Kaca:Buku Meditasi.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
katresnan iki. Iki bisa dadi sawidjining pedoman kanggo uripmu: adja nglakoni apa² tumrap ing wong lija, kang ora diarep-arep saka wong lija tumraping aku.
  Tjijut gapurane — tjilik dalane kautaman iku. Wong kang gelem, kerep nindakake kautaman tenan, katresnan sedjati, iku mung setitik, amarga nglakoni iku mesti angel. Angel’, bisa dak enggo mbuktekake katresnanku.
2 MARET.

No. 86. Diweweka ana nabi gadungan.

  Nabi gadungan — upamane wong kang nggoda marang aku. Mesti bae — tembunge manis — kelakuane, patrape tumrap ing aku; alus. Nanging, aku bisa ngerti marang karepe kang ala, marga saka pegawejane, j.i. wonge kepengin oleh apa saka aku? Sanadjan etok² tresna marang aku, aku isih kudu nampik panggodane kabeh, amarga katresnane iki palsu, lamis mung kepengin nuruti hawa-nepsune. Wong kaja ngono satemene mung tresna karo awake dewe. Wong ala ngatonake alane saka kekandunganane kang ala.


3 MARET.

No. 87. Dudu tembung.....

  Piwulang Dalem Sri Jesus iki kudu kerep dak pikir². Mesti bae aku uga wis tau sembahjang kanti apik, nanging sawise sembahjang bisa uga aku bandjur lali blas marang Gusti lan Katresnan Dalem. Malah mbokmenawa aku nembe nampa Salira Dalem, bandjur, bakda Mis, terus padu maneh karo kantja utawa sadulur. Bandjur terang: aku ora netepi: Piwulang Dalem Sri Jesus iki. Mulane perlu banget mbangun, miturut upamana, j.i. nindakake Karsa Dalem!

49