Katresnan Dalem. Iki kuwadjibane warga Konggregasi kabeh. Aku uga kudu ngerti menawa Gusti Jesus ana ing suk- maku, amarga aku kedunungan Sih kasusantan. Mulane aku kudu kerep ngelingi Sri Jesus kang ana ing sukmaku!!


15 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Gusti Jesus ngandika: sukmaku geter. Ija, Gusti Jesus, miturut Kamanungsan uga wedi marang sangsara. Ewasemono
[ 153 ]
Katresnan Dalem tansah menang, malah nganti-anti wektu sangsara, amarga sangsara lan seda Dalem bakal ngluhurake Asma Dalem Hjang Rama. Mulane Gusti karsa nandang sangsara kanggo aku. Matur nuwun, Gusti.
Allah Hjang Rama uga terus karsa paring wangsulan: Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurake maneh, j.i. Gusti Jesus bakal wungu saka seda.


16 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Wong golongan kang ana ing kono bandjur ora gelem ngandel menawa Allah Hjang Rama Pribadi ngandika. Wong kang ora gelem ngandel ing Sri Jesus, uga ora bisa dipeksa dening Sri Jesus supaja ngandel, amarga pengandel iku mardika, kudu metu saka karepe manungsa dewe. Gusti Jesus Pribadi ora mbetahaken wangsulan Dalem Hjang Rama.
Mulane Gusti Jesus ngandika: ,,Ora krana Aku swara iku dumeling, nanging krana kowe". J.i. supaja wong² mau gelem ngandel. Supaja aku uga, saja gelema ngandel.


17 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Gusti Jesus paring wangsulan: ,,Lumakua mumpung isih padang", j.i. Gusti Jesus isih sugeng lan mulang ing satengah-tengahing bangsa Jahudi. Mulane wong Jahudi wadjib migunakake padanging piwulang Dalem. Aku uga wis ngerti marang piwulang Dalem, wis ngandel menawa Sri Jesus sugeng ana ing atiku, tansah ana ing Sakramen Maha-Sutji, tansah tresna marang aku. Iku kabeh wis terang, padang lan tjeta kanggo aku.
[ 154 ]
Mulane aku wadjib mlaku, j.i. nglakoni Karsa Dalem, mbangun miturut, tresna. Ora kena tansah wegah bae! Lumakua!


18 OKTOBER.

No. 243. Katyasaning pangandel.

Gusti Jesus ngandika: ,,Sing sapa kanda marang gunung iki: ,,Ngadega lan njemplunga segara", jen ing sadjroning ati ora godjag-gadjeg, nanging ngandel, menawa bakal kelakon apa sing dadi kandane, mesti bakal keturutan".
Adja lali: kudu ngandel, j.i, menawa Gusti Allah iku Maha- Kuwasa, lan karsa nindakake kang daksuwun, jen iku mituru: Karsa Dalem.
Wong iku sok mung gelem ngandel marang sing tjotjog karo kesenengane dewe. Nanging, kesenenganku kerep ora tjotjog karo Karsa Dalem. Mulane aku durung ngandel tenan jen aku mung kepengin supaja Gusti karsa nuruti pepenginanku! Wania nampa Karsa Dalem !


19 OKTOBER.

No. 243. (teruse). Katyasaning sembahjangan.

Gusti Jesus uga ngandika: ,,Manawa kowe sembahjang apuranen jen kowe duwe panguneg-uneg marang wong lija, supaja Ramamu kang ana ing swarga, uga ngapura dosamu". Iku pada karo sembahjangane ,,Kangdjeng Rama", kang uga diwulangake dening Sri Jesus Pribadi: ,,Sakatahing lepat njuwun pangapunten Dalem, dene kawula inggih angapunten dateng sesami".
Apa iku uga daklakoni tenanan? Mangkelku, serikku, djengkelku, sengitku, apa bisa dak kalahake, supaja aku tresna marang wong lija, ngapura lupute wong lija kaja S. Kristus?
[ 155 ]
20 OKTOBER.

No. 244. ,,Angsal wewenang saking pundi saged Pandjenengan atindak kados mekaten?"

