Kaca:Buku Meditasi.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
MANGSA ADVEN
29 NOPEMBER.

No. 2. Purwakané S. Lukas.

Watjanen kanti premati purwakane Djuru Indjil S. Lukas. S. Lukas wis niti priksa sakabehe bab Sugeng Dalem Sri Jesus wiwit mula bukane. Bisa dipitaja banget, amarga uga kerep njuwun priksa marang Ibu Dewi Marijah pribadi. Mulane Indjile S. Lukas nerangake akeh bab Sugeng Dalem Sri Jesus nalika isih Timur. Sing priksa iki kabeh mung Ibu Dewi Marijah. Iku kabeh diwulangake supaja aku uga bisa ngerti njataning piwulange.

30 NOPEMBER.

No. 2. Sang Sabda dados manungsa.

Jen aku kepengin ngerti Sri Jesus iku sapa, aku perlu banget matja wiwitane Indjil S. Johanes iki. Kang diterangake S. Johanes ana ing kene, mung ngenani Sri Jesus Pribadi. Rak djumeneng Allah Hjang Putra utawa Allah Sang Sabda, kang mijos saka ing Allah Hjang Rama. Barang kabeh kang dititahake, dumadine dening Hjang Putra. Allah Hjang Putra iki djumeneng Uripe samubarang.

Urip iki: Hjang Putra Pribadi djumeneng pepadanging manungsa, kang urip ing pepeteng, kang ora gelem nampa pepadang iki. S. Johanes Pambaptis diutus ing Allah, supaja mulang bab pepadanging Allah Hjang Putra marang manungsa kabeh.

S. Johanes Pambaptis mung seksi. Pepadang sedjati: Allah Hjang Putra, kang ngrawuhi kagungan Dalem bangsa manungsa, aku kang kerep ora nampani Pandjenengane. Gela Gusti! Aku keprije ?

7