Kaca:Buku Meditasi.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SENEN BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA.

No. 303. Ana ing ngarsane Kaiphas.

Kabeh golek paseksen goroh perlu kanggo njedani Gusti Jesus. Nanging, seksi² kang goroh ora bisa tjotjog. Mulane, ing ngarepe imam Agung Kaiphas, dibuktekake maneh menewa Sri Jesus djumeneng Sang Kristus, Putraning Allah. Bandjur Gusti Jesus mangsuli terus terang: Inggih, kula punika Sang Kristus. Lan Kaiphas ora kleru tampa, ngendika menawa Sri Jesus njamah Gusti Allah. Ija, aku uga ngandel menawa Sri Jesus iku Putraning Allah, sanadjan bakal disedani dening wong dosa.


SELASA BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA

No. 304. Gusti diwirangake.

Watjanen tembung sidji-sidjine saka nomer iki. Rasakna kewirangan kang dirasakake Sri Jesus, Panebusku. Sri Jesus kang tresna marang aku; Sri Jesus kang nebus aku; Sri Jesus tresna marang aku nganti karsa diwirangake ngono, Umukku.........!


REBO BAKDA NGAHAD III ING MANGSA PASA

No. 305. Njelaki kang kapisan.

Di-limbang² tenanan bab Petrus kang njelaki Gusti, amarga aku uga kerep wedi lan djirih banget jang aku diarani warna dening wong lija. Ora perlu aku ngluputake Petrus kang njelaki Gusti, amarga wedi karo abdi wadon.

Prajoga awakku dewe kang dakluputake, prajoga dakakon wae menawa aku wedi lan djirih banget, jen aku dirasani setitik. Wah, umukku iki tansah ndjalari aku wedi diwirangake wong lija. Aku malah kerep isin ngakoni ing ngarepe kantjaku me-

59