Saja konangan saiki karepe wong Parisi kang ala. Wong iku mung golek luhure dewe. Mulane etok² ora ngerti saka ngendi asale baptise Johannes. Gusti Jesus bandjur uga nampik mangsuli pitakonane. Nampik sih Dalem, amarga wong iku ora gelem nampa Sih Dalem. Aku uga bakal ditampik nampa Sih Dalem, jen aku etok² ora ngerti kang perlu kanggo aku, kang perlu supaja aku bisaa urip betjik lan munggah Suwarga.


21 OKTOBER.

No. 245. Anak loro dikon menjang kebon anggur.

Tjeta banget pasemon iki. Ana wong dosa akeh kang nampik mbangun miturut karo Sri Jesus. Luwih seneng nuruti hawanepsune dewe, tinimbang tresna karo Sri Jesus. Nanging ing saben dinane wong dosa uga akeh kang mertobat miwiti tresna lan mbangun miturut karo Sri Jesus maneh. Aku dewe uga kerep kaja mangkono. Wiwitane aku ora gelem mbangun miturut. Nanging swaraning atiku bandjur ngelingake aku, supaja gelema mbangun miturut. Mulane perlu banget njembahjangake wong dosa, supaja gelema njingkuri marang dosane maneh. Angel mertobate wong kang wis atos atine, kang ora gelem ngandel ing Sri Jesus. Saja perlu dak sembahjangake wong kaja mangkono iku.


22 OKTOBER.

No. 247. Pasemon ratu pistan penganten.

,,Sang Prabu utusan abdi-abdine suruhan perlu bodjana, nanging para suruhan ora gelem teka".
[ 156 ]
Iku pasemone Kratoning Swarga, j.i. Allah Hjang Rama ngutus Putra Dalem ontang-anting, perlu nimbali manungsa kabeh, supaja gelema ditresnani Gusti Allah, ditebus, diparingi Sih, diparingi kabegdjan sedjati. Nanging wong akeh ora gelem ditebus, ditresnani, diparingi Sih. Mulane Gusti Jesus gela. Jen aku gelem dadi warga Konggregasi kang apik, aku kudu mangerti gelaning Tyas Dalem, lan kerep njembahjangake wong dosa kang durung gelem ditresnani.


23 OKTOBER.

No. 248. Pitakonan bab padjeg marang maharadja.

Djulige para Parisi tansah didukani dening Sri Jesus, amarga serana djulige, para Parisi bisa ngapusi wong akeh. Mulane Gusti ngandika: ,,Tjaosana Sang Prabu sing dadi kagungane ratu — j.i. kudu mbangun miturut karo Pemerintah, kudu dadi Warga Negara kang betjik, amarga iku kuwadjibane wong Katulik. Nanging ora kena lali netepi dawuh Dalem: kudu njaosake marang Allah sing dadi kagungane Allah.


24 OKTOBER.

No. 249. Pitakone para Saduki bab tangining badan.

Wong Saduki, kang uga sengit karo Sri Jesus, uga kerep bebantahan karo Gusti, luwih² bab tangining badan. Wong Saduki iku mung mikir² barang donja. Ora bisa ngerti menawa ing Swarga manungsa kabeh wis beda banget lan wis ngemperi malaekat.
Bener banget wangsulan Dalem Sri Jesus marang para Saduki: Gusti Allah iku dudu Allahing wong mati, nanging Allahing wong urip, djer kabeh pada urip ana ing pangajunan
[ 157 ]
Dalem, j.i. wis ora butuh mikir² barang donja, wis ora omah², amarga begdja kanti sampurna, mung manunggal Gusti.


25 OKTOBER.

No. 250. Bab angger² sing gede dewe.

Dina iki di-limbang² ing ngarsa Dalem Sri Jesus Pribadi bab katresnan marang Gusti Allah, amarga tresna marang Gusti Allah iku dadi dawuh kang dişik dewe. Apa aku tresna marang Gusti Allah kanti sakehing kekuwatanku? Apa aku kemba? Sing blaka! Jen aku durung tresna tenanan karo Gusti Allah, mesti uga ora nggumunake dene aku uga durung tresna karo pepadaku. Iku dawuh nomor loro kang pada karo dawuh mau Malah katresnanku marang wong lija iku dadi buktining katresnanku marang Allah. Ora tresna karo pepadane, iku ateges: aku ora tresna karo Allah!


26 OKTOBER.

No. 251. Sang Kristus Putra lan Gustine Prabu Dawud.

