Kaca:Buku Meditasi.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Allah, aku bandjur uga bakal njipati sing luwih gede maneh. Bukaken atimu kagem Gusti!


21 DJANUARI.

No. 35. Panganten ing Kana.

Di-limbang² temenanan mukdjidjad Dalem kang kapisan iki, amarga ditindakake Gusti atas panjuwune Ibu Dewi Marijah Jen Ibu Dewi Marijah njuwun, mesti dikabulake Gusti, Mulane aku uga, tansah kudu njuwun marang Ibu Dewi Marijah supaja karsaa nglantarake panjuwunku marang Sri Jesus. Bingungku, susahku, sangsaraku, bungahku, dakaturake Ibu Dewi Marijah. Nanging bandjur sumarah bae marang karsa lan katresnan Dalem Ibu, apa karsa nglantarake apa ora, amarga aku sok ora ngerti njuwun sing betjik kanggo aku. Lha, Ibu mesti ora karsa njuwunake aku kang ora prajoga kanggo aku. Nanging, sanadjan sing dak suwun ora prajoga kanggo aku, Ibu mesti karsa nglipur, nentremake, maringake Sih, kekuwatan, pangapura. Matur nuwun, Ibu.


22 DJANUARI.

No. 37. Gusti Jesus nundungi wong dodol saka Padaleman Sutji.

Gusti Jesus duka Padaleman Sutji kok dianggo pasar. Prajoga banget Gusti duka, amarga iku ketemu ing nalar, perlu, betjik. Keprije sikapku ana ing gredja? Patut didukani Gusti, amarga gegujon? Pamer? Ora sowan Gusti tenan, nanging donge kepengin weruh wong lija, kantja, pemuda, pemudi? Aku golek apa ana ing Gredja? Apa golek Gusti? Gusti Jesus uga wis metja bab wungu Dalem, supaja aku saja ngandel.


32