Kaca:Buku Meditasi.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

manungsa kabeh, amarga dikersakake Allah Hjang Rama. Nggumunake banget katresnan Dalem iki. Mung katresnan bisa ngurbanake awake dewe.


SAPTU BAKDA NGAHAD II ING MANGSA PASA.

No. 300 & 301. Gusti Jesus kabesta. Para murid bubar.

Saiki dadi kuwasaning pepeteng, j.i, si setan. Sawatara waktu si setan bakal bisa njiksa Sri Jesus. Bakal terang saiki: sing njiksa Sri Jesus: si setan utawa manungsa - lan aku kang sok dadi kaki-tangane si setan serana dosaku. Asta Dalem Sri Jesus kabesta. Asta Dalem kang tansah mung mberkahi lan mbetjiki manungsa.

Dosaku uga mbesta Asta Dalem, nganti Gusti ora bisa mberkahi aku maneh, amarga serana dosaku aku ora gelem diberkahi, Murid mlaju-ngungsi. Aku keprije?


NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 302. Gusti Jesus ana ing ngareping Annas.

Gusti Jesus ora karsa mangsuli marang Annas, amarga Annas ora duwe hak takon marang Sri Jesus. Tur Sri Jesus iki tansah mulang ing ngarepe wong akeh. Wong kabeh ngerti menawa Sri Jesus ora salah. Nanging karepe wong Parisi lan imam² Jahudi wis ala, sengit marang Sri Jesus, amarga Gusti Jesus, Allah Hjang Putra, ora ngersakake menawa rakjat Jahudi diperes lan diapusi dening wong Parisi iku.

Bandjur ana sawidjining saradadu sing napuk wadana Dalem. Sri Jesus, Panebusku, ditapuki. Gusti Jesus disepelekake banget. Wangsulan Dalem Sri Jesus penuh ing sabar. Jen aku disepelekake setitik, aku keprije? Bandjur lali marang Tulada Dalem iki ?

58