Kaca:Buku Meditasi.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
lem, bandjur lunga, tanpa nindakake apa, iku kaja wong kang ora gelem apa², wong kang ora tresna tenan, wong kang mung golek kasenengane. Wong kaja ngono ora bisa tjedak karo Sri Jesus, ora bakal begdja.


DJEMUWAH BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 357 (teruse).

 Gusti Jesus ngandika: „Sing sapa ngandel lan kabaptis, bakal rahaju, nanging sing ora ngandel bakal kapatrapan paukuman”. Aku iki, warga Konggregasi, bisa gawe rahajuning wong lija, lan bisa gawe tjilakaning wong lija. Aku bisa gawe rahajuning wong lija serana mitulungi Gusti Jesus supaja kantjaku lan sedulurku uga ngandel ing Sri Jesus. Aku bisa gawe tjilakaning wong lija, serana lali marang kewadjibanku. Aku wadjib nerusake kabar kabungahan, Sri Jesus rawuh marang kantja lan sadulurku. Tuladaku uga kudu ana supaja wong lija bisa ngerti menawa aku iki wis bungah, wis tentrem, amarga aku wis ngandel marang Sri Jesus.


SAPTU BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No. 357 (teruse).

 Gusti ngandika: „Dene sing pada ngandel bakal kinanten pratanda iki: Atas Asmaku bakal nundungi setan, bakal pada guneman basa anjar; bakal pada njekeli ula, lan sanadjan ngombe wisa sing mateni ora bakal dadi gawe; wong lara bakal pada ditumpangi tangan lan bakal pada kepenak.” Iku kabeh kang dipangandikakake Gusti wis kelakon, lan saiki uga isih kelakon. Tansah ana mukdjidjad-mukdjidjad Dalem maneh, ora mung ing Lourdes. Gusti Jesus isih karsa mitulungi para murid Dalem

85