Kaca:Buku Meditasi.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NGAHAD PUTIH.

No. 351. Kang ndjaga pasarejan dibeseli

Prajoga banget ngelingi mungsuh² Dalem Sri Jesus. Isih tetep sengit. Nanging: wedi. Wedi menawa bangsa Jahudi bakal ngandel menawa Sri Jesus 'wis wungu tenan, Goroh! Sara-dadu-saradadu diwenehi duwit akeh, supaja goroh uga. Terang banget nalikane Sri Jesus seda ing salib, mungsuh-mungsuh iki wis kalah. Saiki saja kalah, amarga Sri Jesus wungu, Lan sanadjan ana gorohan kaja ngono, senadjan iku disebarake menjang ngendi² — Sri Jesus wungu —lan ing salumahing djagad bakal ana wong akeh kang ngandel. Njuwuna marang Sri Jesus supaja kowe ngandel tenan — ora mungsuh² iki.


SENEN BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 352. Gusti Jesus ngatingali murid loro

Ing meditasi iki Gusti Jesus karsa nerangake maneh tjara Dalem nglipur murid-murid iku lan aku. Murid loro iku susah. Tresna banget marang Sri Jesus, nanging gela. Kok Gusti seda. Nanging Gusti Jesus priksa marang susah lan gelane. Kaja ngono uga Gusti tansah priksa marang susahku, gelaku, mangkelku, sengitku, dosaku kabeh. Gusti bandjur karsa ngapura dosaku disik. Mulane nggigah atiku supaja aku keduwung, bandjur aku dilipur.


SELASA BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 352 (teruse).

Murid loro iku ora ngerti menawa sing mbarengi lakune iku Sri Jesus, Aku uga, kerep, wiwitane ora bakal ngerti menawa Sri Jesus njarengi aku, sadjroning atiku, Allah Hjang

73