Kaca:Buku Meditasi.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Lha iku ora dikarsakake Gusti Jesus, Apa aku didawuhi Gusti Jesus? Meluwa!
  Adja mengo. Adja noleh. Adja wegah. Adja ragu². Adja golek santolan-santolan, Adja wedi. Meluwa!
  Apa aku saiki durung ngerti tegese: Melu — nderek Sri Jesus? Aku rak tentrem banget karo Sri Jesus. Apa ana sing rekasa ? Sing medeni? Sing mbingungake ? Bandjur Sera dak pikir²: Aku mung kudu nderek Sri Jesus.


SENEN BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 357.

  Gusti Jesus ngandika: ,,Aku wis pinaringan sakehing panguwasa ing suwarga lan ing donja.” Sadurunge Gusti Jesus Mekrad menjang Swarga, para Rasul kudu ngerti banget marang iki, j.i. Gusti Jesus, sawise seda ing salib miturut karsa Dalem Allah Hjang Rama. Sri Jesus Sang Kristus djemeneng Nataning bangsa menungsa, wiwit Bapa Adam, tekan manungsa pungkasan. Gusti Jesus ngereh bangsa manungsa, lan wong kabeh kudu ngakoni, saiki, utawa sawise mati, menawa Gusti Jesus djumeneng Nataning bangsa manungsa, ratuning Swarga lan donja.


SELASA BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH

No. 357 (teruse).

  Gusti Jesus ngandika: ,,Mulane pada memulanga marang sakehing bangsa lan pada mentjarna kabar kabungahan marang sakehing tumitah." Amarga Sri Jesus djumeneng Ratu, amarga wis pinaringan sakehing panguwasa ing swarga lan ing donja, mulane Sri Jesus uga kuasa iki marang wong lija. Para Rasul saiki didawuhi Sri Jesus memulang

83