Kaca:Buku Meditasi.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  Apa Gusti Jesus bisa luwih terang mbuktekake katresnan Dalem marang aku?
  Saptu Sepi iki prajoga aku uga sepi, nglimbang² bab Gusti Jesus Kang disarekake, lan matja saka Sri Jesus Sang Pamarta kaprije Gusti disarekake dening mitra sawetara............ Sepi banget...............!
NGAHAD PASKAH.

No. 345 + 346. Wong² wadon lan murid² menjang pesarejan.

  Malaekat sidjine ngandika: ,,Gusti Jesus wus ora ana ing kene, djer Pandjenengane wus wungu, kaja pangandika Dalem Gusti wus wungu saka seda”. Iku mukdjidjad Dalem kang

gede dewe. Tanpa mukdjidjad iki pangandelku muspra!

  Saiki Sri Jesus mulja, Sangsara Dalem ora muspra. Salira Dalem kamuljakake — sugeng ing salanggenge saiki uga! Aku begdja uga, amarga aku kepareng ngandel marang Sri Jesus kang wungu. Sri Jesus nebus aku sarana Sangsara lan Seda Dalem. Sri Jesus. maringake buktining .Kaallahan Dalem sarana Wungu Dalem, ,,Gusti, kawula pitados. Matur nuwun sanget”. :
SENEN PASKAH.

No. 347 + 348. Petrus lan Johannes menjang pesarejan.

  Para Rasul iki uga bingung. Kepengin njatakake kang ditjritakake dening wong? wadon, S, Johannes kang tresna dewe marang S. Jesus, Mlaju ndisiki S, Petrus. Kepengin ngerti: Sri Jesus wungu apa ora, Pesarejan Dalem Sri Jesus wis kotong. Salira Dalem wis ora ana, Muga? aku uga tresna banget marang Sri Jesus, saja kepengin ngandel marang Wungu Dalem Sri Jesus, amarga iku dasare agamaku.

70