Kaca:Buku Meditasi.pdf/130

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
16 AGUSTUS

No. 184. Wong Samarijah ambek welas.

Supaja oleh urip langgeng, aku kudu nglakoni katresnan. Aku wis suwe ngerti bab iku. Gusti Jesus uga wis suwe ngarep-arep supaja aku miwiti nglakoni, lan ora mung ngerti. Mulane Gusti Jesus ngandika marang ahli hukum: ,,Bener wangsulanmu; kuwi lakonana, kowe bakal urip". Suk apa aku bakal ngerti bedane ,,ngerti" lan ,,nglakoni". Aku uga kerep matur Gusti,,Gusti, kawula tresna ing Sampejan Dalem" — nanging ......... iku kerep tembung-tembung tok. Nglakoni katresnan iku pada karo kurban. Tumrap ing kurban sikapku keprije?


17 AGUSTUS

No. 184. (teruse).

Watjanen No. 184 maneh. Weruha wong iku kang tumiba ing tangane begal. Weruha uga Iman Jahudi iku lan wong Lewi, kang wis ngerti banget marang dawuh Dalem Gusti, menawa kudu tresna marang pepadane kaja marang awake dewe. Ewasemono: bablas bae. Iku aku! Bablas bae — sanadjan ana wong akeh kang nangis, kang mlarat, kang susah. Aku ora merduli ? Mung susahku kang dak-pikir²? Aku bandjur ora tresna. Aku kudu emoh dadi egois, alias akuis.


18 AGUSTUS

No. 184. (teruse).

Watjanen katresnane wong Samarijah. Wong Samarijah iku ora bisa rukun karo wong Jahudi. Ewasemono, wong Samarijah iki, ngupakara, mitulungi wong Jahudi iki. Iku katresnan — amarga dibuktekake dening kurban. Gusti Jesus uga ngandika marang aku: ,,Wis, lungaa lan nindakna kaja mengkono uga"

130