Kaca:Buku Meditasi.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

serana mukdjidjad-mukdjidjad kaja ngono. Nanging, sanadjan aku dewe durung njipati dewe mukdjidjad-mukdjidjad iki, aku isih kudu ngandel, amarga Sri Jesus wis wungu.


NGAHAD V BAKDA PASKAH.

No. 357 (teruse).

 Gusti Jesus ngandika: „Lan ngertija, Aku nunggal lan kowe kabeh ngantija tekan pungkasaning djagad.” Prajoga iki mau diterangake Gusti maneh, amarga atiku sok tjilik banget. Aku kerep rumangsa kepentjil, kaja² Gusti Jesus babar pisan ora ana. Aku bandjur bingung, saja jen digoda, ora bisa apa² maneh. Nanging Sri Jesus wis ngandika: Aku nunggal lan kowe kabeh. Gusti mung karsa njoba aku. Gusti karsa ngresiki aku supaja aku mung ndjagakake katresnan lan Kuwasa Dalem, supaja aku babar pisan ora pitaja marang awakku dewe, supaja aku ngandel. Lan pengandel Katulik iki uga: Peparing Dalem!


SENEN BAKDA NGAHAD V BAKDA PASKAH.

No. 358.

 Ing nomor iki diterangake maneh menawa Gusti Jesus mung karsa mbuktekake menawa wungu tenan, tuhu gesang. Mulane karsa ngatingali para murid, sadjroning patangpuluh dina lan ngandika bab Kratoning Allah. Begdja banget para Rasul lan para Murid iki. Kepareng njipati Sri Jesus sugeng, wungu; mulja. Iku kabeh kelakon, supaja pengandele diterusake marang wong lija, marang aku. Aku wis diparingi; pengandel iki kang nentremake. Apa aku bungah tenan? Sebab apa Gusti Jesus tansah karsa ngatingali maneh? Sebab apa ana ing meditasi iki uga tansah dilimbang-limbang maneh bab pengandel iki?

86