Kaca:Buku Meditasi.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
13 DESEMBER.


No. 6 (teruse). Magnificat maneh.

 Jen dipikir2 bab Magnificat iki, mesti saja tukul katresnanku marang Ibuku iki: Ibu Dewi Marijah.
 Kang keluwen rinoban banda; j.i. kang luwe marang keadilan, katresnan, kamurnen. Gusti allah Pribadi karsa menuhi luwene. Kang sugih, ji, kang ora butuh katresnan Dalem Allah, amarga wis umuk, mung seneng nuruti kesenengane dewe, iku mesti tinundung anglentung.
 Lumantar Ibu Dewi Marijah Gusti Allah karsa melasi bangsa Israel, kaja kang wis disaguhake Gusti marang Bapa Abraham. Lumantar Ibu Dewi Marijah bangsa kabeh diwelasi Gusti, amarga Ibu Dewi Marijah bakal mijosake Sang Penebus kanggo bangsa kabeh. Matur nuwun Ibu!


14 DESEMBER

No. 7. Mijose S. Johanes Pambaptis.

 Telung sasi Dewi Marijah ana ing daleme Elisabet, Wah bungah banget Ibu Elisabet, bisa sesrawungan telung sasi suwene karo Ibu Dewi Marijah, Ibuku. S. Johanes Pambaptis bandjur mijos.
 Lidahe Sakarijas kabuka maneh. Mukdjidjad maneh. Gusti Allah wis karsa nerangake marang manungsa menawa S. Johanes Pambaptis ditresnani banget dening Gusti Allah Pribadi, amarga bakal tjetjawis rawuh Dalem Sang Panebus, Allah Hjang Putra kang mandjalma. Wong pada mbatin sadjroning ati: bakal dadi apa botjah iki?" Gusti Allah wis priksa bakal dadi Nabi kang pungkasan, bakal dadi wong kang sutji banget, kang

14