Kaca:Buku Meditasi.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
kowe, ananging kowe saiki durung bisa njakup. Nanging menawa Pandjenengane rawuh, Rohing kanjataan, Pandjenengane sing bakal nedahi kowe dalane marang sakehing kanjataan." Apa ora nggumunake banget Agama Katulik iki? Aku kabeh, sidji-sidjine dituntun dening Hjang Roh Sutji, nganti aku uga bisa ngerti marang sing njata, sing bener, sing utama. Amarga Hjang Roh Sutji uga nuntun Pasamuwan Sutji, djumeneng djiwaning Pasamuwan Sutji, aku malah saja tentrem maneh. Amarga bisa kelakon menawa kiraku aku dipadangi Hjang Roh Sutji. Kiraku! Amarga setan iku djulig banget sok mbisiki aku kang rupane sutji uga, nanging satemene babar pisan ora tjotjog karo Tuntunan Dalem Hjang Roh Sutji ing Pasamuwan Sutji. Aku bandjur kudu ngati-ati, lan njuwun pituduh marang Rama Bin!


KEMIS BAKDA PANTEKOSTAH.

No. 289.

Wis meh tekan Rijaja Hjang Trinidji Sutji. Mulane perlu saja ngandel marang Hjang Trinidji Sutji disik, Hjang Rama, Hjang Putra lan Hjang Roh Sutji. Telu²-ne tresna banget marang aku, amarga aku dititahake dening Hjang Trinidji Suji kanti katresnan kang gede banget. Rada gampang enggonku ngandel menawa Sri Jesus, Allah Hjang Putra tresna marang aku amarga seda ana ing salib karana aku. Nanging Katresnan Dalem Hjang Rama marang aku pada karo Katresnan Dalem Hjang Putra. Supaja saja terang, Gusti Jesus ngandika: ,,Aku ora kanda, jen aku bakal njenjuwunake kowe marang Hjang Rama, awit Hjang Rama pijambak tresna marang kowe." Terang banget menawa Hjang Rama uga tresna marang aku, marang manungsa, titah Dalem kabeh, amarga karsa ngurbanake Putra Dalem ontang-anting kanggo nebus manungsa.

95