Ing nomor iki Gusti Jesus ora main tembung, nanging Gusti, karsa nerangake menawa Gusti djumeneng Putrane Prabu Dawud, amarga Gusti Jesus iku djumeneng manungsa, turunane Prabu Dawud. Nanging Gusti uga djumeneng Allahing Prabu Dawud: j.i. Gusti djumeneng Allah wiwit langgeng, sadurunge Dawud ana. Saja terang kanggo aku saiki, menawa Sri Jesus iku: tuhu Allah lan tuhu Manungsa. Gusti, kawula pitados.


27 OKTOBER.

No. 252. Diweweka marang ahli kitab lan para Parisi.

Perlu banget, aku, Warga Konggregasi, uga wani nglimbang²
[ 158 ]
bab wong Parisi, lan bab Gusti Jesus kang kerep mulang, supaja aku adja nulad wong Parisi iku. Nggegirisi banget dosane para Parisi, j.i. umuke, lamise lan kedjeme. Apa aku umuk? Lamis? Kedjem? Njuwuna marang Sri Jesus, supaja bisaa mbuwang dosa iku, lan ndandani watekku.
Bener banget pangandika Dalem Gusti: ,,Sing sapa ngluhurake awake dewe, bakal kaesorake, lan sing ngesorake awake dewe bakal kaluhurake". Andap asor iku kautamane Warga Konggregasi — kautamane Putra Dalem Dewi Marijah, kang andap asor banget.


28 OKTOBER.

No. 254. Duwite mbok randa rong keteng.

Watjanen nomor iki kanti taliti, amarga ana piwulang Dalem kang migunani banget. Wong randa mlarat iki njemplungake duwit setitik, nanging duweke kabeh sing ditjemplungake. Randa iki ngerti menawa kudu dibuktekake katresnane kundjuk Allah, katresnane marang Padaleman Sutji. Randa iki ngerti menawa kudu mitulungi Gredja, amarga wrakade Pasamuwan Sutji iku uga akeh. Apa aku jakin menawa aku uga wadjib menehi dana, kagem para Imam kang makarja kanggo aku, kanggo gredja², lilin², lan lija-lijane. Iku kudu diwragadi dening wong Katulik kabeh, luwih² Warga Konggregasi. Sanadjan aku mlarat, aku wadjib. Jen sugih aku ora mung kudu menehi saka turahane bandaku, nanging bandjur wadjib menehi akeh.


29 OKTOBER.

No. 255. Pungkasaning Sugeng Dalem memulang.

Wong Jahudi akeh sing ora ngandel, utawa wedi. Amarga
[ 159 ]
saka atosing atine, Gusti ora bisa mitulungi wong iku. Gusti rak mung bisa mitulungi manungsa kang gelem dipitulungi. Gusti Jesus ora kersa meksa manungsa supaja ngandel. Iku tanpa guna. Gusti Jesus ora kersa maringake Sih, ora kersa mbikak atine supaja ngandel, amarga manungsane dewe ora gelem nampa sih lan pengandel. Apa aku sok wedi nampa Sih Dalem? Wedi urip luwih sampurna, luwih tjedak karo Sri Jesus? Iku ora patut kanggo Warga Konggregasi!


30 OKTOBER.

No. 255. (teruse).

Dilimbang² sedela bab Pangandika Dalem Sri Jesus: Gusti ora rawuh ngadili, nanging perlu nebus djagad. Sing ora gelem nampa warta kabungahan (Indjil), iku bakal diadili dening warta kabungahan iku uga. Wong iku bakal ngerti menawa Sri Jesus ora kedjem, ora sija², nanging sing kedjem lan sija², j.i. wonge dewe, kaja wong Parisi, kang wis atos atine, ora gelem ngrungokake Sabda Dalem.
Muga-muga aku tansah ngerti iku kabeh, supaja aku adja ngatosake atiku, lan supaja aku uga tansah gelema njembahjangake wong lija kang wis atos atine.


31 OKTOBER.

No. 256. Rusake Padaleman Sutji.

