Kaca:Buku Meditasi.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
marang sakehing bangsa. Para Rasul, lan sing nggenteni para Rasul: Uskup², Imam-Imam, lan wong katulik kabeh didawuhi mulang-mentjarake kabar kabungahan, j.i. Indjil: Sri Jesus wis wungu, nebus manungsa, Wong akeh durung ngerti, durung bungah bungahake ?


REBO BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH.

No.357 (teruse)

  Gusti Jesus ngandila: ,,Lan pada baptisen kondjuk ing Asma Dalem Hjang Rama lan Hjang Putra sarta Hjang Roh Sutji." Wong kabeh ing salumahing djagad kudu dibaptis kaja ngono, amarga serana sakramen Baptis dosa asal ilang. Trinidji Sutji Allah Pribadi Djedjer telu, telu²ne makarja bebarengan supaja manungsa bisa diapura dosane. Allah Hjang Rama ngutus Allah Hjang Putra, lan Hjang Roh Sutji maringake Sih kasusantan. Sapa sing ora kepengin ngrewangi para Rasul, supaja wong akeh dibaptis? Apa aku, warga Konggregasi wis mitulungi Gusti? Serana memulang?


KEMIS BAKDA NGAHAD IV BAKDA PASKAH

No.357 (teruse)

  Gusti Jesus ngandila: ,,Pada wulangen ngestokake kabeh kang wis Dak wulangake marang kowe." Elinga menawa Gusti Jesus wis wungu, lan saiki dawuh marang para Rasul lan murid supaja pada nulad Sri Jesus; pada kudu mung mulangake kang wis diwulangake dening Sri Jesus. Kang diutus Sri Jesus ora kena mulang ilmune dewe. Mung piwulang Dalem Sri Jesus bisa gawe rahajuning wong. Adja llai uga: Piwulang Dalem kudu diestokake. Wong kang mung ngrungokake Piwulang

84