Kaca:Buku Meditasi.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
nepsoni sadulurmu, adja ngunek-unekake sadulurmu. Malah Gusti ngandika : aku bakal kaukum ing neraka, jen aku kanti ndjarag, kanti sengit ngunek-unekake sadulurku, nganti ora gelem wanuh maneh, terus sengit, neng-nengan. Kang iku........watjanen Piwulang Dalem Sri Jesus kang luhur iki: tinggalen pisungsungmu ana ing ngarep altar, rukuna disik karo sedulurmu, lan bandjur balia njaosna pisungsungmu.
  Apa aku nglakoni iku? Saguh tresna!


21 PEBRUARI.

No. 73. Tresna marang mungsuh.

  Watjanen temenanan Piwulang Dalem iki. Aku kabeh sok sengit, apese ketukulan rasa sengit. Aku digoda nuruti rasa sengit iku, supaja aku suwe? gelema sengit. Gusti ora ngersakake wong sengit-sengitan. Gusti dawuh tresna-tinresnan, malah dawuh tresna marang sing sengit marang aku. Jen kowe mung tresna marang wong sing nresnani kowe, bandjur apa gandjaranmu ? Tresna kaja ngono iku gampang banget. Gusti Jesus dawuh tresna marang mungsuhku, amarga mungsuhku uga ditresnani Gusti Jesus, sanadjan Gusti Jesus uga sengit karo dosane ! Katresnanku keprije ?


22 PEBRUARI

No. 44. Esti murni sadjrone aweh dana.

  Warga Konggregasi wadjib nglakoni sing betjik², Malah sing betjik² iku kudu katon uga. Karepku kang ora katon, kudu betjik, nanging uga pegawejanku kang katon. Wong lija bandjur bakal weruh pegawejanku iku, lan mbokmenawa bakal ngalem aku. Bandjur bisa dadi wong kang umuk.........

45