Kaca:Buku Meditasi.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
15 PEBRUARI.


No. 65. Sabda rahaju VII.

 Rahaju kang ambek rukun. Adja lali menawa Sri Jesus Pribadi mulang! Sri Jesus kang tresna banget marang manungsa kabeh, ngarsakake menawa manungsa kabeh uga tresna-tinresnan lan rukun. Mulane wong kang ambek rukun, j.i. kang tansah kepengin rukun karo wong kabeh, patut disebut putraning Allah, sedulur Dalem Sri Jesus kang uga ambek rukun.


16 PEBRUARI

No. 65. Sabda rahaju VIII.

 Rahaju kang kakuja-kuja krana kabeneran. Gusti Jesus wis tau metja menawa wong Katulik, murid Dalem, bakal disengiti dening wong donja, amarga Sri Jesus Pribadi uga disengiti dening wong donja, nganti disedani ing kaju Salib.
 Aku iki warga Konggregasi, wis saguh ngudi dadi wong Katulik peng-pengan, dadi murid Dalem sedjati, mulane apese aku ora kena grundelan utawa mangkel jen aku dinjèk utawa disepelekake setitik dening wong kang durung ngandel ing Sri Jesus.


17 PEBRUARI

No. 66. Ujahing djagad.

 Kowe iku ujahing djagad (watjanen notese). Aku, warga Kongregasi, kudu seneng diwulangi kajá ngono dening Sri Jesus. Warga Konggregasi kudu dadi ujahing djagad tenan, ujah kang ngalang-alangi bosoking masarakat ing sakiwa-tengenku, ing sekolahan², ing asrama², ing kantor², ing perusahaan², ing

43