Gusti Jesus uga mriksani endahing Padaleman Sutji. Nanging, sing luwih digatekake Gusti j.i.: wonge. Padaleman Sutji iki bakal rusak, ing tembe bakal ora ana bata sidji bae sing tumumpang ing bata lijane, sing ora digempur. Manungsa iku sok ndjagakake kekuwatane, kapinterane dewe. Ndjagakake
[ 160 ]
technik. Kirane wis ora butuh Gusti. Iku umuk! Atos atine! Mulane Gusti Jesus ora merdulekake pembangunan² geden²an, jen ora ana wong kang mursid, tresna, andap-asor. Iku luwih perlu! Apa aku uga luwih merlokake dadi wong kang tresna kanti andap-asor, miturut tulada Dalem Sri Jesus, tinimbang dadi wong kang umuk?


1 NOPEMBER.

Rijaja para Sutji.

Perlu banget aku kerep kelingan menawa Pasamuwan Sutji ora mung arupa Pasamuwan Sutji ana ing donja iki tok. Pasamuwan Sutji iki uga kagungan warga² kang wus menang ing perang, j.i. para Sutji ing Swarga!
Wargane Pasamuwan Sutji sing lagi perang, j.i. kabeh warga kang isih urip ana ing donja kene. Sadulurku dewe kang wus munggah swarga mesti gelem mitulungi adine kang isih perang, serana nglantarake penjuwunku ana ing ngarsaning Allah. Mulane aku ora perlu sok wedi, entek atiku, bingung. Serana pitulungane para Sutji, aku bisa dilipur, diparingi Sih, lan menang, munggah Swarga uga!


2 NOPEMBER.

Ngelingi para Sukma ing Geni Pangresikan.

Para Sukma ing Geni Pangresikan iku dadi warganing Pasamuwan Sutji sing lagi nandang sangsara. Sukma² iku uga sadulurku! Sukma² iku wis ora bisa mitulungi awake dewe, amarga wis adjal, lan durung munggah Swarga. Nanging bisa lan kudu dak pitulungi, serana sembahjanganku, pegaweanku kang betjik, pamati-ragaku lan aflat, luwih² srana Kurban Mis
[ 161 ]
Sutji. Sukma² kabeh bisa dak-pitulungi kaja mengkono, luwih² sadulurku dewe, wong tuwaku, lan sukma² sing kepentjil dewe. Apa aku sok njuwun Mis kanggo sukma² iku? Şok sembahjang tasbeh utawa dalan salib kanggo mitulungi sukma² iku?


3 NOPEMBER.

No. 257. Tanda-tanda sing bakal mahanani rusaking Padaleman Sutji.

Gusti saiki karsa mulang marang para Murid Dalem. Aku iki uga dadi murid Dalem ta?
Wong akeh bakal dibudjuk, diapusi dening agama² kang ora njata. Adja gumun! Gusti wis metja! Aku mung kudu prajitna, lan adja nurut. Kudu nderek Sri Jesus lumantar Pasamuwan Sutji kang dijasa dening Sri Jesus Pribadi, lan kang nerusake Pakarjan Dalem, j.i. nebus manungsa. Ana perang, wong Katulik di-kuja² — ora dadi sebab. Iku kudu kelakon, amarga sengite wong lija. Gusti wis metja. Jen aku nderek Sri Jesus, ora perlu wedi.


4 NOPEMBER.

No. 257. (teruse).

Nggegirisi iku kabeh kang diwetja dening Sri Jesus. Iku mau ora mung diwetja kagem para Rasul, nanging uga kanggo wong Katulik lija, wong Katulik djaman saiki, kanggo aku uga.
Lan saiki isih kelakon: wong Katulik ditjekel, di-kuja², dikundjara, diglandang marang ngarsane ratu. Nanging, saiki uga isih kelakon miturut Pangandika Dalem: kandaa kaja kang diwisikake marang kowe iku uga. Awit Aku bakal paring tem-
[ 162 ]
bung lan kawitjaksanan, sing bakal ora kena dilawan utawa dipadoni ing mungsuhmu. Djer dudu kowe sing ngutjap, nanging Hjang Roh Sutji. Iku kabeh isih kelakon: ing Russia, Tiongkok, Eropah Timur. Ja, Sri Jesus tansah mitulungi lan nglipur murid Dalem. Ora perlu wedi ! Gusti Jesus ana lan tresna! Iku tjukup!


5 NOPEMBER.

No. 257. (teruse).

