Kaca:Buku Meditasi.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
4 MARET.

No. 88. Omah ana ing padas.............

 Wong kang ngrungokake tembung iki, bandjur dilakoni...., iku wong kang bisa dipitaja, wong kang tresna tenan karo Sri Jesus, wong kang mbuktekake katresnane. Wong kaja ngono gawe pandemen kang djero banget kanggo uripe. Uripe, kelakuane bandjur ora adedasar tembung tok, nanging adedasar kautaman² kang dibangun mbaka setitik serana nglakoni Karsa Dalem.
 Beda banget karo wong sing ngrungoake Piwulang Dalem tanpa ngestoake. Aku keprije ?


5 MARET.

No. 89, Warase abdine Penatus.

 Weruha pengandele Penatus. Gede banget pengandele. Tur: tresna karo abdine. Mulane Gusti eram ing panggalih. Wong akeh ora ngandel. Saja akeh ora tresna. Jen pengandelku, lan katresnanku uga gede, aku uga bakal saja ditresnani Sri Jesus !
 Seneng aku? Bandjur perlu kerep meditasi supaja pengandel lan katresnanku mundak gede.


6 MARET.

No. 90. Djedjaka anake weranda ing Naim

 Gusti Jesus tansah rena nglipur wong kang susah : wis adja nangis. Gusti malah karsa nangekake djaka kang mati, supaja bijunge bungah maneh. Keprije aku, jen aku susah? Apa aku bandjur nuruti susahku, nganti aku lali marang Sri Jesus? Nganti aku meh ora gelem dilipur, amarga aku ora trima, atiku

50