Kaca:Buku Meditasi.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

tarik Sri Jesus kang Maha-Sutji. Adja gumun dene bandjur uga didawuhi Gusti kudu misaja wong. Aku wedi? Jen aku mung ndjagakake kesekenganku tok, mesti aku bandjur wedi. Nanging, kanggo misaja wong, aku kudu ndjagakake Maha Kuwasa lan Maha Tresna Dalem Sri Jesus!


28 DJANUARI

No. 48. Gusti Jesus nundung setan.

Setan iku ana. Malaekat kang umuk, kang tiba, kang sengit karo Gusti Allah, kang ana ing neraka, nanging kang uga klambrangan ngrusak sukma².

Aku ora usah wedi. Gusti Jesus wis rawuh, wis menang. Ija ben, si setan iku sok nggoda marang aku, serana pikiran utawa hawa nepsu, utawa lumantar wong ala, nanging Gusti Jesus wis ngalahake setan, lan aku uga tansah bisa menang karo setan amarga aku kepareng ndjagakake Kuwasa Dalem Sri Jesus. Aku ora kena wedi karo setan. Aku, saja jen digoda, kudu kerep njuwun pitulungan Dalem Sri Jesus. Bandjur mesti menang.


29 DJANUARI.

No. 50. Wong² lijane sapirang-pirang pada diwarasake.

Tenan: Gusti Jesus karsa njanggi kasekenganku lan manggul lara-sukerku, j.i. Gusti djumeneng manungsa sajekti, kang tresna banget marang bangsa manungsa, kang priksa banget marang kasekengane bangsa manungsa, larane, dosane, tjatjade bangsa manungsa. Supaja dibuktekake tenan menawa Gusti Jesus djumeneng Allah Hjang Putra uga, mulane karsa marasake wong akeh, nundungi setan akeh. Terang banget: Gusti Jesus

35