Kaca:Buku Meditasi.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
lija, serana nerusake Indjil, ji, kabar kabungahan: Sri Jesus rawuh, tresna, nebus! Apa aku jakin menawa aku iki diutus kaja ngono?


SELASA BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 353. (teruse).

  Sawise ngandika mangkono mau, Gusti bandjur ndangu para murid; sarta ngandika: ,,Pada tampanana Hjang Roh Sutji. Sing sapa dosane kokapura, ija kaapura, sing sapa dosane ora kokapura, ija ora kaapura”. O, Sabda Dalem Sri Jesus iki, kan gawe bungahing wong Katulik. Wiwit Gusti Jesus ngandika kaja ngono marang Imam Dalem kang sapisanan, dosane manungsa bisa diapura dening Sri Jesus lumantar Imam ing salumahing djagad, Aku bingung amarga dosaku? Aku wedi amarga dosaku? Sowana Imam! Imam iku diparingi kuwasa kang gede banget, ji. bisa nglantarake pangapura Dalem Sri Jesus. Apa aku wis tau matur nuwun terus ing ati, dene Gusti karsa jasa Sakramen Bih?


REBO BAKDA NGAHAD II BAKDA PASKAH.

No. 354 Gusti ngatingali para Rasul maneh, Rasul Thomas.

  Di-limbang² disik bab Rasul Thomas, kang babar pisan ora gelem ngandel menawa Sri. Jesus wis wungu, senadjan Rasul lan murid lijane wis ngandel, wis tentrem, wis bungah. Thomas malah wami tjelatu: Jen aku ora weruh dewe tabete paku ing astane, lan ora nglebokake dridjiku ing tabet paku, apa maneh ora nglebokake tanganku ing lambung Dalem, aku ora arep ngandel". Iku Rasul Thomas. Babar pisan ora gelem ngandel. Isih nglokro. Isih sutik ngandel. Mesakake banget Rasul Thomas iku kang isih rumangsa tjilaka banget ing satengahing

77