Kaca:Buku Meditasi.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
11 DESEMBER.

No. 6 (teruse). Magnificat maneh.

 Agung banget pakarjan Dalem kang Mahakuasa tumrap ing Dewi Marijah, j.i, karsa mandjalma lumantar Ibu Dewi Marijah, Ibu Dewi Marijah ngarsakake banget agunging pakarjan Dalem Gusti Allah, nanging uga ngrasakake banget asoring tjeti Dalem, titah uga, nanging Ibu Dalem Allah Hjang Putra.
 Muga2 aku uga tansah ngrasakake luhuring timbalane wong Katulik, ngrasakake asorku, asore titah lan tjeti Dalem.
 Di-pikir sedela uga bab tembung apik iki Kawelasan Dalem run-tumurun ngluberi kang pada wedi asih ing Pandjenengane. Ibu Dewi Marijah pribadi ngandika: Gusti Allah ora ngawon tumrap ing katresnan Dalem marang wong kang tresna marang Gusti.


12 DESEMBER.

No. 6 (teruse). Magnificat maneh.

 Sapa sing ora seneng nglimbang2 bab pangandika Dalem Ibu Dewi Marijah Pribadi. Mung sitik ditjatet ing Indjil, Rungokna Ibu Dewi Marijah menjanji ngluhurake Gusti.
 Gusti Allah kang Mahakuasa tansah bakal agawe sor-soran kang pada kumlungkung ing batin, kaja dek bijen si setan, lankang pada melu karo setan, niru umuke. Iku bakal diasorake dening kuwasaning asta Dalem.
 Anglorod kang kuwasa saka kalungguhane, angluhurake kang pada anorraga, kaja Dewi Marijah, kenja presadja, andap-asor, tanpa adji, ora digape, nanging dipilih Ibu Dalem Allah Hjang Putra.

13