Kaca:Buku Meditasi.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Amarga mung ngandel ing Sri Jesus kang wungu, iku dadi tjekelan kang kuwat banget kanggo uripku ing donja iki.


SELASA BAKBA NGAHAD V BAKDA PASKAH.

No. 163.

 „Menjang ngendi paranku, kowe ora bisa nututi”. Sadurunge Mekrad Dalem prajoga dilimbang-limbang sedela bab bebantahaning Sri Jesus karo wong Jahudi. Wong Jahudi akeh ora gelem ngandel. Malah ana sing wani matur: „Deweke rak ora arep nglalu ta ?” Sengite wong iki dadi sebabe enggone ora ngandel. Gusti Jesus karsa nerangake menawa Pribadine saka Allah, lan bakal kondur menjang Allah, j.i. bakal mekrad menjang swarga. Ana ing papan lija iku mau uga wis diwetja Gusti, lan suk Kemis Gusti Jesus mekrad tenan. Prajoga lan perlu banget tjetjawis atiku, supaja suk Kemis, Rijaja Mekrad Dalem, aku saja ngandel marang Sri Jesus kang kondur

menjang swarga.


REBO BAKDA NGAHAD V BAKAL PASKAH.

No. 278 Panglipur: Aku bali maneh.

 Gusti ngandika: „Ing Daleme Ramaku akeh omahe.” J.i. ing Swarga ana papan kanggo manungsa kabeh. Manungsa kabeh bisa munggah swarga, jen pada ngandel marang Sri Jesus, lan jen pada ngestokake dawuh Dalem. Sebab apa? Amarga Sri Jesus wis nebus dosaning manungsa kabeh, wis wungu, mung wonge kudu gelem supaja dosane d'apura. „Aku arep njawisake papan kanggo kowe.” Ja, Gusti Jesus wis mbikak swarga maneh. Aku bisa munggah jen aku gelem migunakake Sih Daleh. „Supaja ana ing ngendi bae papanku, kowe uga ana

87