Kaca:Buku Meditasi.pdf/74

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Putra, tansah ana ing atiku. Kanti tjara mirunggan ana ing atiku, jen aku kadunungan sih Kasusantan. Bandjur Gusti maringake pepadang lan sih marang aku, supaja aku kerep ngelingi lan ndjagakake Katresnan Dalem. Nanging, jen aku kedunungan dosa gede kelangan sih kasusantan (muga ora tau kelakona) bandjur Allah Hjang Putra uga ana ing atiku lan nggigah atiku, supaja aku keduwung lan ngaku dosa. Muga² aku tansah ngerti, menawa Sri Jesus tansah djumeneng kantjaku.


REBO BAKDA NGAHAD PUTIH.

No. 352 (teruse).

Di-limbang² sedela bab sing ditjritakake dening para murid iku marang Sri Jesus. Tembung²e, sidji²-ne nerangake katresnane murid iki marang Sri Jesus. Lan uga terang gelane. ,,Mangka saking pangadjeng-adjeng kula ambok inggih Pandjenenganipun punika ingkang bade ngluwari Israel, nanging djebul sapunika sampun tigang dintenipun, sabakdaning lelampahan wau". Adja lali: Gusti Jesus Pribadi midangetake tembunge. Apa kiramu Sri Jesus ora mesem? Kok wonge durung ngandel, djebul Sri Jesus wis tjedak banget. Apa Sri Jesus sok ara kumudu-kudu mesem amarga bodoku, j.i. kurang ngandel?


KEMIS BAKDA NGAHAD PUTIH,

No. 352 (teruse).

Apa ora patut banget murid² iki didukani setitik dening Sri Jesus? Gusti ngandika: ,,Punapa Sang Kristus mboten kedah nandang sedaja punika? Ingkang supados ladjeng mlebet ing Kamuljan Dalem". Murid2 iki lali menawa Sri Jesus rawuh ing donja iki perlu nebus bangsa manungsa. Lha Gusti mung 74