Kaca:Buku Meditasi.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

lija kang uga ditresnani Sri Jesus. Wong kang andap-asor, kang ora ngumukake kepinterane lan keprigelane dewe, nanging kang mung migunakake kepinterane lan keprigelane kanggo srana ngabdi Gusti lan mitulungi wong lija. Wong kaja ngono bakal pada nduweni Bumi, j.i. Bumi kang didjandjekake Gusti wiwit Seda Dalem, j.i. Pirdus, Swarga.


11 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju IIL

 Rahaju kang pada nangis, j.i. wong kang keduwung tenan amarga dosane, lan kang nangisi dosane wong lija, kang susah amarga wong akeh isih terus nglakoni dosa wae, j.i. njepelekake katresnan Dalem Sri Jesus, Mitrane, Panebuse, Allahe.
 Wong kaja ngono bakal dilipur dening Sri Jesus Pribadi, kang uga, nalika Sugeng ana ing donja, muwun amarga dosaku. Aku uga bakal dilipur banget dening Sri Jesus ing Sakramen Bih, ing Kommuni Sutji, sadjroning Mis Sutji, jen aku keduwung, lan nangisi dosane wong lija.
N.B. Wiwit Rebo-awu tekan ing dina Rijaja Pantekostah kang kapindo meditasi² ora diurut-urutake miturut tanggale, nanging miturut dinaning Pasa lsp. Mulane jen wis tekan Rebo-awu, golekana meditasi Rebo-awu, bakda tanggal 6 Maret.


12 PEBRUARI.

No. 65. Sabda rahaju IV.

 Rahaju kang pada kumatjelu lan ngorong marang kabeneran, j.i. wong kang ngarep-arep banget dadi wong sutji, wong kang tjedak karo Sri Jesus, wong kang nulad Sri Jesus

41