Sanadjan wong Katulik dipilara, ditjidrani dening sadulure dewe, disengiti lan dipateni, Gusti tetep mundut pengandelku, katresnanku. Lan katresnanku marang Sri Jesus lan pepadaku ora kena mbleret, amarga wedi utawa bingungku. Jen iku kabeh bakal kelakon tumrap ing aku, aku bandjur kudu ngelingi Pangandika Dalem Sri Jesus: sing sapa panggah nganti tekan wekasan (amarga tresna, amarga ndjagakake kasagahan Dalem), iku bakal tuhu rahaju! Srana kasabaran anggonmu bakal ngugemi sukmamu! Iku djenenge mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus ngluwihi barang lija kabeh. Aku bandjur tresna kanti sakehing kekuwatanku! Gusti kena mundut kurban kaja mengkono.


6 NOPEMBER.

No. 258. Rusake Padaleman Sutji lan kuta.

Watjanen nomor iki kanti alon² lan tliti. Sing diterangake Gusti ing kene, iku dadi temahane, akibate wong kang atos atine, kang ora gelem ngandel, kang tansah nuruti hawa nepsune. Wong kaja mengkono ora bisa dipitulungi maneh dening piwulang-piwulang kang alus, nanging kudu dipitulungi, dielingake dening piwulang sing luwih keras, supaja dening piwulang mau bisaa dibukak atine kang atos. Muga-muga atiku ora tau atos!
[ 163 ]
7 NOPEMBER.

No. 259. Rawuh Dalem Sang Kristus kang kapindo.

Sanadjan meditasi² iki rada angel, ewasemono: wigati lan perlu, amarga Gusti Jesus ora mung karsa ngelingake wong Jahudi, nanging uga marang aku.
Lan aku kudu nampa iku kabeh, supaja aku luwih weweka lan ngati-ati. Urip ing donja iki wigati banget, lan aku mung urip ping pisan! Uripku iki kang nemtokake apa aku bakal munggah Swarga utawa katjemplungake ing neraka.
Muga-muga Gusti enggone mulang kaja mangkono, adja muspra, kanggo aku, Warga Konggregasi!


8 NOPEMBER.

No. 260. Rawuhe Putraning Manungsa.

Putraning Manungsa, iku Allah Hjang Putra kang mandjalma, j.i. Gusti Jesus Kristus.
Gusti Jesus seda ing salib, lan wungu saka seda. Saiki Gusti Jesus sugeng ana ing swarga, lan saka swarga iku bakal rawuh ngadili para wong mati utawa urip.
Wektu iki, j.i. jen Gusti rawuh, bakal dadi wektu kang apik, kang luhur, lan bakal tjeta banget; sing nebus bangsa manungsa, sing tresna, sing ngadili wong kabeh, j.i. Gusti Jesus Kristus, Putraning Manungsa, kang bakal rawuh ngagem panguwasa lan kamuljan agung. Gusti, kawula pitados ing Sampejan Dalem. Kijatna pitados kawula.


9 NOPEMBER.

No. 261. Wektu rusake Jerusalem.

Perlu banget aku ngerti marang wewetjan Dalem iki. Jen
[ 164 ]
aku njipati lelakon kabeh mau, aku bandjur ngerti jen kratoning Allah wis njedaki. Gusti ora tau mblendjani kasagahan Dalem, ora tau kurang Maha-Kuwasa Dalem.
Mulane Gusti ngandika: „Bumi lan langit bakal pada sirna, nanging sabdaku ora bakal sirna”. Gusti Jesus: tetep Maha-kuwasa, Maha-Tresna. Aku kudu pitaja banget iku, supaja adja wedi lan bingung!


10 NOPEMBER.

No. 262. Wektune rawuh Dalem Sang Kristus kang kapindo.

Wektu iki sing priksa mung Hjang Rama. Sanadjan Gusti Jesus wis metja akeh² bab wektu iki, ewasemono bab wektune dewe, djame, tahune, babar pisan ora diterangake. Mulane ora ana wong sing ngerti.
Lan uga ora perlu ana wong sing ngerti, amarga jen ngerti, bokmenawa bakal sembrana. Kaja wektune patiku uga babar pisan ora terang, kaja mengkono uga wektune rawuh Dalem S Kristus uga ora terang. Aku mung kudu ngandel, ngati-ati, sabar.


11 NOPEMBER

No. 263. Disijaga!

