Kaca:Buku Meditasi.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
dewe, karsa mati raga, mung menggalih Sang Kristus. Amarga mung Sang Kristus kang djumeneng sumbering kabegdjan tumraping bangsa manungsa.
 Sing gelem mangrasul kaja S. Johanes Pambaptis, kudu nutjekake awake dewe disik, srana ngurbanake awake dewe, gelem sembahjang, njedaki Sri Jesus sadjroning atine dewe.


17 DESEMBER.

No. 8 (teruse). Kidungane Sakarijas maneh.

 Semune kidungan iki angel. Nanging jen diwatja alon², kanti ngudi ngerti isine lan njuwun sih supaja ngerti, bandjur terang tegese lan isine kidungan iki.
 S. Johanes diutus kanggo njawisake margi Dalem … supaja Allah Hjang Putra kang mandjalma kagungan nabi pungkasan kang wis kadjibah mulang bab S. Penebus, S. Kristus.
 S. Johanes diutus perlu paring pangerti bab karahajon marang Umat Dalem: bangsa manungsa kabeh. Aku uga bakal rahaju jen ngerti bab karahajon kang saka Sri Jesus: pangapuraning dosa, tentreming ati, katresnan lan Sih Dalem, swarga. Aku rahaju saiki, amarga dosaku diapura? Matur nuwun Gusti.


18 DESEMBER.

No. 8. (teruse). S. Johanes Pambaptis ing ara² samun.

 Wong kabeh kang ditimbali Gusti kudu seneng marang sepi - sok adoh karo manungsa. Sebab apa? Aku ditimbali Gusti dadi Katulik, warga Konggregasi. mBokmenawa bakal saja ditimbali Gusti dadi Imam, Bruder, Suster; saja raket karo

16