Kaca:Buku Meditasi.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
 nganti babar pisan ora bisa lali maneh, nganti isih kengetan sakabehe sawise Gusti Jesus seda ing salib, lan karsa ngandikakake iku kabeh marang S. Lukas.
  Wah, Ibu Dewi Marijah bisa meditasi tenan, Kerep menggalih bab kang kelakon nalika Sri Jesus sugeng. Njuwuna marang Ibu Dewi Marijah, supaja kowe uga diparingi Sih, bisa meditasi, me aku tansah njuwun sih iku, sadurunge meditasi ?


1 DJANUARI.

No. 14 Supit Dalem.

  Gusti Jesus karsa disupiti, miturut adate wong Jahudi. Tuhu Manungsa, Sri Jesus. Allah Hjang Putra kang mendjalma ora kersa beda karo wong lija, kedjaba dosa.
  Sang Timur bandjur katjaosan Asma Sri Jesus.
  Mulane dina iki rijaijane Asma Dalem Sri Jesus. Jesus iku tegese : Panebus. MUlane manis banget Asma iki kanggo wong Katulik. Mung Asma iki bisa nebus bangsa manungsa. Aku wis ditebus. Aku kerep matur nuwun? Aku kulina ngutjapake Asma Sri Jesus iki kanti andap-asor banget? Kanti ndjagakake Kuwasa Dalem? Kanti katresnan?


2 DJANUARI.

Bab timbalan.

  Wektu guwa ing gredja², prajoga banget nglimbang² bab Karsa Dalem Sri Jesus, kok karsa mijos kaja ngono! GUsti Jesus karsa djumeneng manungsa lumrah, kadjaba dosa. Gusti karsa nimbali manungsa maneh, supaja wong iki bandjur mitulungi Gusti, srana mulangkake Indjil Sutji, srana kurbane lan

23