Kaca:Buku Meditasi.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

menehake duwit marang wong miskin, nanging satemene kepengin njolong.

 Gusti Jesus kang tansah karsa mitulungi wong miskin, saiki uga karsa mulang marang wong Katulik, supaja adja lali ndjebadi Salira Dalem serana madjang gredja², altar², serana mitulungi Imam² tuku kasula², kembang², supaja upatjara Katulik ing gredja tansah semuwa.


4 OKTOBER.

No. 236. (teruse).

 Wong akeh kepengin sowan Gusti Jesus, kaja wong Jahudi iki, nanging ora mung kanggo weruh Gusti Jesus, uga kanggo prekara lija. Sebab apa aku menjang gredja? Mligi kanggo ngurmati Gusti Jesus? Apa kanggo guneman, gegujon? Gusti Jesus, Mitraku kang raket dewe, adedalem ana ing altar. Jen aku mlebu gredja kudu ngelingi iku disik, ngelingi katresnan Dalem, lan ora miwiti noleh, guneman.


5 OKTOBER

No. 237. Gusti Jesus ginarebeg mlebet ing Jerusalem.

 Sri Jesus, maha wikan, uwis priksa menawa tjedak Jerusalem ana kuldi kang bakal dititihi Gusti. Para murid pada ngutjuli kuldine, lan ora ana sing ngaru-biru. Gusti Jesus rak mbetahake! Aku ngerti, menawa Gusti Jesus mbetahake aku? Jen aku ditimbali? Apa uga masrahake badanku dewe menjang Gusti kanti bungahing ati? Jen Gusti Jesus ngresakake duwitku, barangku kanggo wong mlarat, kanggo gredja, apa aku nandjur uga gelem njaosake duwitku kanti bungah ? Gusti rak mbetahaken!

148