Kaca:Buku Meditasi.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
23 DJANUARI.

No. 38. Tipising pangandele wong² kang ngandel marang Gusti Jesus.

Watjanen nomer iki kanti tliti banget. Wong akeh kang njipati dewe pangeram-eram Dalem, isih tipis pangandele. Gusti Jesus priksa Pribadi, priksa marang djeroning atine manungsa. Uga priksa atiku. Pangandelku keprije. Ija bener aku ora weruh dewe pangeram-eram Dalem, nanging aku bisa luwih ngandel,luwih rahaju, sanadjan ora weruh dewe. Tur aku ngalami Katresnan Dalem ing saben dinane. Apa aku jakin menawa Gusti priksa atiku ? Njuwuna tambahing pangandel !

24 DJANUARI.

No. 42. Wong wadon Samarijah.

Maha Sae Gusti Jesus karo wong wadon dosa iki. Gatekna piwulang Dalem Sri Jesus bab banju kang bakal diparingake Gusti. Banju iku: Sih Dalem, Sugeng Dalem Sri Jesus. Aku wis nampa Sih iku, Katresnan Dalem. Jen aku bandjur isih ngelak barang donja, mburu kesenenganku, banju iki, Sih Dalem, ora bisa dadi tuking banju kang mantjurat agawe urip langgeng. Dosa endi, kesenengan endi kang ngengel-engeli Sih Dalem urip ing atiku ?


25 DJANUARI.

No. 43 Wong² Samarijah akeh kang ngandel marang Gusti Jesus.

Rungokna Pangandika Dalem Gusti Jesus: Sing dadi panganku jaiku: nindakake karsaning kang ngutus Aku, lan nandangi pakarjan Dalem (Hjang Rama). Ja, mung iku bisa nentremake atiku, menuhi idam-idamanku kabeh; nindakake Karsa Dalem.

33