Kaca:Buku Meditasi.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SENEN BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 355 (teruse).

Nalika Simon Petrus krungu, jen iku Gusti, bandjur nganggo djubah lan sabuke, awit nalika semana tjutjul terus ambjur ing banju.

Tansah ndemenakake banget patrape S. Petrus tumrap ing Gusti Jesus. Rasul Petrus tresna banget marang Gusti. Weruha Sri Paus kang kapisan enggone nglangi menjang Sri Jesus. Ora merduli menawa bokmenawa bakal dinjek dening kantjane, ora merduli menawa, jen tekan tjedak Gusti, bandjur teles banget. Mung kepengin tjedak karo Sri Jesus kang ana ing daratan. Mung weruh Sri Jesus, Mung mikir² Sri Jesus. Aku keprije? Isin tresna? Wedi dinjek? Wedi marang panemune wong lija kang bokmenawa ngira menawa kelakuane aneh?


SELASA BAKDA NGAHAD III BAKDA PASKAH.

No. 355 (teruse).

,,Pada mrenea sarapan". Iku Gusti Jesus! Priksa marang butuhe djuru amek iwak, kang ndjala sawengi natas. Abot iku. Gusti priksa. Malah njediakake sarapan. Kaja ngono uga Gusti priksa marang butuhku kabeh.

Para murid iku seneng banget. Ora mung seneng amarga sarapan iki, nanging amarga katresnan Dalem Sri Jesus kang menggalihake banget marang para murid Dalem. Wus pada ngerti jen pandjenengane iku Gusti Jesus. Iku uga bakal ngajemake banget atiku j.i. ngerti menawa Gusti Jesus tjedak ana ing atiku lan ing Sakramen Maha-Sutji.

80