Kaca:Buku Meditasi.pdf/81

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
REBO BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 356. Gusti Jesus maringake panguwasa marang Petrus.

  Kok-limbang² tenanan pangandika Dalem Sri Jesus marang Petrus. Petrus kang njelaki Gusti nganti ping telu. Petrus kang wedi dirasani abdi wadon. Petrus kang getun lan keduwung banget amarga dosa iku. Sri Jesus terus tresna marang Wakil Dalem ana ing donja. Mulane nganti ping telu uga mundut priksa marang Petrus apa tresna tenanan marang Sri Jesus. Temen² banget saiki Sri Jesus. Gusti betah Sri Paus kang tresna banget marang ings ee amarga ora bisa dadi Wakil Dalem, jen ora tresna.
  Aku uga, Warga Konggregasi, kudu tresna banget marang Sri Jesus, amarga aku uga dadi Wakil Dalem Sri Jesus kanggo wong lija, kantjaku, tangga-teparoku, kang durung ngerti marang Sri Jesus.


KEMIS BAKDA NGAHAD Mi BAKDA PASKAH.

No. 356 (teruse).

  Kanti resmi bandjur dipasrahake marang Petrus dening Sri _ Jesus: Tjempe? Dalem, wedus’ Dalem, ji. aku kabeh, wong Katulik ing salumahing djagad. Lan aku kabeh isih dipasrahake dening Sri Jesus marang Kangdjeng Santo Bapa saiki uga, uga Wakil Dalem Sri Jesus kanggo aku kabeh, kang dipasrahi amisesani Pasamuwan Sutji.
  Aku kudu kepengin dadi tjempe, dadi wedus miturut banget karo Pangonku Sri Jesus, kang diwakili dening Sri Paus, dening Kangdjeng Uskup, lan Imam², amarga aku tresna karo Sri Jesus

81