Kaca:Buku Meditasi.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
njuwun warna² kanggo aku, j.i. supaja aku diparingana panguripan ing saben dinane, panguripan djasmani, nanging luwih² panguripan rohani, j.i. Salira Dalem Sri Jesus Pribadi Badanku butuh urip. Mengkono uga sukmaku butuh urip serana Sri Jesus.
  Sakatahing lepat njuwun pangapunten Dalem: prajoga, malah perlu, ing saben dinane, keduwung terus ing ati, amarga dosaku tansah ana bae. Nanging uga saguh lan nglakoni: Dene kawula inggih ngapunten dateng sesami.
26 PEBRUARI.

No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.

  Abdi Dalem njuwun lepat saking panggoda.
  Jen aku digoda, aku mesti kudu sembahjang kaja ngono. Nanging Gusti sok nglilani menawa aku digoda. Aku bandjur isih kudu sembahjang kaja ngono, supaja aku ora tiba, supaja aku terus bisa nampik marang panggoda, supaja aku menang,

supaja aku serana merangi panggoda saja bisa mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus. Terang uga: aku ora kena golek panggoda. Saha tinebihna saking piawon. Amin. Njuwuna supaja aku tansah gelem adoh karo setan, karo dosa, karo neraka!


27 PEBRUARI.

No.81. Kabutuhanmu njandang-mangan pasrahna Allah.

  N0. 81 iki kudu diwatja kanti taliti, kanti alon², supaja aku ngeri tenan tegese. Aku diwulangi Sri Jesus: Adja sumelang bab sandangan l.l.l. Gusti wis priksa. Gusti ngarsakake aku golek panguripan, pangan, sandangan. Gusti kok ora mutjal menawa aku kena kesed. Nanging, sawise aku wis ngudi, mbudidaja golek panguripan, aku bandjur ora kena terus sumelang maneh.

47