Kaca:Buku Meditasi.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SELASA BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 326. Putusan.

  Kirane Pilatus, ora melu kaluputan ing ngatase getihe wong mursid iki, Aku uga sok etok² ing lair, ora duwe dosa, sanadjan ing batin aku ngerti menawa ana dosaku, lan serana dosaku aku njepelekake Gusti.
  Sri Jesus bandjur dipasrahake Pilatus marang karepe wong golongan, supaja kapentanga.
  Iku akibate sengite Parisi lan djirihe Pilatus, Prajoga aku nangis saiki, amarga djirihe Pilatus uga ana ing atiku, lan sengite Parisi uga, Muga² kakalahna dening Katresnan Dalem.


REBO BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM.

No. 327. Simon wong Sirene.

  Gusti manggul salib pijambak, Bokmenawa aku wis kerep melu sembahjang dalan pamentangan. Prajoga, malah kerepa bae, supaja aku nulad Gusti, j.j. manggul salibku, netepi kuwadjibanku, merangi panggoda. Tanpa salib, manungsa ora bisa mbuktekake katresnane marang Sri Jesus. Muga² ora perlu aku dipeksa manggulake Salib Dalem, nanging kepengin manggul salib kondjuk Gusti, Panebusku.


KEMIS BAKDA NGAHAD SANGSARA DALEM

No. 328. Wong² wadon ing Jerusalem.

  Wong-wong wadon iku nangisi Gusti, ora nglipur Gusti. Wong² wadon iku susah, nanging durung ngerti tenan sebabe sangsara Dalem. Sebabe: dosane manungsa. Iku perlu ditangisi. Perlu nangisi awakku dewe, dosaku! Gusti Jesus saiki

65