Kaca:Buku Meditasi.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Gusti Jesus dipadakake karo si Barabas, sawidjining durdjana kang gede. Mulane Gusti wis dianggep durdjana, Mesakake banget Pilatus iki. Watjanen pangandikaning garwane Pilatus. Watjanen pambengoke wong Jahudi: ,,Kasirnakna tijang punika”. ,,Kapentanga !” Nggegirisi banget. Manungsa kok bisa asor kaja ngono, Pambengoke oleh gawe².


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

kaja ngono. Pambengoke oleh gawe...

  Salira Dalem Sri Jesus saiki nandang sangsara kang abot banget. Tanpa luput, tanpa salah, tanpa dosa, kok disapu tjara Kang nggegirisi banget. Gusti Jesus kersa nandang sangsara Kaja ngono, kanggo aku! Ora mung kanggo wong lija! Kanggo aku, wong dosa! Aku, kang wis kerep njepelekake Katresnan Dalem Sri Jesus serana dosaku!.Gusti Jesus, kanti mirunggan kersa nebus dosa djenes, dosaning wong kang ngugung badane, kang nuruti hawa nepsune.
  Kawula matur nuwun sanget Gusti, lan kawula sagah boten bade nuruti hawa nepsu malih?. Kawula boten purun kesupen dateng Katresnan Dalem malih.


SAPTU BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 323, ,,Delengen, gilo wonge.”

  Wonge, ji, Sri Jesus, kang wis disapu, kang sa-Salira Dalem kebak tata gede. Gustiku, amakuta eri. Gusti Jesus saiki mung menggalih manungsa2, aku uga.
  Nanging, kedjem lan sengite wong Jahudi durung trima. Kapentanga! Kudu seda - kudu sirna saka donja iki. Ja, bakal sirna, supaja wungu maneh, nebus aku. Gatekna maneh:

63