Kaca:Buku Meditasi.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SAPTU BAKDA MEKRAD DALEM.

(Wiwit dina iki meditasi² kadjupuk saka „Veni Creator", buku: Pranatan lan sembahjangane Konggregasi — katja 40.)

Rawuha Roh ingkang murba,
Nuweni manah kawula,
Angluberi sih minulja,
Manah pakarjan Paduka.

Hjang Roh Sutji iku: Allah - kang nitahake sakabehe. Aku njuwun kanti adreng, supaja karsa nuweni atiku kang mlarat lan sekeng banget, kang kerep susah lan wedi banget, kang sok kebak ing dosa.

Aku njuwun supaja Hjang Roh Sutji karsaa ngluberi atiku serana Sih Dalem, atiku kang dititahake supaja mung katentremake dening Allah Pribadi. Mulane babar pisan ora gelem nuruti kesenenganku maneh !

NGAHAD BAKDA MEKRAD DALEM.

Duh Paduka Sang Panglipur,
Sihing Allah kang linuhur,
Tuking gesang, tresna mubjar,
Nikmat lan akarja ledjar.

Allah Hjang Roh Sutji iki bisa nglipur banget atiku, amarga djumeneng Shing Allah - Peparing Dalem Allah Hjang Rama lan Allah Hjang Putra.

Tuking urip, j.i. sumber kang tansah urip lan maneh maringake sugeng, uga marang atiku kang ringkih banget iku, kang gampang wegah lan sajah. Hjang Roh Sutji iki Djumeneng katresnan, mligi Katresnan, kang murub kaja geni, kang bisa madangi budiku kang bodo, lan ngurubake atiku kang adem - sepi ing katresnan.

89