Kaca:Buku Meditasi.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
pamakanan. Apa bisa luwih mlarat, luwih andap-asor ? Titikane, kang ditimbali dadi mitra Dalem Sri Jesus j.i. seneng mlarat, ngudi andap-asor.


27 DESEMBER.

No. 12 (teruse). Malaekat² ngluhurake Allah.

  ,,Sagunging kamuljan sumaosa Allah ingaluhur, lan ing donja katentreman pinaringana para manungsa ingkang sae kadjengipun”. Rasakna tembung-tembung iki sidji²-ne.
  Akeh gunane kanggo aku kang kerep wegah ngluhurak Allah sarana menjanji ing geredja, ing koor. Warga Konggregasi kudu jakin menawa ngluhurake Allah, luwih? serana menjan): ing geredja, iku luhur, patut banget kanggo titah, wong Katulik, warga Konggregasi. Aku seneng ? Apa karepku betjik ? Aku bandjur mesti bisa tentrem, luwih² amarga mitraku Sri Jesus wus mijos.
28 DESEMBER.

No. 12. Botjah² Betlehem dipateni.

  Sija² Prabu Herodes iki. Meri! Wedi menawa Sri Jesus bakal ngrebat kratone. Nanging kraton Dalem Sri Jesus ora saka donja iki, ora ndjasmani, nanging kratone sukma² kang karepe betjik, kang ngandel ing Sri Jesus, Allah Hjang Putra kang nebus manungsa, kratone wong kang butuh Sih lan katresnan Dalem Sri Jesus.
  Botjah² Betlehem iki dadi martir² kang kapisan. Dina iki dimuljakake pestane dening Pasamuwan Sutji. Ora muspra patine. Saja terang: Sri Jesus ratuning jagad, ratuning sukma², bakal nebus disik, ora bisa disedani Herodes sadurunge tekan wektune kang wus dipestekake Allah Hjang Rama Seda ing Salib.

21