Kaca:Buku Meditasi.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SELASA BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 314 Pandakwa anjar saka Sanhedrin.

  Saiki Gusti Jesus ora karsa mangsuli maneh. Sebab apa ? Amarga pandakwa²-ne wong Jahudi babar pisan ora njata, Gorohe, apuse wong Jahudi wis dibuktekake dening kang diwulangake lan kang ditindakake dening Sri Jesus, Jen Pilatus karsa nitipriksa iku mau, bandjur kanti gampang bisa priksa dewe menawa wong Jahudi, wong Parisi, Ahli Kitab lan Imam Jahudi mung goroh, Mulane Gusti Jesus kendel bae, Aku uga, jen didakwa, diarani alaku, dirasani, disepelekake, bandjur kerep prajoga meneng bae. Iku djenenge nulad Sri Jesus.


REBO BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 315. Prabu Herodes.

  Gusti Jesus ora kersa paring wangsulan ! Herodes iku sawidjining prabu kang djenes banget. Wong kang djenes iku mung nuruti hawa-nepsune kang asor banget. Mulane wong kaja ngono, atine uga rusak, kebak ing djedjenes, nganti wis ora bisa ngrungokake swaraning Gusti ing sadjroning atine. Mulane Gusti uga ora karsa nerangake apa² maneh, amarga mesti ora ditampa wong djenes iku. Aku iki keprije ? Kamurnenku ? Wis tau ngalami aku mesti adoh karo Gusti, jen nuruti hawa nepsu djenés? Gambar-gambar! Film²! Mingguan²! Kantja-kantja!


KEMIS BAKDA NGAHAD IV ING MANGSA PASA.

No. 317—320. Jesus apa Barabas.

  Pilatus isih golek santolan maneh, supaja Gusti Jesus kang babar pisan ora salah, bisaa diluwarake. Nanging Pilatus wedi lan djirih. Mulane tansah golek santolan². Saiki malah

62