Kaca:Buku Meditasi.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
REBO BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA.


No. 277. Gusti metja anggone Petrus bakal selak.

 S. Petrus durung djumeneng Kangdjeng S. Bapa kang kapisan. S. Petrus tresna marang Sri Jesus. Nanging, kebangeten enggone ndjagakake kekuwatane dewe. S, Petrus saguh2 bae-amarga kirane — bisa netepi djandjine, ora ndjagakake Sih Dalem Gusti. Gusti Jesus wis priksa iku. Mulane karsa nuturi Petrus. Aku uga ora kena ndjagakake kekuwatanku dewe tok. Kudu ndjagakake Sih Dalem. Kudu kepengin nampa pituture wong lija, luwih2 pituture wong tuwaku, panggedeku, Rama-bihku.


KEMIS BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 278 & 279. "Aku iki dalan".

 Gusti Jesus karsa tindak, j.i. serana Seda Dalem tindak menjang Swarga. Ora perlu kaget. Gusti sowan Hjang Rama, kang djumeneng sidji karo Hjang Putra j.i. Sri Jesus. Sri Jesus minggah Swarga, perlu njawisake papan kanggo aku. Papanku wis ana ing swarga. Aku mung kari nglakoni sing diwulangake Gusti. Aku bandjur mesti bakal oleh papan iku.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD I ING MANGSA PASA

No. 282. Kowe ora bakal dak tinggal kaja dene botjah lola.

 Sanadjan Gusti Jesus bakal seda lan minggah Swarga, ewasemono aku kabeh bandjur ora kapiran. Gusti Jesus terus tresna marang aku, saja jen aku tresna tenanan marang Sri Jesus sarana ngestokake Dawuh Dalem. Gusti Jesus malah bandjur

54