Kaca:Buku Meditasi.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
7 DESEMBER.

Tjetjawis rijaja 8 Desember.

 Ora ana wong kang luput saka dosa asal, kedjaba Sang dahat sinutji Kenja Dewi Marijah, amarga ditimbali dening Allah

Hjang Putra supaja djumeneng Ibu Dalem. Mulane Ibu Dewi Marijah tansah menggalih, kanti prihatos, manungsa kabeh kang isih kadunungan dosa asal, kelangan Sih kasusantan. Penggalih Dalem Ibu Dewi Marijah tansah tjotjog karo Gusti Allah Pribadi, kang kersa melasi manungsa sarana ngutus Sang Panebus lumantar Ibu Dewi Marijah. Di-angen2 sedela piwulangé S. Johanes Rasul: „Samono katresnan Dalem Gusti Allah marang donja, nganti kersa maringake Putra Dalem ontang-anting, supaja sing sapa ngandel ing Pandjenengane ora bakal tiwas, nanging bakal urip langgeng”. Aku ngandel iku? Uga kanggo kantjaku ? Sedulurku?


8 DESEMBER.

Rijaja Ibu Marijah pinurba mulus tanpa tjiri.

 Satus taun kepungkur dogma iki diwulangake Kangdjeng Paus Pius IX. Wong Katulik ing salumahing djagad bungah banget nalika semono, amarga putusan iku, kang ora bisa kleru, tjotjog banget karo pengandele dewe. Atas Asma Dalem Gusti Allah Pribadi Kangdjeng Paus mulang: wiwit Dewi Marijah pinurba, mulus, tanpa dosa asal.
 Ajo pada bungah2. Bungah banget! Enja Ibumu, pinurba tanpa dosa asal. Aku, wong dosa, butuh ibu kaja ngono. Ibu Dewi Marijah Ibuku. Matur nuwun, Ibu! Wiwit saiki bakal saja kentjeng nijatku nulad Ibu urip murni, urip penuh ing katresnan marang wong lija.

11