Terang banget pepeling Dalem iki. Meleka lan sembahjanga! Iki perlu banget, tansah perlu, luwih² djaman saiki!
Wong kang kalindih ing pakareman mangan minum lan kabutuhaning ngaurip, iku mesti suwe² sembrana, lali marang Sri Jesus lan katresnan Dalem, lali marang kabutuhane kang luwih djero, j.i. urip betjik, netepi dawuh Dalem, ngudi munggah swarga. Jen aku lali iku kabeh, bisa uga kelakon, menawa aku kelangan swarga. Aku, Warga Konggregasi, kang sumpah dadi Putraning Ibu Dewi Marijah!
[ 165 ]
12 NOPEMBER.

No. 264. Pasemon abdi kang melek.

Supaja aku saja ngati² lan sijaga, Gusti kersa saja nerangake maneh marang aku srana pasemon. Terang banget pasemon iki. Aku iki kudu dadi abdi Dalem Sri Jesus, kang banget setya tuhu, kang wis ora mikir² kabutuhane dewe tok, nanging kang mikir-mikir Sri Jesus. Warga Konggregasi, jen dadi abdi Dalem kang setya, kang sijaga, bakal digandjar dening Sri Jesus Pribadi, bakal kapundut menjang swarga, tresna lan begdja ing salanggenge karo Sri Jesus!


13 NOPEMBER.

No. 265. Pasemon prawan sepuluh.

Maneh : Sijagaku!
Tansah sijaga ngenteni rawuh Dalem, amarga aku ora ngerti wektune patiku, lan ora ngerti wektune rawuh Dalem Sri Jesus.
Aku ora kena nulad prawan lima kang bodo iki, kang sembrana, lan ora sijaga. Aku kudu dadi wong witjaksana, kang ngerti tanggung djawab, kang mikir²: perlu tansah weweka, kang tansah gelem dadi abdi Dalem kang setya.


14 NOPEMBER.

No. 266, Pasemon duwit talentah.

Aku iki dititahake dening Gusti Allah supaja aku tresna karo Gusti sakekuwatanku. Kekuwatanku iki saiki uga kerep disebutake: talentah. Aku uga wadjib migunakake kekuwatanku, miturut karsa Dalem. Aku wadjib migunakake pikiran lan karepku kanti betjik. Jen aku luwih pinter, luwih kuwat karepku, aku uga luwih wadjib mitulungi Gusti enggone
[ 166 ]
ke Kraton Dalem tinimbang wong lija. Aku uga luwih wadjib mitulungi wong lija supaja uga tresna karo Sri Jesus. Luwih-luwih Warga Konggregasi: wadjib ngetogake kekuwatane kabeh kanggo saja tresna lan ngabdi marang Gusti lan Ibu Dewi Marijah.


15 NOPEMBER.

No. 267. Pangandika pungkasan.

Para bangsa kabeh bakal kaklumpukake ing ngarsa Dalem Sri Jesus, lan Pandjenengane bakal milah bangsa-bangsa mau. Weruhe, Gusti Jesus kang wis mapan pinarak ing dampar kamuljan, bakal angadili manungsa kabeh. Iku wektune, Putrane Manungsa ngadili ora kanggo males sengit, nanging kanggo ngadili manungsa kabeh, miturut mursid lan nakale. Sing tresna karo Sri Jesus bakal munggah swarga, sing sengit: menjang naraka! Aku uga bakal diadili dening Sri Jesus! Aku tresna, apa sengit?


16 NOPEMBER.

No. 267. (teruse).

Gusti Jesus bakal ngandika: „Mara, para binerkahan ing Ramaku, pada nampanana warisane kraton, kang wus tjinawisake marang kowe kabeh wiwit tantjebing djagad”. Warisan iki ditjawisake Gusti kanggo wong kabeh kang wis mbuktekake katresnan marang Gusti Allah. Katresnan iku dibuktekake keprije? Gusti ngandika: „Awit nalika Aku luwe pada kok tjaosi dahar”.
Sing sapa menehi pangan marang kang kaluwen ategas njaosake dahar marang Sri Jesus Pribadi. Aku bisa mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus, serana tresna marang wong kang luwe. Gusti, kawula sagah tresna mekaten !
[ 167 ]
17 NOPEMBER

No. 267. (teruse).

