Kaca:Buku Meditasi.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
wulang², nanging luwih2 serana Tulada Dalem. Sanadjan Gusti Jesus jakin banget menawa djumeneng Allah Hjang. Putra, ewasemono uga karsa djumeneng andap-asor banget, karsa ngladeni para Rasul, nganti karsa midjiki sikile para Rasul. Nanging miturut adate wong Jahudi, kang midjiki sikile para dajoh iku abdi kang asor dewe. Umukku keprije ?


SENEN BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA.

No. 274. Wong sing njidrani didumuk.

 Gusti Jesus wis suwe priksa menawa si Judas bakal njidrani Salira Dalém. Ewasemono Gusti terus tresna, terus narik lan nggigah Judas supaja mertobata. Ing kene Gusti karsa nerangake marang Judas menawa bakal bilai wong kang njidra Putraning: Manungsa, j.i. Gusti Jesus. „Luwih prajoga upama wong mau ora lair”. Nggegirisi banget pangandika Dalem Gusti iki. Tjilakane Judas ora dikarsakake Gusti, nanging dipilih si Judas dewe. Judas dewe gelem njidrani Sri Jesus, mulane gelem tjilaka.


SELASA BAKSA NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 275. Jasane Sakramen Maha Sutji.

 Watjanen nomor iki kanti alon2. Gusti Jesus jasa Sakramen Maha-Sutji: „Iki saliraku, kang pinaringake marang kowe”. Kanggo aku! Gusti Jesus Pribadi! Pikiranku ora bisa njandak iki. AKu ngandel kanti katresnan, amarga Gusti Jesus sing ngandika. Gusti Jesus uga maringake panguwasa marang para imam, j.i. : supaja bisaa malihake roti dadi Salira Dalem. Wiwit wektu iku Gusti Jesus lestari ana ing donja iki, kanggo aku uga, asesinglon rupa roti, Matur nuwun!

53