Kaca:Buku Meditasi.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Katresnan Dalem tansah menang, malah nganti-anti wektu sangsara, amarga sangsara lan seda Dalem bakal ngluhurake Asma Dalem Hjang Rama. Mulane Gusti karsa nandang sangsara kanggo aku. Matur nuwun, Gusti.
Allah Hjang Rama uga terus karsa paring wangsulan: Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurake maneh, j.i. Gusti Jesus bakal wungu saka seda.


16 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Wong golongan kang ana ing kono bandjur ora gelem ngandel menawa Allah Hjang Rama Pribadi ngandika. Wong kang ora gelem ngandel ing Sri Jesus, uga ora bisa dipeksa dening Sri Jesus supaja ngandel, amarga pengandel iku mardika, kudu metu saka karepe manungsa dewe. Gusti Jesus Pribadi ora mbetahaken wangsulan Dalem Hjang Rama.
Mulane Gusti Jesus ngandika: ,,Ora krana Aku swara iku dumeling, nanging krana kowe". J.i. supaja wong² mau gelem ngandel. Supaja aku uga, saja gelema ngandel.


17 OKTOBER.

No. 242. (teruse).

Gusti Jesus paring wangsulan: ,,Lumakua mumpung isih padang", j.i. Gusti Jesus isih sugeng lan mulang ing satengah-tengahing bangsa Jahudi. Mulane wong Jahudi wadjib migunakake padanging piwulang Dalem. Aku uga wis ngerti marang piwulang Dalem, wis ngandel menawa Sri Jesus sugeng ana ing atiku, tansah ana ing Sakramen Maha-Sutji, tansah tresna marang aku. Iku kabeh wis terang, padang lan tjeta kanggo aku.

153