Gusti Jesus ngandika: ,,Aku ngelak kok tjaosi ngundjuk". Apa aku wis tau ngelak tenanan? Apa aku bandjur ora bungah banget, jen ana wong kang menehi ngombe? Aku uga kudu nglakoni kaja mangkono marang wong lija kang ngelak, luwih² marang wong kang ngelak marang Katresnan Dalem. Aku kudu saja kepengin nglakoni kaja mangkono, amarga serana pitulungan iku aku mitulungi Sri Jesus Pribadi.
Gusti, kawula sagah tresna mekaten!


18 NOPEMBER.

No. 267. (teruse).

,,Aku dadi wong mantja, kok ampirake". Bokmenawa aku gumun dene Gusti bola-bali karsa nerangake bab katresnan iki. Iku, supaja aku adja lali, menawa sing perlu mung katresnan kang matis, j.i. mitulungi wong lija. Sri Jesus Pribadi sing dak pitulungi, sing dak tresnani serana nampa wong mantja. Gusti, kawula sagah tresna kados mekaten!


19 NOPEMBER

No. 267. (teruse).

,,Aku kawudan, kok sandangi". Wong mlarat, kang ora duwe apa² iku, ditresnani tjara mirunggan dening Sri Jesus. Nganti Gusti nampa katresnanku marang wong mlarat, kaja marang Gusti Pribadi. Apa aku wis tau mitulungi wong mlarat serana tanganku lan tenagaku dewe? Apa aku bandjur ora ngalami katentremaning ati kang gede banget, rumangsa begdja? Iku buk-
[ 168 ]
buktine menawa Sri Jesus Pribadi nampa kurban lan tenagaku lumantar wong mlarat.
Apa ana ing Konggregasiku wis ana tjabang kanggo mitulungi wong mlarat lan wong nganggur?


20 NOPEMBER

No. 267. (teruse).

„Aku gerah, koktiliki”. Uga wong lara kudu dakpitulungi, dakupakara, daklipur, jen aku kepengin tresna tenanan karo Sri Jesus. Apa aku wani niliki wong mlarat? Apa aku mbokmenawa dadi wong murka, umuk, egois, kang mligi mikir² awake dewe, lan ora bisa ngerti maneh marang susahe lan larane wong lija? Jen aku kaja mengkono, aku durung tresna karo Sri Jesus. Apa aku wiwit saiki bakal saja seneng niliki wong lara? Ora mung sedulurku dewe, nanging uga wong lara kepentjil? Apa bokmenawa bisa dakdegake tjabang kanggo niliki wong lara ?


21 NOPEMBER

No. 267. (teruse).

„Aku ana ing pakundjaran pada koksowani”. Iku uga nggumunake banget. Aku bisa sowan Sri Jesus tenan serana niliki wong kang ana ing pakundjaran. Wong iku uga ditresnani Sri Jesus! Mulane aku uga kudu tresna karo wong iku. Aku malah kudu saja tresna karo wong iku, amarga nresnani wong ing pa- kundjaran, ategas saja tresna karo Sri Jesus Pribadi.


22 NOPEMBER.

No. 267. (teruse).

Dina iki aku bakal nglimbang² kanti katresnan kang gede
[ 169 ]
banget bab Sabda Dalem Sri Jesus: „Sajekti pituturku ing kowe apa kang wus koktindakake tumrap salah sawidjining sadulurku kang asor dewe iki, iku koktindakake tumrap Aku”. Aku bakal ngapalake Sabda Dalem iki, supaja aku babar pisan ora bisa lali maneh, supaja aku ing saben dinane bisa notjogake kelakuanku, katresnanku karo dawuh Dalem kang luhur iki. Aku uga saguh maneh karo Sri Jesus: Gusti, kawula boten bade tresna serana tembung² tok, nanging kawula bade tresna dumateng Sampejan Dalem serana mitulungi lan nresnani tijang mlarat, susah, kepentjil, sakit.


23 NOPEMBER.

No. 230. Wong buruh ana ing kebon anggur.

Pasemon² Dalem Sri Jesus ora angel. Pasemon iki nerangake keadilan Dalem Sang Kristus, kang metu saka ing katresnan Dalem. Gusti rak uga tansah golek manungsa, supaja mlebua Kraton Dalem j.i. Pasamuwan Sutji lan Swarga. Tansah golek, j.i. : narik atine manungsa sarana katresnan Dalem. Mulane wong Katulik, luwih² warga Konggregasi, ora kena meri, amarga wong lija uga ditresnani Gusti, malah bisa munggah Swarga sanadyan nembe mertobat jen wis lelaku.
Gusti wis bungah dene wonge wis gelem mertobat. Apa aku kerep njembahjangake wong dosa? Kapir? Jen ora, aku kurang tresna karo wong lija kaja Sang Kristus.


