Kaca:Buku Meditasi.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Allah Hjang Putra, dawuh supaja wong kabeh ngluhurake Gusti Allah kanti mirunggan ing dina Sabbat. Nanging, ngluhurake Allah, iku mokal, jen ora gelem mitulungi wong tjilaka, sanadjan dina Sabbat, Mulane wong Parisi kleru banget dene serik amarga Gusti marasake wong tjilaka iki kang apus tangane. Atos, kedjem, sepi ing katresnan atine wong Parisi, wong lamis. Atiku keprije? Apa aku uga sok wani sembahjang, tanpa tresna marang pepadaku ?


6 PEBRUARI.

No. 62. Gusti Jesus marasake wong lara akeh banget.

 Weruha katresnan, sabar lan kawelasan Dalem Sri Jesus marang wong lara, wong kepandjingan setan, l.l.l., kang suk-sukan anggone sowan Gusti Jesus perlu ndemek Pandjenengane. Weruha pengandele, pitajane, pengarep-arepe wong tjilaka akeh iki. Wong iku wis golek kewarasan menjang ing ngendi-endi, lan suwe² ngerti menawa mung Gusti Jesus kang bisa marasake ora mung badane, nanging uga sukmane. Aku uga kudu ngandel banget marang kawelasan lan katresnan Dalem Sri Jesus, lan ora kudu golek maneh menjang papan utawa wong kang satemene ora bisa nglipur utawa marasake atiku.


7 PEBRUARI.

No. 63. Pamilihe rasul rolas.

 Gusti Jesus sembahjang disik sawengi natas, sadurunge milih rasul Dalem. Kang ditimbali Gusti, wis suwe dipenggalih Gusti, bandjur ditarik, ditimbali Gusti, mligi amarga Gusti karsa nimbali, ora amarga murid Dalem, utawa aku, wis sutji,

39