24 NOPEMBER.

No. 231. Pametja bab Sangsara Dalem.

Gusti Jesus, Allah Hjang Putra — Mahawikan — Gusti priksa manawa bakal disedani ing Jerusalem. Ewasamono Gusti
[ 170 ]
tindak menjang Jerusalem. Gusti ora ngertos wedi. Supaja para Rasul saja ngandel marang perlune sangsara Dalem, Gusti karsa metja. Sanadyan para murid nalika semono durung ngerti, isih peteng, durung njandak, ewasemono bakal saja ngerti lan ngandel sawise Gusti wungu saka seda. Apa aku ngandel? Apa aku ngerti perlune sangsara Dalem? Perlune sangsaraku bareng karo Sri Jesus ?


25 NOPEMBER.

No. 232. Pambekane anake Sebedejus.

Embokne anake Sebedejus pada karo Ibune rasul Jakobus lan Johanes. Embokne njuwun supaja anake diluhurake Gusti ana ing Kraton Dalem (lungguh ing sakiwa tengene). Gusti mundut priksa apa Jakobus lan Johanes bisa nderek nandang sangsara (ngombe tuwunge Sangsara Dalem lan dibaptis-getih, dadi Martir). Lan tenan rasul loro iki dadi Martir, dening Sih Dalem. Bab lungguh ing kiwa tengen Dalem Gusti — iku ora ana ing kuwasa Dalem Sang Kristus, ananging ana ing kuwasa Dalem Allah Hjang Rama. Gusti Jesus mung mbikak swarga maneh !


26 NOPEMBER.

No. 232. Sing kepengin arep dadi pengarep, kudu dadi bature wong kabeh.

Wigati piwulang Dalem iki! Dak pikir² tenan! Kodratku pada karo kodrate Bapa Adam: tumijung marang umuke dewe. Apa aku kepengin nulad Sri Jesus temenanan? Uga kepengin ngladeni wong lija supaja wong lija iki uga munggah Swarga? Apa aku mung seneng ngereh? Diladeni?
Gusti Jesus kawula njuwun dados tijang andap-asor, nulad Sampejan Dalem ing sasaged-sagedipun.
[ 171 ]
27 NOPEMBER.

No. 233. Gusti Jesus diampirake Sachejus.

nDemenakake tenan tjarita iki bab Sri Jesus kang rawuh menjang omahe Sachejus, wong dosa.
Apa ora lutju, Sachejus menek ing wit, supaja bisa weruh Gusti Jesus? Wong dosa rak butuh marang katresnan lan palimirma Dalem Sri Jesus. Aku uga butuh ! Aku uga wong dosa! Apa aku uga ngudi supaja bisa weruh Sri Jesus, bisa luwih tjedak karo Sri Jesus? Sachejus terus mertobat! Mesti bae! Gusti kok karsa rawuh ing omahe. Apa aku ngerti tegese Sabda Dalem Sri Jesus: Djer rawuhe Putraning manungsa (Gusti Jesus Pribadi) mono perlu nggoleki kang wis pada ilang?


28 NOPEMBER.

No. 235. Wong wuta loro pada kasarasake.

Prajogo sok ngangen² bab pangeram-eram Dalem Gusti Jesus, amarga sok bisa lali marang Mahakuwasa Dalem. Sri Jesus iki djumeneng Allah, kang tresna banget karo manungsa kabeh, luwih² karo manungsa tjilaka kaja wong wuta loro iku.
Wong tjilaka iki pada nguwuh-uwuh: „Jesus Putranipun Dawud, melasana kula”. Gede banget adrenging panjuwune, metu saka butuhe kang djero banget kepengin weruh.
Sapa sing ora kepranan, jen matja. Apa Gusti ora kepranan mriksani wong wuta iki kang njuwun mukdjidjad ? Gusti tresna, nanging tresna kanti Mahakuwasa Dalem: mripate kabuka.

[ Colophon ]

Imprimi potest

† A. Soegijapranata S. J.
Vic. Ap. de Semarang.

Semarang, 13 Maii 1955.